Soal Bader

Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Anda di halaman 1dari 4

Olah Kelantipan Siswa

I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih jawaban A, B,C,D utawa E
kang kanggep paling bener!
1. Perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit
tumuju crita sabanjure, ing struktur teks drama diarani ....
A. Pungkasaning crita
B. Owahing crita
C. Jejer
D. Pasulayan
E. Pangudhare prakara
2. Perangan dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para paraga, ing struktur teks
drama diarani ....
A. Jejer
B. Pasulayan
C. Pungkasaning crita
D. Owahing crita
E. Pangudhare prakara
3. Ludruk, kethoprak, wayang, kalebu drama ....
A. Komedi
B. Tragedi
C. Klasik
D. Modern
E. Tradhisional
4. Sutradara iku sing gaweane
A. Nulis naskah drama
B. Meranake sawijining tokoh
C. Mimpin lakune drama
D. Maragakake tokoh antagonis
E. Maragakake tokoh protagonis
5. Perangan pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah, ing struktur teks drama
diarani ....
A. Jejer
B. Pasulayan
C. Pungkasaning crita
D. Owahing crita
E. Pangudhare prakara
6. Ukara-ukara ing ngisor iki kang luput panulisane yaiku ....
A. Ngendi-endi akeh wong dodolan.
B. Hawane adhem banget.
C. Aku manthuk, ethok-ethok ngerti karepe.
D. Aku gedheg-gedheg ora ngerti apa karepe.
E. Aku dadi deg-degan ra karuwan.
7. Teknik ngrakit teks drama kanthi ngowahi wujud karya gancaran menyang wujud
pacelathon, diarani ....
A. Langsung
B. Transformasi
C. Transliterasi
D. Njarwakake
E. Terjemahan
8. Ing ngisor iki kalebu jenise nilai moral kang ana ing teks drama, kajaba ....
A. Moral marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
B. Moral marang sapadha-padhane manungsa.
C. Moral marang dhiri pribadi.
D. Moral marang alam lingkungan.
E. Moral mamarang kang ora katon.
9. Aku mindher karokanca-kanca kang nduwe bakat macem-macem. Ukara kasebut
kadunungan tembung rangkep ....
A. Dwdilingga salin swara
B. Dwilingga wantah
C. Dwilingga semu
D. Dwipurwa
E. Dwiwasana
10. Eyang wis turu wiwit sore, sajake kesel banget. Ukara kasebut manawa diowahi dadi
basa krama alus yaiku ....
A. Eyang wis sare wiwit sore, sajake sayah banget
B. Eyang wis tilem wiwit sore, sajake sayah banget
C. Eyang sampun sare wiwit sonten, ketingalipun kesel sanget
D. Eyang sampun sare wiwit sonten, ketingalipun sayah banget
E. Eyang sampun tilem wiwit sonten, ketingalipun sayah banget
11. Panitia pagelaran drama kang tugase nyathet bab-bab wigati kang ana sesambungane
karo pagelaran drama, yaiku ....
A. Ketua
B. Sekretaris
C. Bendhahara
D. Sutradara
E. Operator
12. Panitia pagelaran drama kang nduweni tugas ngrekam lan njupuk gambar pagelaran
kanggo dokumentasi, yaiku ....
A. Operator
B. Sie kostum
C. Sie dokumentasi
D. Sie Make-up
E. Sie dekorasi
13. Tugase sutradara ing pagelaran drama yaiku ....
A. Tanggung jawab marang sakabehe panitia pagelaran.
B. Ngatur lumakune pagelaran wiwit gladhen nganti rampung.
C. Ngoperasekake samubarang kang ana sesambungane karo pagelaran.
D. Mbiyantu ketua kanggo ngoordinir pagelaran.
E. Nyawisake setting (panggung) kanggo pagelaran.
14. Ngatur sakabehe prabeya kanggo pagelaran drama, ing panitia pamentasan drama iku
tugase ....
A. Ketua
B. Sekretaris
C. Bendahara
D. Sutradara
E. Operator
15. Kang dadi juru paes kanggo sakabehe paraga ing panitia pagelaran drama yaiku ....
A. Sie kostum
B. Sie Make-up
C. Sie Dekorasi
D. Tata Dokumentasi
E. Operator
16. Wakil ketua ing panitia pagelaran drama, tugase ....
A. Ngatur lumakune pagelaran
B. Ngewangi sutradara kanggo ngoordinir paraga.
C. Tanggung jawab marang sakabehe panitia pagelaran.
D. Mbiyantu ketua kanggo ngordinir pagelaran.
E. Nyathet bab-bab wigati kang ana sesambungane karo pagelaran drama.
17. Bab-bab kang perlu kawigaten nalika menttasake teks drama kaya kang kasebut ing
ngisor iki, kajaba ....
A. Paraga kudu bisa ngatur swara supaya antawacanane bisa keprungu kanthi cetha
dening pamiyarsa.
B. Paraga kudu bisa mitontonake polatan klasarasake miturut wewatakane jumbuh
karo panjaluke teks drama.
C. Sakabehe pola tingkahe paraga kudu mujudake obah mosik kang kaseja.
D. Polah tingkahe paraga kudu laras, imbang lan wajar kaya panjaluke naskah.
E. Paraga kudu ngatonake polatan kang sombong lan galak.
18. Mbah, mengko yen arep mulih ben diterke Mas Budi. Ukara kasebut menawa diowahi
dadi basa krama laus yaiku ....
A. Mbah, mengko yen arep kondur ben didherekake Mas Budi
B. Mbah, mengke menawi badhe kondur kersanipun dipundherekaken Mas Budi
C. Mbah, mengko yen arep mantuk ben didherekake Mas Budi
D. Mbah, mengke menawi badhe wangsul kersane didherekake Mas Budi
19. Bapak ora seneng mangan sega sing isih panas. Ukara kasebut manawa diowahi dadi
basa krama alus yaiku ....
A. Bapak mboten purun dhahar sekul ingkang taksih panas.
B. Bapak mboten kersa dhahar sekul ingkang taksih benter.
C. Bapak mboten bungah dhahar sekul ingkang taksih panas.
D. Bapak mboten remen dhahar sekul ingkang taksih benter.
E. Bapak mboten remen dhahar sekul ingkang taksih panas.
20. Tembung kang kacithak miring ing ngisor iki kang bener panulisane yaiku ....
A. Dhedhege gede dhuwur
B. Adine wis bisa ngadheg
C. Aku manthuk tanda setuju
D. Esuk-esuk sarapan getuk
E. Deweke mlayu amarga kewedhen
21. Tembung kang kacithak mring ing ngisor iki kang luput panulisane yaiku ....
A. Aku lagi butuh dhuwit.
B. Bocah kuwi kerep dijewer lan ditendang
C. Aja seneng tukar padu karo kanca
D. Wis padhang Nduk, ndang tangi
E. Kula dipundhawuhi bapak supados langkung sregep sinau
22. Ukara ing ngisor iki kadunungan tembung rangkep dwilingga semu, yaiku ....
A. Kawit mau kok mlebu metu ngomah wae, jane arep na ngendi ta?
B. Amarga bingung, aku mung wira-wiri wiwit mau
C. Kolang-kalinge sekilo regane pira?
D. Wong kok gaweane mung mongan-mengen wae!
E. Bola-bali dikandhani panggah ora digape!
23. Saben esuk aku mlaku-malku ngubengi desa. Ukara kasebut kadunungan tembung
rangkep ....
A. Dwilingga wantah
B. Dwilingga salin swara
C. Dwilingga semu
D. Dwipurwa
E. Dwiwasana
24. Ibu .... jajanan kathah saking peken. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara
kasebut yaiku ....
A. Mbeta
B. Tumbas
C. Mundhut
D. Tuku
E. Nggawa
25. Perangan naskah drama kang lumrahe isi dudutan crita, kadhang kala ditambahi
weling lan atur panuwun diarani ....
A. Prolog
B. Dialog
C. Nalog
D. Monolog
E. Epilog

Anda mungkin juga menyukai