Eling

Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Anda di halaman 1dari 4

Eling - Eling Gending Banyumasan

Sabdane sang guru gathekena


Yen manungsa urip ing ngalam dunya
Begjane begjane sing sabar narima
2X
Mula kudu eling lan waspada

Eling eling
Sanak lawas ketemu maning
Kelingana kelingana
Wong urip ning ngalam dunya

Man eman ... eman


Man eman ngelingana
Ngetan balik ngulon
Apa setyane kelakon

Janur gunung
Sakulon Banjar Patoman
Kadingaren wong bagus
Gasik tekane

Rama ... rama


Tinggal rama melu sapa
Nandur jahe nang galengan
Nyambut gawe bebarengan

Wakul kayu
Cepone wadah pengaron
Kapan kapanane
Ketemu pada dewekan
Gones ... gones
Gandes luwes sasolahe
Kapanane
Ketemu pada dewekan

Lisus kali
Kedung jero banyu mili
Meneng soten
Atine bolar baleran

Man eman ... eman


Man eman meneng soten
Meneng soten
Atine bolar baleran

Para kanca apa pada ngerti


Anu apa wohe aren kuwe apa
Uwis ngerti kuwe mangku teges
Sing keprimen supaya kon pada eling

Eling maring tembung tetelu


Tegese sepisan tata krama
Pindo kuwe temen kaping telu
Kuwe tepa slira dadi siswa sing utama

Waru putra
Tandurane wong Ngastina
Angel angel temen
Ngawula dudu desane
Rama ... rama
Tinggal rama melu sapa
Mikul suket di enthul enthul
Senenge banget ora bisa kumpul

Cangkir gading
Beluluk tibane miring
Wis kesanding
Di tinggal nggoleti maning

Rama ... rama


Man eman wis kesanding
Wis kesanding
Di tinggal nggoleti maning

Turirawa
Kulintang kembang guyanti
Kurandhangan
Nggoleti sing eman maning

Man eman ... eman


Man eman kurandhangan
Kurandhangan
Nggoleti sing eman maning

Sayur pace
Lembayung pait rasane
Kalah wudu
Wong ngalah nggo tambal butuh
Rama ... rama
Tinggal rama melu sapa
Nyangking ember kiwo tengen
Njagong jejer nggo tamba kangen

Jambe ndawe
Di sigar para selawe
Amung siji
Sing dadi pilihan ati

Gones ... nenes


Gandes luwes sasolahe
Amung siji
Sing dadi pilihan ati

Sabdane sang guru gathekena


Yen manungsa urip ing ngalam dunya
Begjane begjane sing sabar narima
2X
Mula kudu eling lan waspada

Anda mungkin juga menyukai