Mangsa Pacoban

Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Anda di halaman 1dari 1

MANGSA PACOBAN

Dening Widyo Babahe Leksono

Iki jaman, jamane tambah saya ora


karuwan, critane simbah, rikala jamane,
ya ora karuwan,
ngendikane simbah, urip kuwi pancen kebak
pacoban. “nggih leres mbah, saniki
kathah tiyang ingkang pacebukan,
kathah ingkang kapusan,
klendran lali sakabehe
kuwajiban.”

Iki jaman, jamane tambah saya ora


karuwan, padha nglali tatanan,
ninggalke paugeran, tibane padha
regejegan
ngaku bener, nyalahke liyan,
sing kliru digugu, sing bener kateter
tatanan lan paugeran mung kanggo
tenger lan dolanan).

Iki jaman, jamane tambah saya ora


karuwan Simbah isih ngeyel, iki
jamane pacoban, kudu diadhepi
kanthi teteging ati,
kudu dilakoni kanthi laku sing premati.
(pancen bener simbah, Permadi ya
Janaka, suka laku pasa lan tapa,
entuk-entukane mboyong putri lan wanita).

“Pancen bocah saiki, angel dituturi…”

Semarang, 20 September 2012

Anda mungkin juga menyukai