B.jawa 7-1 2020

Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Anda di halaman 1dari 4

SMP TERPADU NURUL ISLAM SUROBAYAN

KABUPATEN PEKALONGAN
PENILAIAN AKHIR SEMESTER
TAHUN 2020/2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal :


Kelas : VII (Tujuh) Waktu : 90 menit

PETUNJUK UMUM :
- Berdoalah terlebih dahulu sebelum mengerjakan soal
- Tulislah terlebih dahulu identitasmu pada lembar jawab
- Bacalah soal dengan teliti sebelum menjawab soal
- Kerjakan terlebih dulu soal yang kamu anggap mudah
- Telitilah kembali pekerjaanmu sebelum dikumpulkan

I. Wangsulana pitaken-pitaken ing ngandhap punika kanthi maringi tandha ping (x) ing
wangsulan a, b, c, utawi d ingkang kaanggep leres!

Wacan 1 (kangge soal angka 1-5)


Longsor Banjarnegara
Ora maido, manut pranata mangsa jawa, wulan Desember iku mesti pas mangsa rendheng lan
mangsa akeh-akehe udan. Semono uga kang kedadean ing wilayah Jawa Tengah iring kidul,
cethane ing tlatah Banjarnegara sakupenge. Dina kemis, 11 Desember 2014 wiwit esuk ora ana
sunaring srengenge babar pisan. Masyarakat dhusun Jemblung, desa Sampang, Kecamatan
Karangkobar Kabupaten Banjarnegar kang mapan ana ing ereng-erenge punthuk Tlagalele sasat
ora ana kang metu saka omah. Nganti dina jemuwah esuk, kejaba srengenge durung katon
jumedhul, udane uga isih terus tumiba nelesi bantala.

1. Tembung “pranata mangsa” ing wacan ndhuwur tegese ....


a. Jumlah c. Lemah
b. Musim d. Kurang Luwih

2. Longsor ing Banjarnegara dumadi nalika ....


a. Kemis, 11 Desember 2014 c. Dina kaping sepuluh
b. Jemuwah, 12 Desember 2014 d. Jemuwah, 1 Desember 2014

3. Ana ing ngendi kedadean longsor Banjarnegara....


a. Dhusun Jemblung, desa Sampangan c. Dhusun Banjarnegara
b. Dhusun Karangkobar, desa Banjarnegara d. Dhusun Jemblung, desa Sampang

4. Manut pranata mangsa jawa, wulan Desember yaiku mangsa ....


a. Ketiga c. Rendheng
b. Woh-wohan d. Panas

5. Wacan “Lonsor Banjarnegara” kalebu jenising karangan narasi ....


a. Persuasif c. Argumentatis
b. Sugestif d. Ekspositoris

Wacan 2 (kangge soal angka 6-13)


Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesti siyang ratri

6. Tegese tembung “Prayoga” yaiku ....


a. Apike c. Sadina-Dina
b. Elek d. Srengenge

7. ” Adat waton puniku .....” Bacutane tembang ing sisih kiwa yaiku ....
a. Tata krama c. Dipun kadulu
b. Puniku d. Wong ngaurip

8. “Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip”, nduweni teges ....


a. Pelabuhane wong urip. c. Tata kramane wong urip.
b. Bab Pengabdian marang panguripan. d. Mangertine hakikate sekar pangkur.

9. Guru gatrane tembang pangkur ing ndhuwur yaiku ....


a. 10 c. 8
b. 9 d. 7
10. Guru lagune tembang pangkur ing ndhuwur yaiku .....
a. A,I,U,A,U,A,I c. A,I,U,A,U,A,A
b. A,I,U,I,U,A,I d. A,I,U,A,U,A,U

11. Guru wilangane tembang pangkur ing ndhuwur yaiku .....


a. 8, 12, 8, 7, 12, 8, 8 c. 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
b. 8, 12, 8, 7, 12, 8, 7 d. 8, 11, 8, 7, 12, 8, 7

12. Sing ora kalebu isine tembang pangkur ing ndhuwur yaiku ....
a. Wewarah kang kaemot ing tembang pangkur.
b. Pelabuhane wong urip.
c. Pengabdian marang panguripan.
d. Bab tumindak ala lan becik kudu dimangerteni.

13. Pituture/ amanat sing trep ing tembang pangkur ing ndhuwur yaiku ....
a. Saben dina aja padha nglalekake tata krama.
b. Manungsa kang nglalekake nalar.
c. Tindak tanduk iku bisa dingingeti lumantar carane mlaku lan lungguh.
d. Alaning liyan den andhar.

Wacan 3 (Kanggo soal angka 14 – 18!)


Dumadine Kutha Pekalongan
Kumpeni Walanda kang cumondhok ing Batavia ndadosaken gesanging rakyat rumaos
katindhes. Awit saking menika Sultan Agung Hanyakrakusuma mbikak pendadaran prajurit enggal
kangge nambahi kakiyatan supados saged mbirat penjajah kumpeni Walanda saking bumi
nuswantara.
Jaka Bahu saking padhepokan Kesesi tumut pendadaran prajurit ing Mataram. Kanthi donga
pangestu saking tiyang sepuhipun, Ki Ageng Cempaluk dalah Nyai Gendari, Jaka Bahu bidhal
dhateng praja Mataram. Sowanipun Jaka Bahu ngepasi wonten prekawis ingkang dipun damel
Weling Kuning kanthi mbendhung lepen Kedhung Segawok saengga njalari banjir ing tlatah
sakiwa tengenipun. Kanjeng Sultan kersa nampi sowanipun Jaka Bahu kanthi syarat Jaka Bahu
saged numpes Weling Kuning sakadangipun.
Saking pitulunganipun Rara Miranti, rayinipun Weling Kuning, pusaka pedhang Suwedhang
piandelipun Weling Kuning saged kapendhet dening Jaka Bahu. Kanthi pedang wau, Weling
Kuning sakadangipun saged dipun tumpes, bathange akeh pating ngglethak . Papan punika
samangke dipun wastani Batang.
Jaka Bahu saged unggul ing jurit, lajeng kawisuda dados lurahing tamtama ing Mataram.
Jaka Bahu kapringan jejibahan mboyong Rantamsari saking desa Kali Salak minangka selir raja.
Nalika Jaka Bahu pepanggihan kaliyan Rantamsari, kekalihipun nandhang asmara. Jaka Bahu
lajeng ngapusi lan goroh, ingkang dipun sowanaken dhateng Sultan Agung Hanyakrakusuma
inggih menika Endang Waryati saking dhusun Kalibeluk. Minangka ukumanipun, Jaka Bahu kedah
mbabad wana Gambiran ingkang kebak kewan galak sarta jim peri prayangan kanthi tapa ngalong
lan pambiyantunipun Ki Ageng Cempaluk, Jaka Bahu saged mbabad wana Gambiran. Dening
Sultan Mataram, wana Gambiran kawastanan Pekalongan.

14. Tegese tembung “gesanging” ing cerita ndhuwur yaiku ....


a. Payahe c. Matine
b. Uripe d. Tentreme

15. Pratelan kang cocog kari isine pada/paragraf 4 yaiku ....


a. Jaka Bahu kaparingan jejibahan supaya mboyong Endang Wuryanti minangka selir raja.
b. Jaka Bahu nandhang asmara marang Rantamsari.
c. Jaka Bahu pikantuk bebana/ hadiyah arupa alas Gambiran.
d. Jaka Bahu ora wani goroh/ ngapusi marang sang raja.

16. Sapa bae para paraga kang ana ing cerita rakyat ing ndhuwur ....
a. Sultan Agung Hanyakrakusuma, Ki Ageng Cempaluk,Nyai Gendari, Endang Waryati, Rara
Miranti, Weling Kuning, Rantamsari.
b. Sultan Agung Hanyakrakusuma, Jaka Bau, Ki Ageng Cempaluk,Nyai Gendari, Rara Miranti,
Weling Kuning, Rantamsari.
c. Sultan Agung Hanyakrakusuma, Jaka Bau, Ki Ageng Cempaluk,Nyai Gendari, Endang
Waryati, Rara Miranti, Weling Kuning, Rantamsari.
d. Sultan Agung Hanyakrakusuma, Jaka Bau, Ki Ageng Cempaluk, Endang Waryati, Rara
Miranti, Weling Kuning, Rantamsari.

17. Ing ngisor iki kang kalebu watake Rara Miranti yaiku ....
a. Gampang seneng wong . c. Seneng tetulung marang kabecikan.
b. Seneng goroh marang wong. d. Wedinan dadi wong.

18. Ana ing ngendi Jaka Bau tumut pandadaran dadi prajurit ....
a. Wana Gambiran c. Padhepokan Kesesi
b. Mataram d. Dhusun Kalibeluk

19. Apa kang diarani cerita legenda ....


a. Dongeng kang nyeritakake babagan alaming kewan-kewan.
b. Dongeng ngenani alaming lelembut/ alam ghaib.
c. Dongeng kang nyeritakake kepahlawaning manungsa.
d. Dongeng kang gegayutan karo dumadine sawijining panggonan.

20. Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur-unsur ing sajroning cerita rakyat yaiku ...
a. Tema c. Latar
b. Alur d. Judul
II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis!

1. Sekar pangkur kang winarna


lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton puniku dipunkadulu
miwah ingkang tata krama
den kaesthi siyang ratri

Sebutna guru wilangan lan guru lagu tembang ing dhuwur!

2. “Gunung Kelud Njeblug Maneh”


Nalika surya kaping 13 Pebruari 2014, Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping
190. Gempa vulkanik mau luwih dahsyat maneh nalika jam 12.00 nganti 18.00 nganti ping
442. Nalika jam sanga bengi luwih lima las menit, status Gunung Kelud saka siaga dadi awas,
mula ing tlatah iki warga banjur padha ngungsi . kurang luwih lima km saka kawah kelud wis
disterilke saka kegiyatan manungsa. Kurang luwih jam 10 bengi, kegiyatan manungsa
diendheg utawa disterilke kang maune radhius lima km, saiki dadi radhius 10 km. iku kabeh
kanggo keamanan amarga Gunung Kelud wis ngetokake lahar panas lan awu vulkanik.
Gawea pitakonan kanthi nggunakake tembung kapan adhedhasar wacan ing dhuwur!

3. Nalika bapak … saking saben, simbah nembe wae … sekul, dene Ibu … peken … sayuran
kaliyan ulam sawung.
Jangkepana ukara ing dhuwur kanthi nggunakake unggah-ungguh basa Jawa kang trep!

4. Sebutna wujud sandhangan wyanjana lan tuladhane!


5. Owahana ukara ing ngisor iki dadi aksara jawa!
Jaka Bau dadi prajurit Mataram.

Anda mungkin juga menyukai