Naskah Ketoprak Rembulan Wungu

Unduh sebagai doc, pdf, atau txt
Unduh sebagai doc, pdf, atau txt
Anda di halaman 1dari 33

1 Rembulan Wungu

Naskah kethoprak:
REMBULAN WUNGU
Tulisan Bondan Nusantara

Karakter Para Paraga:


01.PRABU AMANGKURAT AGUNG:
Ratu Mataram, umur kurang luwih 40 taun, wibawa, pinter nanging darbe kongas. Ora
gelem nampa panemune liyan, kumawasa.
02.PNG PEKIK
Parampara mataram, garwane Kanjeng Ratu Wadan (Bapa Pamane ipe Amangkurat
Agung) umur kurang luwih 60 taun. Wibawa, kendel, pinter.
03.RATU WANDAN
Bibi dalem Amangkurat Agung, umur kurang luwih 50 taun, wicaksana, pinter, setya lan
kenceng ing panemu.
04. ADIPATI ANOM TEJANINGRAT
Putra dalem Amangkurat Agung, umur 20 taun, bagus, alus, nanging miyur atine.
05.BEI WIRAREJA
Abdidalem Mataram, umur 45 taun, setya marang Ratu, tresna marang bojo nanging tansah
kalah lan ngalah karo bojone (Nyai Wirareja).
06.NYI WIRAREJA
Abdidalem Mataram, pinter, trampil wicara, tegas.
07.RARA HOYI
Prawan Banyuwangi, ayu rupane, umur kurang luwih 18 taun. Nalika ana ndesa srogal-
srogol, kendel, bareng neng Mataram dadi alus solah bawane.
08.KI MANGUNJAYA
Bapakne Rara Hoyi, umur 40 taun, setya lan wedi marang Ratu. Ringkih atine.
09.NYI WIRAREJA
Bojone Ki Wirareja, umur kurang luwih 30 taunan, prasaja nanging pinter.
10.TMG WIRANALA
Utusan Mataram, prajurit, umur 26 taun kersa wateke, tegas.
11.TMG WIRAKERTI
Prajurit Mataram, umur 26 taun, tegas nanging ora keras.
12. GALENGSONG SAKANCA
Kendel, pinter, senapati pilih tanding.
13.SINDUREKA
Patih Mataram, umur 50 taun, setya

Cathetan:
Naskah iki sengaja ditulis ora nganggo pathokan panulise basa Jwa sing bener lan apik,
nanging manut pakecapane cikben nggampangake para paraga anggone ngucapake
tembung lan ukara kaya dene ”unine.”
2 Rembulan Wungu

BABAK : I KRATON MATARAM


Paraga : Pt. Sindureja, Png. Pekik, Ratu Wandan, Wirakerti, Wiranala,
Amangkurat Agung, Patih Sindureja, Png Tejaningrat.
Katrangan : Pt Sindureja lan para nayaka lampah dhodhok, sowan. Pangeran
Pekik lan Ratu Wandan dhateng, lenggah kursi.
Gendhing : Gagah – rep.

01.PNG PEKIK
(nyembah) Lepat nyuwun sih pangapunten ndalem, Kangjeng Ratu.

02.RATU WANDAN
Kangmas Pengeran Pekik, kadospundi.

03. PNG PEKIK


Rehne para ingkang katimbalan sampun sowan, menapa wonten kepareng
ndalem paring lilah Sindureja caos pelapuran dhateng kula.

04.RATU WANDAN
Sumangga, Kangmas.

05.PNG PEKIK
Sindureja.

06.SINDUREJA
(nyembah) Punapi, Njeng Pengeran.

07.PNG PEKIK
Minangka pangarsaning para Abdidalem Metaram, pekenira wis kaparingan lilah
caos pelapuran marang manira.

08.SINDUREJA
(nyembah- manteb) Nggeeh, sendika! … (ngingset lungguhe) Ngestokake dhawuh
dalem Kanjeng Ratu Wandan lumantar pekenira, ….. dinten puniki, para
Pengeran, Pengeran Sentana, Bopati Nayaka saha Tumenggung, noninjih
sampun sami seba wenten pendhapa agung Kerta puniki.

09.PNG PEKIK
(wibawa) Nggeeh, manira nedha nrima, Sindureja. … (marang RT Wandan -
nyembah) Rehne sedaya sampun sami sumekta, kula namung kantun sumangga,
Kanjeng Ratu.

10.RATU WANDAN
(wibawa) Matur sembah nuwun Kangmas. (marang kang padha sowan) Sindureja,
Wiranala, Wirakerti lan kabeh kang padha sowan.

11.SADAYA
(nyembah – manteb) Kula!
3 Rembulan Wungu

12.RATU WANDAN
Rehne wis ora ana meneh perkara liya sing kudu dirembug, dhawuh timbalanku
marang sliramu kabeh, adicara jumenengan ndak keparengake diwiwiti.

13.SADAYA
(nyembah - manteb) Sendika!

14.RATU WANDAN
(marang Png Pekik) Mangga Kangmas, kula sumanggakaken.

15.PNG PEKIK
(manteb) Sendika! (jumeneng) Sindureja, mangsa borong sliramu.

16. SINDUREJA
(nyembah – mantep) Sendika! (nyembah – ngadeg ing pojok madhep penonton -
wibawa) Para ingkang padha sowan kabeh wae.

17.SADAYA
(manteb) Kula!

18.SINDUREJA
(wibawa) Adhedhasar unjuk rembuge Hastha Nayaka, kadang Sentana lan para
Pengeran, dina iki, aku, iya badal wakil dalem kanjeng Sultan Agung
Hanyakrakusuma sarta para Parampara Metaram, byawara marang para kang
padha sowan kabeh! ………………(wibawa) Sepisan, wiwit dina Respati manis iki,
Raden Mas Jibus, iya Kanjeng Pengeran Adipati Anom Arya Metaram, putra dalem
Kanjeng Sultan Agung ingkang angka sepuluh, resmi jumeneng Nata jejuluk,
Kanjeng Susuhunan Ingalaga, iya Kanjeng Sunan Prabu Amangkurat Agung ing
Metaram!…….(wibawa) Kapindhone, Kanjeng Sunan Prabu Amangkurat Agung,
kepareng amisudha putra dalem Kanjeng Pengeran Tejaningrat minangka
Pangeran Adipati Anom! Sapa kang ora sarujuk marang byawara iki bakal adu
arep karo Kanjeng Pangeran Pekik sarta para senapati Metaram liyane!

 Gamelan kaprungu. Ingkang Sinuwun rawuh.

19.AMANGKURAT
(lenggah dhampar - wibawa) Tejaningrat.

20.ADIPATI ANOM
(nyembah) Kula, Sinuwun.

21.AMANGKURAT
Wiwit dina iki sira resmi meningka Pengeran Adipati Anom Metaram.

22.ADIPATI ANOM
(nyembah) Sembah nuwun, Sinuwun.
4 Rembulan Wungu

23.AMANGKURAT
(marang Patih) Sindureja.

24. SINDUREJA
(nyembah) Kula, Sinuwun.

25.AMANGKURAT
(wibawa) Sira ingsun keparengake matur.

26.SINDUREJA
(nyembah) Sendika! …. (manteb) Ngestokaken dhawuh dalem, damel rancangan
pambanguning kedhaton anyar ing Plered saha Bendungan Segarayasa noninjih,
sampun kula estokake. Semanten ugi kathahing wragad ingkang Sampeyan
Ndalem betahaken, Sinuwun.

27. AMANGKURAT
Yoh, ingsun nedha nrima Sindureja. Awit, ingsun pancen ngersakake kraton
Metaram kang mapan ana ing Kerta iki dipindhah menyang Plered. Uga nambak
kali Opak kanggo gawe bendungan Segarayasa.

28.SINDUREJA
(nyembah) Kasinggihan Sinuwun.

29.RATU WANDAN
(nyembah) Kepareng monjuk, Sinuwun.

30.AMANGKURAT
Kadospundi Bibi Ratu.

31.RATU WANDAN
Pemanggih kula, kersa dalem yasa kedhaton anyar saha bendungan menika
prayogi dipun penggalih panjang. Jalaran ingkang kula ngertos, para kawula
dalem ing Metaram saweg sami rekaos gesangipun.

32.AMANGKURAT
Kok ngaten Bibi?

33.RATU WANDAN
Pemanggih kula mila mekaten, Sinuwun. Awit, mbotena kula monjuk, Sampeyan
Ndalem temtu priksa. Sak sampunipun Bapak Dalem Kanjeng Sultan Agung
Hanyakrakesuma ngetabaken wadyabala nundhung Kumpeni saking Njakarta,
Metaram ketelasan tiyang. Sabin tuwin pategalan sami njembrung jalaran
mboten wonten ing nanemi.

34.PNG PEKIK
(nyembah) Kanjeng Ratu leres. Metaram sakmangke mboten namung ringkih.
Nanging ugi saweg ketaman paceklik. Para kawula dalem sami kirang tedha saha
kecalan panggesanganipun…. Lha menawi sakmangke Sampeyan Ndalem dhawuhi
5 Rembulan Wungu

yasa kedhaton – damel bendungan, lajeng mbenjing menapa anggenipun sami


badhe nanem pantun, Sinuwun.

35.AMANGKURAT
(sinis) Paman Pekik.

36.PNG PEKIK
(nyembah) Kula, Sinuwun.

37.AMANGKURAT
(keminter) Kula kandhani nggih Man. Kula ajeng yasa kedhaton anyar onten
Plered niku merga duwe penggayuh. Penggayuh kula, punjering peprentahan
cedhak kalih Kali Opak! Pamrihe, para among dagang seka mancanegara luwih
gampang olehe sesambungan kalih Metaram!.... Lha nek laku dagang niku lancar,
sing ajeng kepenak sinten? (kemaki) Kawula Metaram, Man! ….Kejaba niku nggih
Man, kula dhawuh gawe bendungan niku merga kula mikir butuhe kawula! Nek
bendungan niku maujud, kawula sing padha among tani gampang olehe entuk
banyu kanggo ngileni sawahe! … Cetha?

38.PNG PEKIK
(nyembah) Kula ngertos, Sinuwun. Nanging menapa injih, kawula ingkang saweg
rekaos gesangipun - kepara sami kirang tedha menika - kuwawa nyambut damel
mbangun bendungan. Menapa malih yasa kedhaton anyar wonten Plered
Sinuwun.

39.AMANGKURAT
(kesenggol atine) Paman Pekik! ... Sampeyan ampun minteri kula! Senajan kula
luwih enom timbang sampeyan, ning Ratune niku kula, Man!

40.PNG PEKIK
(nyembah) Kula ngertos, Sinuwun.

41.AMANGKURAT
(nyaut – kemaki) Nek Ratune kula,... sampeyan manut kula! Karo malih nggih
Man, senajan jejer sampeyan niku Pengeran Sentana, ning olehe dadi piyayi rak
merga diparingi triman Bibi Ratu Wandan dening Bapak Ingkang Sinuwun. Nek
sampeyan mboten nampa triman Bibi Ratu, napa klakon sampeyan dadi bapa
paman kula lan maratuwa kula? (nylekit) Mboten Man!.... Mboten klakon!

42.RATU WANDAN
(nyembah) Lepat nyuwun sih pangapunten ndalem, Sinuwun. Ngendika dalem
dhateng Kangmas Pekik menika nama keladuk. Awit, ….. (durung rampung)

43.AMANGKURAT
(medhot gunem) Pun, pun pun!.... Empun! Bibi mboten kenging tumut-tumut!
Menika perkawis kula kaliyan Paman Pekik! …. (marang Sindureja) Sindureja.

44.SINDUREJA
(nyembah) Kula.
6 Rembulan Wungu

45.AMANGKURAT
(wibawa) Wiwit sesuk, para kawula didhawuhi nyambutgawe yasa kedhaton lan
bendungan! Sapa sing wani mbadal dhawuhingsun kudu diukum pati! Dene yen
ana nayaka sing ora sarujuk, enggal dibanda lan dipepe neng ngalun-alun
Metaram!

46.SINDUREJA
(nyembah) Sendika.

47.AMANGKURAT
Dene sira, Wiranala lan Wirakerti.

48.WIRANALA & WIRAKERTI


(nyembah – manteb) Kula Sinuwun!

49.AMANGKURAT
Kaya rembugingsun wingi, sak-bubare pisowanan sira ingsun keparengake
lumawat menyang Mbanyuwangi, sakperlu nindakke dhawuh timbalaningsun.

50.WIRANALA & WIRAKERTI


(nyembah – mantep) Sendika!

 Gamelan Kaprungu. Tmg Alap-alap sowan.

52.ALAP-ALAP
(saka kadohan) Kula ingkang sowan, Sinuwun!

 Tmg Alap-alap sila – nyembah. Manteb ature

53.ALAP-ALAP
(nyembah) Nyuwun pangapuntene pekenira. Manira wani miyak para ingkang
sami seba wenten pendapi puniki, Ki Patih.

54.SINDUREJA
Wenten wigati punapi dene penekenira sowan tanpa katimbalan Alap-alap.

55.ALAP-ALAP
Yen wenten keparenge pekenira, manira badhe monjuk piyambak wenten
ngarsane Ingkang Sinuwun.

56.AMANGKURAT
(nyaut rembug) Sira arep matur apa Alap-alap?

57.ALAP-ALAP
(nyembah) Lepat nyuwun nyih pangapunten ndalem. Abdidalem komawani miyak
para ingkang sami seba jalaran badhe nyaoskaken seratipun Lurah Demung
7 Rembulan Wungu

Wanapati. Miturut utusanipun Ki Lurah, serat menika sak kelangkung wigatos


tumrap sampeyan ndalem. Mila, kula namung saged matur sumangga.

58.AMANGKURAT
Yen ngono, mara age aturna marang ingsun.

59.ALAP-ALAP
Sendika.

 Tmg Alap-alap maju. Ngaturake layang.


 Amangkurat maca. Nnembang.

60.AMANGKURAT
(Pocung) Atur ulun. …..Mring Sang Prabu ing matarum. ….Ndadosna pamriksa
Ing Ndemung mengsah ngejegi. …..Para Kraeng king Makasar asalira. (marang
Panji Karsula) Karsula.

61.PANJI KARSULA
(nyembah – manteb) Dhawuh dalem Sinuwun.

62.AMANGKURAT
(mantep) Alas Demung dijegi para kraman seka Mekasar sing dipandhegani
dening Kraeng Galengsong. Mula dhawuhingsun marang sira, ketabnya wadyabala
Metaram, rangketen Kraeng Galengsong sak kancane.

63.PANJI KARSULA
(nyembah – manteb) Sendika!

64.AMANGKURAT
Sindureja. Pisowanan wis ingsun anggep cukup. Borong bodhole para kang padha
seba.

65.SINDUREJA
(nyembah - manteb) Sendika. (nyembah) Sendika! Ca, … dhawuh dalem
pisowanan sampun rampung! Pekenira kabeh, dikeparengake madal pasilan!

66.SADAYA
Ngeeeeh……, sendika!

 Gamelan kaprungu. Amangkurat lunga. Kabeh nututi.


 Babak I rampung.
8 Rembulan Wungu

BABAK : II OMAH DESA


Paraga : Abdi Kademangan (dhagelan),Ki Mangunjaya, Tmg Wirakerti,
Tmg Wiranala, Rara Hoyi lan Nyi Mangunjaya
Katrangan : Yen ana bisa nganggo dhagelan dhisik, gojeg sawatara ketekan Nyi
Mangunjaya, nesu marang abdi lan dhawuh supaya para abdi ngresiki
papan iku lan nyepakke wedang merga Banyuwangi ana tamu. Abdi
sumingkir bali nggawa wedang diselehake. Nyi Mangunjaya lunga.
Ki Mangunjaya, Wiranala lan Wirakerti teka, lungguh, omong-omongan
karo wedangan.

01.MANGUNJAYA
(gembira) Mangga mangga, lenggahipun dipun agem sekeca kemawon.

02.WIRANALA & WIRAKERTI


(gembira) Enggih, Kang.

03.MANGUNJAYA
(gembira) Nyuwun pangapunten,…. wonten ndhusun Dhi. Papanipun reged tur
mboten mitayani.

04.WIRANALA
(ngguyu) Omah kula rika nggih padha mawon, Kang!

05.WIRAKERTI
(ngguyu) Metaram kalih Mbanyuwangi niku pun mboten onten bedane, Kang.

06.MANGUNJAYA
(sareh) Ning anu Dhi. Kula kepeksa badhe nyuwun priksa. …… Wonten wigatos
menapa dene Adhi Tumenggung kekalih rawuh wonten nggriya kula. Mangka
tanpa kabar langkung rumiyin. (ngingset lingguhe) Wonten menapa ta Dhi?

07.WIRAKERTI
(dhehem) Anu, Kang. Kula tak matur blaka mawon. Nek sejatine, sowan kula
niki diutus dening Ingkang Sinuwun.

08.MANGUNJAYA
(nyaut) Ingkang Sinuwun Prabu Amangkurat Agung?

09.WIRAKERTI
Enggih! (ngingset lingguhe) Dene wigatine,….. Ingkang Sinuwun dhawuh kula,
mboyong anak sampeyan.

10.MANGUNJAYA
(rada kaget ) Anak kula Rara Hoyi?

11.WIRANALA
9 Rembulan Wungu

(manteb) Enggih Kang! Anak sampeyan Hoyi niku rak ajeng dipundhut selir. Kula
kalih Kakang Wirakerti didhawuhi mriki, …… mboyong anak sampeyan!

12.MANGUNJAYA
(ribet) Mangke rumiyin ta. …… Manah kula kok lajeng dados bingung mireng
ngendikanipun Adhi Wiranala. Kula sak estu mboten ngertos, menapa sebabipun
dene Ingkang Sinuwun kagungan kersa mundhut selir anak kula.

13.WIRANALA
(manteb) Sebabe, Ngersa Dalem rak entas kagol penggalihe. Jalaran anggone
mundhut selir Nyai Panjang Mas mboten kelakon! Wong sing ajeng dipundhut
selir nganyut tuwuh! … Mula Ingkang Sinuwun utusan kula mboyong anak
sampeyan, merga anak sampeyan memper Nyai Panjang Mas!

14.MANGUNJAYA
Ingkang criyos sinten Dhi?

15.WIRAKERTI
(manteb – nyaut) Ha enggih sinten malih nek dede pendhuwur sampeyan Kanjeng
Pengeran Pekik. Malah miturut Kanjeng Pengeran Pekik, anak sampeyan niku
saben ndina adus banyu sumur sing gandane wangi….. Manut kapercayane wong
okeh, Ratu sing kagungan selir kenya sing saben ndina adus banyu wangi niku
bakal saya kuncara lan wibawa.

17.MANGUNJAYA
(nyaut) Ning menika mboten nyata Dhi. Toya ing sumur kula ngganda wangi
menika jalaran kula nandur wit cendhana wonten ing celak sumur.

18.WIRANALA
(nyaut) Napa nek ngoten sampeyan ngowel bakal diboyonge anak sampeyan?
Eling lho Kang. Nek anak sampeyan klakon dipundhut selir, sampeyan kalih bojo
sampeyan bakal melu mukti onten Metaram.

19.MANGUNJAYA
(ribet) Kula ngertos. Lan kula injih lila. Ning yen anak kula mboten purun lajeng
dospundi?

20.WIRANALA
Sampeyan niku rak Bapakne. Mosok ora isa ngandhani anak supaya manut wong
tuwa.…. Ngendi ana pandhe kalah karo wesi. ….Pun sakniki Hoyi mang undang,
mang takoni onten ngarep kula kalih Kakang Wiranala.

21.MANGUNJAYA
(ngadeg) Hoyi,…. Reneya sedhela Ndhuk!

 Nyi Mangunjaya teka karo Hoyi, kairing gamelan..

22.HOYI
10 Rembulan Wungu

(ngadeg radi tebih) Ana apa ta Pak kok ngundang aku? Aku ki lagi masak neng
pawon, nyepakke dhahar. …. (maju) Ana apa ta Pak?

23.MANGUNJAYA
Ngene Ndhuk. Kowe tak undang iki merga Bapak arep perlu.

24.NYI MANGUNJAYA
(nyaut) Sing ajeng perlu niku sinten? Sampeyan napa tamune?

25.WIRAKERTI
(sengol) Sing arep perlu perlu aku Nyi. …. Ngertiya Nyi,… lan kowe Hoyi…. Aku
karo Adhi Wiranala iki sejatine diutus dening sing kagungan panguwasa Metaram.
Rehne kowe bisa dadi srana saya moncere Metaram, mula aku didhawuhi
mboyong kowe. Jalaran kowe arep dipundhut selir Ingkang Sinuwun Amangkurat
Agung ing Metaram!

26.HOYI
(gumun) Kula ajeng dipundhut selir Ingkang Sinuwun?

27.WIRANALA
(nyaut – manteb) Haiya kowe! Apa Mbokmu!

28.HOYI
(mrengut) Ning kula mboten saged nglampahi Ndara Nggung! Kula mboten purun
dipun pundhut selir Ingkang Sinuwun, jalaran kula teksih remen gesang wonten
ndhusun sareng kaliyan Bapak lan Simbok kula!

29.NYI MANGUNJAYA
(nyedhak) Nek pancen kowe ora gelem, ben Bapakmu kuwi sing matur! Rak nggih
ngoten ta Pak? …..(Mangunjaya meneng wae) Sampeyan niku pripun ta? Ditakoni
kok malah meneng wae!

30.MANGUNJAYA
Nek sepisan iki aku ora isa apa-apa, Nyi. Merga aku iki punggawa sing kecencang
pernatan kudu manut lan nituhu dhawuhing Ratu. Nek aku cawe-cawe perkara
iki, aku bakal dianggep luput marang sing kagungan panguwasa, Nyi.

31.HOYI
(gumun) Bapak ki kok aneh ta? Mosok, ngrembug perkarane anak kok disalahke!
Nek Ingkang Sinuwun arep ngepek aku, aku sing emoh Pak!

32.WIRANALA
(nyaut) Hoyi! Kowe pancen isa kandha kaya ngono. Ning minangka jejering
kawula, kowe ora bisa mbadal dhawuhing Ratu. Semono uga Bapakmu. Mula sak
iki, kowe kudu gelem tak boyong neng Metaram! (Wiranala nggeret Hoyi, Hoyi
mberot – nyedhaki Mangunjaya)
11 Rembulan Wungu

33.HOYI
(gugup) Iki piye ta Pak?! Aku wis emoh diboyong, kok malah arep dipeksa! Apa
kaya ngono kuwi ora teges ngrampas hak lan wewenange uwong?! Aku iki uwong
Pak! Uwong sing duwe wenang nemtokke lakuning uripku dhewe!

34.MANGUNJAYA
(judheg) Aku ngerti, Ndhuk. Ngerti!

35.HOYI
(nesu) Nek Bapak wis ngerti kena apa Bapak ming meneng wae?! Kena apa Bapak
ora wani omong?! Omong Pak,… omong!! Aja meneng wae!!!

36.NYI MANGUNJAYA
(nesu) Pak! Sampeyan niku pripun ta?! Anake wedok niki njaluk direwangi! Ning
kena napa sampeyan malah ming meneng mawon! Sampeyan niku Bapakne lho!
Mosok ora isa ngewangi anak sing lagi ketaman perkara!! Mbok omong ta Pak!
Omong!!

37.MANGUNJAYA
(nyaut – jengkel) Ning nek perkara siji iki aku ora isa Nyi! Ora isa!!!

38.WIRAKERTI
(nggetak) Cukup!….Uwis cukup! Rembug iki ora perlu digawe dawa! (maju) Hoyi!
Mung kari sepisan iki aku ngendika! Gelem apa ora kowe diboyong neng
Metaram!?

39.HOYI
(wedi) Mboten Ndara!....Kula mboten purun!

40.WIRAKERTI
(manteb) Wiranala! Larak bocah wadon iki!

 Hoyi diglandhang Wiranala. Nyi Mangunjaya susah

41.NYI MANGUNJAYA
(nangis) Owalaah Paak,…. Anake dhewe kok dadi dilarak-larak nika pripun?!
Pripun Paak?! Pripuuuuun……!!! (ambruk ing ngarepe Mangunjaya)

 Mangunjaya njegreg.
 Babak II rampung.
12 Rembulan Wungu

BABAK : III ALAS DEMUNG


Paraga : Kraeng Galengsong, Mawani, Makincing, Malewa, para Kraeng
Penari, Panji Karsula, Alap-alap, Prajurit Metaram
Katrangan : Galengosng lagi nganakake pesta tayuban. Sadurunge rampung Panji
Karsula lan prajurit Metaram teka mbubarake.

01.KARSULA
(keras) Bubar! Ayo bubar! Bubar kabeh!!

 Sing njoged mlayu. Para Kraeng siyaga.

02.GALENGSONG
(manteb) Sapa kowe?! Wani mbubarake anggonku lagi sesukan?!

03.KARSULA
(manteb) Aku Panji Karsula! Utusan ndalem Ingkang Sinuwun Amangkurat Agung
ing Metaram! Dene tekaku iki arep ketemu tetunggule wong Mekasar sing aran
Kraeng Galengsong!

04.GALENGSONG
(nyaut) Nek kowe wis ketemu arep ngapa?

05.KARSULA
(manteb) Kraeng Galengong bakal ndak rangket lan ndak sowanake menyang
Metaram! Jalaran anggone manggon ana ing Alas Demung iki ora dadi kersane
Ingkang Sinuwun! Saktemah Ingkang Sinuwun dhawuh aku lan para prajurit
ngrangket Kraeng Galengsong sak kancane!

08.MAKINCING
(manteb) Panji Karsula! Ngertiya! Aku, Kakang Galengsong , Mawani lan Malewa
mesanggrah ana kene iki ora bakal gawe rusuh Metaram! Nanging aku mung
butuh urip merga dioyak-oyak dening Kumpeni, saktemah keplayu seka Mekasar
tekan tanah Jawa!

09.ALAP-ALAP
(nyaut – manteb) Kuwi dudu urusanku! Sebab wanter dhawuh dalem Ingkang
Sinuwun, baliku meyang Metaram kudu bisa ngrangket kowe sak kanca!

10.MALEWA
(nesu) Kurangajar! Suwaramu ngabangke kuping! Wuwusmu tanpa suba sita! Apa
kok kira wulu githokku bakal njegrig krungu kandhamu! ... (ngguyu) Ora! Aku lan
wong-wong Mekasar ora bakal mundur sak jangkah ngadhepi tandange prajurit
Metaram!!

11.ALAP-ALAP
(manteb) O, nantang pati kowe!! (marang Karsula) Njeng Pengeran, mangga sami
dipun adhepi sesarengan!
13 Rembulan Wungu

12. KARSUlA
(ngabani) Caaa, …siyaga!!

 Prajurit Mataram siyaga. Samono uga para Kraeng.

13.GALENGSONG
(manteb) Caaaa,…..! Sekethi mburi sak yuta ngarsa!

14.PARA KRAENG
(koor - bareng) Luwih becik mati katimbang dibanda!

15.KARSULA
(mantep) Kudhi pacul singa landhepa!

16.PRAJURIT MATARAM
(koor – bareng) Sapa lena ndhepani bantala!

17.PARA KRAENG
(bareng) Sak kridhamu tak ladeni!

18.PRAJURIT MATARAM
(bareng) Sak budimu tak kembari!

19.GALENGSONG
Caaa,….! Majuuu!!

 Perang campuh. Prajurit Mataram keplayu.

20.GALENGSONG
(manteb) Mawani, Makincing, Malewa lan para pendherek kabeh wae.

21.PARA KRAENG
Kepiye Kakang.

22.GALENGSONG
(manteb) Senajan prajurit Metaram keplayu, kowe kabeh ora kena grusa-grusu.
Sebab kepiyea wae sing dimungsuh awake dhewe dudu wong Metaram, nanging
Kumpeni. Mula seka kuwi, ayo bebarengan golek kekuwatan kanggo nundhung
Kumpeni.

23.PARA KRAENG
Ayo Kakang!

 Para Kraeng lunga. Babak IV rampung.


14 Rembulan Wungu

BABAK : IV KASATRIYAN
Paraga : Pangeran Adipati Anom, Rara Hoyi, Nyi Wirareja, Wirareja
Katrangan : Hoyi lagi ajar njoged diwulang abdidalem jurubeksa. Adipati Anom
teka, mriksani. Jurubeksa menehi tengara supaya Oyi leren anggone njoged.

01.JURUBEKSA
(nyembah) Punten ndalem sewu Njeng Pengeran. Kok kadingaren tindak
Katumenggungan. Kagungan kersa menapa.

01B. ADIPATI ANOM


Anu Nyi. Sekawit aku ya mung arep sanja wae. Ning bareng weruh kowe lagi
gladhen karo wanita iki, penggalihku kok banjur kepranan. Mula, kowe ndak
keparengake semingkir dhisik, aku kepengin rembugan karo momonganmu.

02. JURUBEKSA
(nyembah) Sendika Njeng Pengeran.

 Jurubeksa lunga. Tanpa gamelan.

03.HOYI
(nyembah) Punten ndalem sewu. Penjenengan ndalem menika sinten ta? Kula
kok dereng nate ngertos.

04.ADIPATI ANOM
(ngguyu Kowe durung ngerti aku? Ditepungake wae, aku Tejaningrat, Pengeran
Adipati Anom ing Metaram.

05.HOYI
(kaget) Kanjeng Pengeran Tejaningrat?

06.ADIPATI ANOM
Iya.

07.HOYI
(lungguh – nyembah) Punten ndalem sewu, Njeng Pengeran.

08.ADIPATI ANOM
(nyedhak) Wis, wis ora perlu dinggo ribet. (nyedhak) Senajan aku Pangeran
Adipati Anom, nanging aku uga isih titah lumrah kaya sliramu. (ngedegake Hoyi)
Mula sak iki, ngadeg wae. Aku ora apa-apa kok.

09.HOYI
(ngadeg - nyembah) Kula ajrih Njeng Pengeran.

10.ADIPATI ANOM
Ora perlu wedi, sing dhawuh aku. ...Orak. kok lagi sepisan iki aku priksa sliramu.
…Sliramu iki sapa ta?
15 Rembulan Wungu

11.HOYI
(isin) Kula Rara Hoyi, ...…. anakipun Ki Wirareja.

12.ADIPATI ANOM
Hoyi (mesem). …. Apik jenengmu Laras karo pasuryan lan solah bawamu sing
merak ati. (ngguyu) Ngertiya yen Wirareja duwe anak sliramu, aku mesthi kerep
tindak mrene supaya bisa sak patemon karo sliramu.

13.HOYI
(ajrih) Punten ndalem sewu, kula pamit rumiyin Pengeran. ……(mundur)

14.ADIPATI ANOM
(nggondheli) Lho, lho lho,....kosik ta, aja kesusu. Nggonku ngendikan durung
tutug jare. Upama, iki upama. Upama sesuk aku tindak mrene meneh, apa
sliramu gelem sak pejagong karo aku?

15.HOYI
(isin nanging remen - nebih)

16.ADIPATI ANOM
(nyedhak) Ora sah wedi. Matur wae apa anane. Yen pancen sliramu gelem,
matur apa anane wae. …..(ngrayu) Piye, gelem apa ora?

17.HOYI
(isin - remen) Purun, Pengeran.

18.ADIPATI ANOM
(gembira) Naaa, ..…rak ngono!

19.HOYI
(nyaut) Nanging, Bapak lan Simbok kula mesthi mboten angsal, kula kepanggih
penjenengan ndalem. Jalaran kula putri pingitan.

20.ADIPATI ANOM
Arepa sliramu dipingit, ning yen sing nimbali aku, Bapak lan Biyungmu ora bakal
kabotan. Sebab aku iki Pengeran Adipati Anom calon Ratu ing Metaram. Malah
iki mau, sakwise aku priksa sliramu, penggalihku dadi kepranan marang sliramu.

21.HOYI
(nyembah) Punten ndalem sewu. Ngendika dalem kraos aneh wonten ing kuping
kula.

22.ADIPATI ANOM
Ora. Ora aneh Hoyi. Para winasis nate ngendika, rasa kepranan iku bisa thukul
ing ngendi wae lan wayah apa wae. Teka lan lungane ora bisa dingerteni. (maju)
Sliramu ngerti karepku?..... Mesthine sliramu ngerti wong aku uga wis ngerti
sliramu.
16 Rembulan Wungu

23.HOYI
Penjenengan ndalem dereng ngertos. Sinten sejatosipun kula.

24.ADIPATI ANOM
(nyaut) Aku wis priksa sliramu. Sliramu Rara Hoyi, anake Wirareja.

25.HOYI
(nyaut) Kula mila anak-ipun Pak Wirareja. Nanging kula namung anak
angkatipun, Pengeran.

26.ADIPATI ANOM
(nyaut) Tumrap aku, anak angkat apa dudu, aku ora perduli. Awit rasa
keprananku saya suwe saya ngrembaka. Ora bisa ndak penggak meneh. .... Malah
yen sliramu gelem, sliramu bakal ndak boyong mlebu menyang Kasatriyan. ....
Piye, sliramu gelem minangkani pamundhutku?
27.HOYI
(mundur) Punten ndalem sewu. Kula dereng saged matur Pengeran.

28.ADIPATI ANOM
(nyedhaki gandrung sarampunge) Sliramu aja mbebeda atiku ta. Ming matur
“gelem” wae kok angel. Mbok uwis,… “Injih,Pengeran kula sagah” … rampung
ta? Mula sak iki ayo, dherekna aku ketemu wong tuwamu. Mengko aku sing bakal
ngendika yen sliramu ndak kersakake dadi garwaku.

29.HOYI
(nyembah - wedi) Kula, kula…….kula ajrih Pengeran.

30.ADIPATI ANOM
Ora sah wedi! Aku sing bakal tanggung jawab.

31.HOYI
(nyembah) Punten ndalem sewu,… kula pamit Pengeran!

 Gamelan seseg. Hoyi lunga. Gamelan rep.

32. ADIPATI ANOM


(radi sora) Hoyi!….. Hoyi?!

 Nyi Wirareja teka. Gamelan tetep rep.

33. NYI WIRAREJA


(ribet – nyembah) Punten ndalem sewu, Pengeran.

34.TEJANINGRAT
(noleh) Oh, kowe Nyi.

35.NYI WIRAREJA
Injih. (nyembah) Kok sajak ketingal goreh, wonten menapa Njeng Pengeran?
17 Rembulan Wungu

36.TEJANINGRAT
Anu Nyi, aku arep mundhut priksa kowe

37.NYI WIRAREJA
Badhe mundhut priksa menapa Njeng Pengeran?

38.TEJANINGRAT
Anakmu kae wis ana sing mengku apa durung?

39.NYI WIRAREJA
(rada bingung) Anak kula,…….

40.TEJANINGRAT
(nyaut) Hoyi, anakmu. Yen pancen durung ana, Hoyi bakal ndak pundhut garwa.
Nyisihi nggonku bakal jumeneng Ratu ing Metaram.

41.NYI WIRAREJA
(nyembah) Punten ndalem sewu,…. Manah kula sakestu bingah, dene Njeng
Pengeran badhe mundhut Hoyi. Namung kemawon,….. (ribet) kula,..kula,…

42. TEJANINGAT
(nyaut) Kowe piye, he? Wedi karo bojomu, Beine Wirareja?

43.NYI WIRAREJA
Mboten Njeng Pengeran.

44.TEJANINGRAT
Lha wedi karo sapa?

45.NYI WIRAREJA
(nyembah) Ajrih dhateng Bapak dalem Ingkang Sinuwun.

46.TEJANINGRAT
Sebabe?

47.NYI WIRAREJA
Sebab Hoyi menika,....Hoyi menika, ....sengkeranipun Bapak dalem Ingkang
Sinuwun, Pangeran.

48.TEJANINGRAT
(kaget) Hoyi sengkerane Rama?!

49.NYI WIRAREJA
(nyembah) Injih, Pengeran.

 Gamelan seseg. Tejaningrat lunga. Wirareja teka.

50.WIRAREJA
Nyi!
18 Rembulan Wungu

51.NYI WIRAREJA
(kaget) Eh,… sampeyan ta Pakne! Saking pundi niki wau?

52.WIRAREJA
Seka sowan. Terus weruh kowe nggejejer neng kono kaya reca.

53.NYI WIRAREJA
(nyaut) Sampeyan niku mbok ampun sewiyah-wiyah! Mosok, uwong kok dionekke
reca! Kula niku bojo sampeyan lho Pak!

54.WIRAREJA
Sing kandha nek bojone wong liya ya sapa?

55.NYI WIRAREJA
Sampeyan niku nek omong mesthi nyerikke ati. Mbok eling Pak. Upama mboten
onten wong wedok kaya kula, isa napa sampeyan dadi abdi dalem Metaram,
caket kalih Kanjeng Sunan?

56.WIRAREJA
Sing kandha isa ya sapa?

57.NYI WIRAREJA
Mbok sampeyan niku kelingan dhek isih teng ndesa! Saben sore ming kemul
sarung karo njedhodhog neng pinggir buk! Upama mboten kula kukup, dadi napa
sampeyan?

58.WIRAREJA
Haiya dadi uwong, apa dadi munyuk.

59.NYI WIRAREJA
Ta kuwi, rak saya mangkelke ta! Sampeyan niku ngerti mboten nek niki wau,
Njeng Pengeran Tejaningrat tindak mriki. Terus ketemu kalih anak sampeyan!

60.WIRAREJA
(santai) Kowe ki ya aneh. Uwong ketemu uwong ki rak ya lumrah ta. Lha nek
uwong ketemu macan terus diklethak ki jenenge aneh. …. Karo meneh, nek
Njeng Pengeran ketemu anakmu ki njur piye? Rak ya lumrah ta?

61.NYI WIRAREJA
(rada sengol) Lumrah pripun? Genah niki wau, bareng Njeng Pengeran priksa
anak sampeyan terus kepranan penggalihe.

62.WIRAREJA
(kaget) Iyaaaak,…. Tenan pa piye?!

63.NYI WIRAREJA
Sampeyan kok malah maido! Sing weruh niku sampeyan napa kula?!
19 Rembulan Wungu

64.WIRAREJA
(rada gugup) Haiya kowe, wong sing neng kene kowe! Ning ora Nyi Kandhanmu
mau tenan apa piye?

65.NYI WIRAREJA
(jengkel) Welhaa,….. sampeyan niku maido meneh ta? Kula niku omong tenan!
Mboten kaya sampeyan sing senengane leda-lede! Pamite caos, jebul marani
Surti, randhane kulon kali!

66.WIRAREJA
Kosik ta Nyi. Aja nesu sik. Aku nenggone Surti kae merga ngandhani nek ana
sripah!

67.NYI WIRAREJA
Iyaaah,…. ngandhani ana sripah kok pendhak malem minggu!

68. WIRAREJA
Karang le mati malem minggu, apa le ngabari disemayani Senin! … Wis, sak iki
ora sah ngrembug Surti. Aku butuh ngerti perkarane Njeng Pengeran Tejaningrat.

69.NYI WIRAREJA
Ngeten lho Pak. Sak empune Njeng Pengeran ngendika nek kepranan kalih Hoyi,
kula rak njur matur. Nek Hoyi niku calon garawane Ingkang Sinuwun. Bareng
ngerti kaya ngoten niku,… Njeng Pengeran terus jengkar tanpa pamit!

70.WIRAREJA
Waah, blai iki Nyi. Blai tenan! Nek ora kepeneran, awake dhewe sing repot!

71.NYI WIRAREJA
Kok awake dhewe sing repot ta Pak?

72.WIRAREJA
(ribet) Coba sak iki pikiren. Nek Njeng Pengeran Tejaningrat mundhut Hoyi,
awake dhewe kudu wangsulan piye? Ora entuk cilaka, entuk ya cilaka! Nek sak
iki Hoyi dikukuhi, nek Njeng Pengeran klakon jumeneng Ratu, awake dhewe
mesthi cilaka! Ning nek diulungke sak iki awake dhewe ya rekasa Nyi!

73.NYI WIRAREJA
Nek ngoten, apike Hoyi dicaoske Njeng Pengeran Tejaningrat mawon Pak.

74.WIRAREJA
(sengol) Kowe ki mbok aja gendheng ta?!

75.NYI WIRAREJA
(manteb) Kula niki omong tenan Pak! Wong dhek Hoyi sak patemon kalih Njeng
Pengeran wau, kula weruh kok. Lan sajake, Hoyi nggih kepranan kalih Njeng
Pengeran. Napamalih kiyambake kerep kandha kula, mboten duwe tresna kalih
Ingkang Sinuwun!
20 Rembulan Wungu

 Png Pekik lan Ratu Wandan tek, kairing gamelan.

76.PEKIK
Kula nuwun, Beine!

77.WIRAREJA
(gembira) Waah, mangga, mangga lenggahipun Njeng pengeran.

78.PEKIK
Iya, Beine. Mangga Kanjeng Ratu, lenggah riki kemawon.

79.RATU WANDAN
Inggih Kangmas (marang Nyi Wirareja) Nyi, rehne wis suwe aku ora tindak
mrene, aku nggawa “mentering” kanggo kowe. Mula age tampanana, Nyi.

80. NYI WIRAREJA


Sendika Kanjeng Ratu. (maju – nampani) Sembah nuwun Kanjeng Ratu. (bali ana
ngarepe Wirareja - lirih) “Menteringe” apik-apik. Tur larang-larang Pak!

81. WIRAREJA
Kowe ki mbok ora ngisin-isini! Saru!

82.NYI WIRAREJA
Alaaaah,… neng kene muni ngisin-isini, saru! (ngece) Ning engko tekan njero, …
“bagianku endi?” …….. Ngono ta?

83.WIRAREJA
(lirih – cetha) Nyi! Atiku ki ora kepenak weruh kowe diparingi bebungah dening
Kanjeng Ratu!

84.PEKIK
Beine, kowe aja nduwe panduga werna-werna. Peparinge Kanjeng Ratu kuwi
peparing sing tulus. … Kejaba kuwi, aku karo Kanjeng Ratu rawuh iki sejatine
arep takon, perkarane wayah PengeranTejaningrat karo anakmu Hoyi.

85.RATU WANDAN
Ngendikane Kangmas ora kleru. Sakwise wayah Tejaningrat ngerti yen Hoyi iku
sengkeran ndalem, …. penggalihe banjur kuciwa. Saka kuciwane dadi gerah
dadakan. Ora ana sing bisa nambani kejaba anakmu Hoyi.

86.PEKIK
(nyaut) Mula saka iku, Beine lan kowe Nyi. Yen atimu sakloron lega lila, Hoyi
bakal ndak pundhut. Ndak boyong menyang Kasatriyan kareben nambani gerahe
wayah Pengeran Tejaningrat. Piye, kowe ora kabotan ta Beine?

87.WIRAREJA
(pekewed) Punten ndalem sewu. Kula sakestu ajrih dhateng………..
21 Rembulan Wungu

88.RATU WANDAN
(nyaut) Aku ngerti Beine. Ning kowe ora sah wedi. Yen mengko Kanjeng Sunan
duka, matura wae. Sing mundhut aku karo Kangmas Pengeran Pekik. Rak ya
ngono ta Nyi?

89.NYI WIRAREJA
Kanjeng Ratu leres! Menapa malih, Hoyi mila mboten tresna dhateng Ingkang
Sinuwun! ….(marang Wirareja) Mbok empun Pak, dicaoske mawon!

90.WIRAREJA
(sengol) Dicaoske piye?!

91.NYI WIRAREJA
(manteb) Lhaenggih dicaoske Kanjeng Ratu! Wong Kanjeng Ratu lan Kanjeng
Pengeran empun kersa nanggung perkarane! Karo malih nggih Pak, nek kula
entuk kandha nyata, wong wedok kalih wong lanang niku sejatione rak duwe hak
padha. Mula nek onten wong lanang, klebu Kanjeng Sunan, ajeng meksa
wewenange wong wedok, kaya ngoten niku kleru. Sebab mboten ming nglanggar
paugeraning para bangsa, ning nggih nyalahi kodrating jagad!

92.WIRAREJA
(sengol) Aku ngerti Nyi, Ngerti! Ning kowe ya kudu ngerti nek sing nitipke lan
arep mundhut garwa Hoyi kuwi Ingkang Sinuwun!

93.NYI WIRAREJA
(nyaut) Ning napa enggih Ingkang Sinuwun duka, wong sing ajeng mundhut Hoyi
niku putrane dhewe! Mosok, Bapak kok ora gelem ngalah karo anak!

94.PEKIK
Bojomu bener, Beine. Ora-orane Kanjeng Sunan duka marang kowe. Sing luwih
wigati. Aku nyurung dhaupe Tejaningrat karo Hoyi kuwi ora mung kanggo aku.
Ning ya kanggo kawigatene Metaram. …Coba pikiren, Kanjeng Sunan kae Ratu
sing angel dingerteni sipat lan pikirane! Lha wong Metaram lagi paceklik malah
ngundha layangan karo tindak besiyar tekan sak jabaning rangkah Metaram!

95.RATU WANDAN
Malah durung suwe iki, nalika pambangunan Bendungan durung sampurna,
Kanjeng Sunan wis paring dhawuh kawula, yasa kedhaton anyar ana ing Plered.
Apa kaya ngono kuwi bener, Beine?

96.WIRAREJA
(ajrih) Njih….. mboten, kanjeng Ratu!

97.NYI WIRAREJA
(manteb) Naa, gene sampeyan ya ngerti!

98.WIRAREJA
Kowe ki aja crigis ta?! Atiku ki lagi ribet tenan!
22 Rembulan Wungu

99.NYI WIRAREJA
Ribet mang gawe dhewe kok njur nyalahke kula!!

100.PNG PEKIK
Blaka suta wae ya Beine. Lelakon iki ora bakal rampung yen kowe lan aku ora
cawe-cawe. Malah yen ora kepeneran, kawula bakal saya okeh sing dadi kurban
merga dipeksa nyambut gawe yasa bendungan lan gawe kraton anyar ing Plered.
Yen kahanan iki ora enggal didandani, sapa sing bakal rugi?

101.WIRAREJA
Injih kawula Metaram, Pengeran.

102.NYI WIRAREJA
(nyaut – sengol) Klebu sampeyan barang niku!

103.WIRAREJA
(sengl) Hiya-hiya!!

104.RATU WANDAN
(nyaut) Mula Beine, amrih Metaram iki bisa dadi becik,Tejaningrat kudu enggal
jumeneng. Mangka Tejaningrat duwe penjaluk, gelem jumeneng yen sing nyisihi
minangka garwa prameswari, anakmu Hoyi. …Lha yen nganti Tejaningrat kagol,
ora gelem jumeneng, sing bakal kelangan gedhe Metaram. Merga nasibe Metaram
ing mbesuke, gumantung wayah Pengeran Tejaningrat.

105.NYI WIRAREJA
(nyaut) Menawi ngaten, Hoyi lajeng dipun boyong kemawon Kanjeng Ratu! Selak
mesakaken negari Metaram ingkang sampun risak awit lekas dalem Kanjeng
Sunan Amangkurat!

106.RATU WANDAN
Lha sak iki bocahe ana ngendi ta Nyi?

107.NYI WIRAREJA
Wonten gandhok kilen, Kanjeng Ratu.

108.RATU WANDAN
Yen ngono, kowe ndherek aku. Rara Hoyi ndak temonane.

109.NYI WIRAREJA
(nyembah) Sendika.

110.PNG PEKIK
Mangga Kanjeng Ratu, kula dherekekan.

 Png Pekik lan Ratu Wandan lunga. Kairing gamelan – rep

111.WIRAREJA
(nesu) Edan!… Gendheng! Kenthir! … Pethuk!! Slewah!
23 Rembulan Wungu

112.NYI WIRAREJA
(dhateng) Sampeyan niku onten napa kok bengak-bengok kaya wong kesurupan?

13.WIRAREJA
(mangkel banget) Owalah, bola bali nek wong wedok lancang! Senengane mesthi
ndhisiki karepe wong lanang! Kowe ki rak ngerti ta! Hoyi kae sengkeran ndalem
Kanjeng Sunan! Olehe dititipke ana kene supaya diwulang suba sitaning putri!! …
Ning sak iki?!) Hoyi maalh kok caosake Kanjeng Pengeran Pekik! Apa kaya ngono
kuwi aku ora entuk muni: “Edan! Gendheng! Kenthir! Pethuk? Slewah?”

114.NYI WIRAREJA
(manteb) Entuk! Entuk mawon Pak! Nek ming muni-muni, napamalih nganggo
nesu kalih bojo niku ora papa! …. Ning nggih niku. Nek empun nganggo mara
tangan,ohhh,… aja takon dosa! Tekan pundi mawon mesthi kula larag! Sebab
wong lanang kalih wong wedok niku duwe hak padha! Enggih mboten?!

115.WIRAREJA
(meneng wae)

116.NYI WIRAREJA
(dicethak-cehakke) Enggih napa mboten?!

117.WIRAREJA
Hiya-hiya!

118.NYI WIRAREJA
(nesu) Nek nyatane anak sampeyan Hoyi mboten tresna kalih Kanjeng Sunan,
tterus ajeng dinapakke?! Ajeng dipeksa, enggih?!

119.WIRAREJA
Hiya!

120.NYI WIRAREJA
(saya nesu) Lha niki!! Nggih nggen meksa niku sing kleru! ..Sampeyan ki jane
ngerti ora?! Dadi selir niku padha karo diwayuh! Uripe ora bakal seneng lan
tentrem!! Mangka nggih Pak, sing jenenge diwayuh niku padha karo nampa
katresnan sing ora wutuh!!… (nggetak) Ngerti mboten?! .Pundi onten ta Paak,
Paaak,… katresnan sing ora wutuh kok isa gawe kepenak!… Gumblis!!!

121.WIRAREJA
(sero) Wis!! Uwis!!! Ora sah ngganyik! Wong wedok ki angger lambene kandel
mesthi pinter omong!

122.NYI WIRAREJA
(nesu) Nek kula pinter omong njur sampeyan ajeng napa?! Ajeng ngejak pegatan,
engghih!… Mbok ayo, nek nyata sampeyan wani megat,..kula mang pegat sakniki!

123.WIRAREJA
(sengol karo lunga) Aees embuh,….embuuh!!!! Ora arep rembugan
24 Rembulan Wungu

 Wirareja lunga kairing gamelan – rep.

124.NYI WIRAREJA
(ngguyu) Gene ki ora wani! Andekna nek omong ndadak nganggo mecicil! Apa
rumangsane wong wedok ki ringkih pa piye?!

 Wirareja teka maneh. Gamelan rep terus.

125.NYI WIRAREJA
(sengol) Ngapa kok ndadak bali mriki?!

126.WIRAREJA
Arep nggoleki rek!! Lha iki apa!

 Wirareja lunga. Gamelan tetep rep.

127.NYI WIRAREJA
(menjeb) Heh, ora pandak! Angger kalah eyel njur lunga! Nesu! … Ora wurung
ming ora pandak! …Titen-titenan! Engko bengi mesthi nyedhak karo nganyih-
anyih! …. “Turu jejer kowe ya Nyi.”

 Wirareja teka maneh. Gamelan rep terus.

128.NYI WIRAREJA
(sengol) Sampeyan kk wira-wira niku enten napa?

129.WIRAREJA
(sengol – nesu) Engko bengi turu jejer kowe!!

 Wirareja lunga. Babak IV rampung.


25 Rembulan Wungu

BABAK : V KRATON MATARAM


Paraga : Mangkurat Agung, Sindureja, Wiranala, Wirakerti, Karsula
Adipati Anom, Pangeran Pekik, Ratu Wandan
Katarangan : Mangkurat Agung ngalamun, di adhep Sindureja, Wiranala lan
Wirakerti. Ing layar audiovisual katon Amangkurat adon tresna karo
Hoyi, dumadakan Amangkurat malik Pangeran Adipati Anom.

00.AMANGKURAT
(ngadeg – atine jengkel)

01.WIRAREJA
(ajrih) Kula ingkang sowan, Sinuwun.

02.AMANGKURAT
O, sira, Beine Wirareja. Kene-kene, maju wae sowanira.

03.WIRAREJA
(nyembah - ajrih) Sendika.

04.AMANGKURAT
Ana wigati apa, ora ingsun timbali sowan ana ngersaningsun.

05.WIRAREJA
(nyembah - ajrih) Tadhah deduka dalem. Nyaosi priksa bilih sengkeran ndalem,
Rara Hoyi dipun pundhut Rama marasepuh dalem saha bibi dalem........(durung
rampung)

06.AMANGKURAT
(munggel) Cukup! Sira ora perlu matur! Ingsun iki wis priksa lelakon kuwi!

07.WIRAREJA
(nyembah) Punten ndalem sewu, kula ingkang lepat Sinuwun.

08.AMANGKURAT
(duka) Sira iku piye ta Beine?! Hoyi Ingsun titipake ana ing Wirarejan iku supaya
digulawentah trapsilaning putri Metaram! Ning kena apa dadi bojone Pengeran
Dipati Anom? Sira sing wani nggathukke Hoyi karo putraningsun? Hiya?!

11.WIRAREJAN
(nyembah – ajrih) Mboten Sinuwun! Sedaya menika kelampahan, awit saking
kersanipun Kanjeng Pengeran Pekik saha bibi dalem, Kanjeng Ratu Wandan.

12.AMANGKURAT
(duka) Ning sing titip Hoyi iku sapa Beine?! Ingsun!.... Kena apa sira ulungake
Paman Pekik lan Bibi Wandan?!

13. WIRAREJA
(nyembah – ajrih) Kula,….kula ajrih, Sinuwun.
26 Rembulan Wungu

14.AMANGKURAT
(nyaut) Wedi marang Paman Pekik, ning wani marang ingsun?! Ngono?!

15.WIRAREJA
(nyembah - ajrih) Mboten Sinuwun.

16.AMANGKURAT
(nggetak) Mboten piye?!

17.WIRAREJA
(ajrih) Kula,…. kula, ajrih ajrih dhateng sampeyan ndalem. Lan kula,…kula ugi
lepat ageng wonten ngersa dalem Ingkang Sinuwun.

18. AMANGKURAT
(nyaut) Luputira wis cetha! Sira, abdiningsun, wani nyahak wewenangingsun!
Mangka ingsun iki Ratu! Yen ngono nalare, sira luput marang Ratu! Luput
marang Ratu, ….. nampa pidana pati!!

19.WIRAREJA
(kaget – ambruk ing pepadane Amangkurat) Sinuwun!?! Kula lepat ageng! Mugi
wontena kepareng ndalem paring kawicaksanan! Kula nyuwun gesang! Kula
nyuwun gesang Sinuwun!!

20.AMANGKURAT
(duka) Sindureja! Netraningsun sepet nyawang uwong iki! Age digawa neng
ngalun-alun lan dipidana pati!

21.SINDUREJA
(nyembah – lirih) Sendika!

 Sindureja nggawa lunga Wirarareja. Adipati Anom sowan.

22. ADIPATI ANOM


(nyembah) Kula ingkang sowan Rama.

23.AMANGKURAT
(unjal napas - nyindhir) Bareng sira sowan, ingsun kok mambu kembang manten?
Sira mentas dadi manten apa?

24.ADIPATI ANOM
(nyembah – ajrih) In…..injih..

25.AMANGKURAT
(nyaut - sinis) Dadi manten karo sapa?

26.ADIPATI ANOM
(nyembah – ajrih) Punten ndalem sewu, …..kaliyan Hoyi, Rama.
27 Rembulan Wungu

27.AMANGKURAT
(nyaut) Hoyi sengkeraningsun? Ngono apa?

28.ADIPATI ANOM
(nyembah) Injih Sinuwun.

29.AMANGKURAT
(jengkel) Hemmm, sira iku piye, ta, Tejaningrat, Tejaningrat! Bocah enom,
bagus, mangka ya Pengeran Pati, calon Ratu Metaram, …lha kok golek bojo wae
ora isa! Arepa ingsun ora ngendika, ning mesthine sira rak ngerti! Hoyi kae sapa?
… Kae kagunganingsun Ngger!

30.ADIPATI ANOM
(nyembah) Punten ndalem sewu. Kula ngertos. Hoyi mila kagungan ndalem.
Nanging kula sampun tresna, Sinuwun.

31. AMANGKURAT
(nyaut) Senajan Hoyi dadi pirantine uwong sing kepengin ngucemake asmaning
Ratu lan ngrusak negara Metaram? Ngono?…. Ngertiya, Tejaningrat! Hoyi sing
katone luwes, ayu, lan merak ati kae, saktemene dadi pirantine Paman Pekik
anggone kepengin ngrusak negara Mataram!

32.ADIPATI ANOM
(nyembah) Lepat nyuwun sih pangapunten ndalem. Saksemerep kula, Hoyi dede
pirantosipun Eyang Pengeran Pekik. Ugi mboten kangge mikat kula, menapa
malih ngrisak negari Metaram.

33. AMANGKURAT
(nyaut) Kuwi rak merga sira kedanan! Saktemah sira ora ngerti yen patemonira
karo Hoyi, lan anggonira nekad ngepek bojo Hoyi iku wis dirancang dening
Paman Pekik kanggo gawe kagol penggalihingsun! Yen ingsun kagol, ingsun
mesthi bakal mentala paring pidana pati marang sira!.... Ngerti?!

33A. ADIPATI ANOM


(meneng wae)

33B. AMANGKURAT
(nggetak) Ngerti ora sira?!

33C.ADIPATI ANOM
(lirih) Ngertos Sinuwun.

34.ADIPATI ANOM
Ngertos menawi Hoyi menika Rante Mas ingkang dipun ginakaken kangge mikat
kula Sinuwun.

35.AMANGKURAT
(nyaut) Uga kanggo piranti ngedu sira karo ingsun! Mula yen sira prayitna!
Katresnane Hoyi marang sira iku ora bakal tulus! Jalaran sira mung kanggo
28 Rembulan Wungu

piranti ngleksanani karepe Eyangira! Mula saka iku, sira kudu wani milih. Abot
Hoyi, apa abot kalengahan Pangeran Pati. Yen Sira abot Hoyi, kalenggahan
Pangeran Pati ingsun pundhut! Ning yen sira abot kalenggahan Pangeran Pati,
sira kudu tegel mateni Hoyi!

36.ADIPATI ANOM
(kaget) Sinuwun!?

 Adipati Anom nubruk pepadane Amangkurat. Gendhing tlutur.

37. ADIPATI ANOM


(ngondhog-ondhog) Sinuwun! Tadhah deduka dalem! Hoyi menika semah kula!
Kula sakestu tresna dhateng piyambakipun!... Manah kula,… manah kula mboten
mentala mejahi tiyang ingkang sak kelangkung kula tresnani, Sinuwun!

38.AMANGKURAT
(nesu) Yoh,…hiyoh! Ngono karepira!... Ya uwis!. Yen pancen sira ngeboti Hoyi,
kalenggahan Pengeran Pati ingsun pundhut! Lan sira ingsun pidana pati!

39.TEJANINGSAT
Sinuwun?!!

40.AMANGKURAT
(kemaki) NIng yen sira abot ingsun, uga abot kalengguhan Pangeran Pati, (ngunus
keris) Pusaka iki ditampani! Ingsun mundhut patine Hoyi!

39.ADIPATI ANOM
(sedhih - lirih) Sinuwun?!

39a.AMANGKURAT
(sengol) Ayo ditampani! Pengeran Pati, calon Ratu kok miyur atine!

39b.ADIPATI ANOM
(nampani keris)

39c.AMANGKURAT
Sakdurunge srengenge jumedhul seka wetan, kuwandhane Hoyi kudu wis
njerbabah ndhepani lemah!

 Adipati Anom lunga. Gendhing tlutur

40.PANJI KARSULA
(nyembah) Punten ndalem sewu, kula badhe matur. Pemanggih kula lekas dalem
menika………

41.MANGKURAT
(nggetak) Meneng! Sira ora kena mbelani lupute kadangira! Dhawuhingsun, sira
age budhal, ngawat-awati lakune Pengeran Adipati Anom.
29 Rembulan Wungu

43.KARSULA
(nyembah) Sendika.

 Panji Karsula lunga. Pangeran Pekik lan Ratu Wandan sowan

44.PANGERAN PEKIK
Kula ingkang sowan, Sinuwun.

45.AMANGKURAT
(nyawang – sinis – mlengos) O,…Sampeyan, Man!

46.RATU WANDAN
(nyembah) Punten ndalem sewu. Bekti kula kekalih, konjuk ing sak ngandhaping
pepada dalem.

47.PANGERAN PEKIK
(nyaut- nyembah) Semanten ugi kula, Sinuwun.

48.AMANGKURAT
(ngampet duka - sinis) Heh, aneh! Sampeyan kok dha ngaturke bekti kalih kula?
Teksih kelingan napa, .... nek kula niki Ratu Gusti Sampeyan?

49.PANGERAN PEKIK
(nyembah) Punten ndalem sewu. Ngendika dalem kok nganeh-anehi ta Sinuwun.

50.AMANGKURAT
(sinis - lirih) Mboten Man!…. Mboten aneh!

51.PANGERAN PEKIK
(nyembah) Mboten anehipun kados pundi?

52.AMANGKURAT
(sinis) Paman Pekik. Kula ajeng takon. Tumrap sampeyan, panguwasaning Ratu
niku duwe teges napa?

53. PANGERAN PEKIK


Punten ndalem sewu. Panguwaos menika wewenang. Dene Ratu mekaten
wakiling Bethara ing madyapada. Gadhah kuwajban mbabar leres saha adil.

54.AMANGKURAT
(ngalem – sinis) Pinter! Sampeyan pancen pinter, Man!

55.PANGERAN PEKIK
(manteb – sarah) Kejawi menika, Sinuwun. Panguwaos saged ndhatengaken eca
lan sekeca. Mila mboten aneh, kathah tiyang sami keraya-raya pados panguwaos,
saktemah lajeng mendem kuwaos.
30 Rembulan Wungu

56.AMANGKURAT
(sinis) Contone sampeyan, enggih ta? Rehne sampeyan mendem kuwasa,
kepengin nguwasani Metaram, sampeyan njur ngedu kula kalih Tejaningrat
nganggo piranti Rara Hoyi! Enggih ta?!

57.PANGERAN PEKIK
(mikir – gumun) Pandakwa dalem kok dumugi riku?

58.AMANGKURAT
(nyaut) Nggih mesthi tekan riku Man!…. Nek dede sampeyan sing nuduhke papan
dununge Hoyi, lan Mangunjaya dede abdi kinasih sampeyan,…. pandakwa kula
mboten ajeng tekan riku! ….(sinis – ngenyek) Sampeyan niku pripun ta Man,
Man?! Kula teksih meger-meger urip, lha kok sampeyan, dudu Bapakne
Tejaningrat, wani ndhaupke anak kula kalih Hoyi! ….. Napa mang kira kula
mboten isa mantokke anak kula?! (kemaki) Kula niki Ratu Man! …Sugih kula
timbang sampeyan!

59. RATU WANDAN


(nyembah) Punten ndalem sewu. Sinuwun. Kula saha Kangmas Pengeran wani
ndhaupaken Hoyi kaliyan wayah Pengeran Tejaningrat menika awit kekalihipun
sampun samidene tresnanipun.

60.AMANGKURAT
(nyaut – nyekit) Sinaosa sampun samidene tresna, ning Paman lan Bibi rak saged
nyuwun lilah kula?….(gregeten) Hoyi menika gadhahan kula, Bibi!

61.RATU WANDAN
(nyaut) Nanging sampeyan ndalem saged pados sanesipun, Sinuwun

62.AMANGKURAT
(nyaut) “Golek liyane?!” …. Nganti kaya jarik! (kemaki) Kula menika ngertos kok
Bibi! Paman Pekik mila parampara ingkang pinter! Mintir nalaripun!

63.PNG PEKIK
(nyembah) Punten ndalem sewu. Kula namung tiyang limrah Sinuwun.

64.AMANGKURAT
(nglulu) Mboten Man! Sampeyan niku parampara pinujul, tilas senapati Metaram
sing ampuh!…..Nek mboten merga sampeyan, napa klakon Rama Sultan Agung
mbedhah Nggiri Prapen lan nungkulake Kadipaten Surabaya, saktemah sampeyan
diparingi triman Bibi Ratu Wandan dan disengkakake ngaluhur dadi parampara
Metaram! ....(kemaki – nylekit) Ning nggih niku, merga sampeyan duwe watak
keminter, mula njur ajeng minteri kula! Merga sampeyan mboten sarujuk nek
kula jumeneng Ratu Metaram! Enggih ta?

65.PNG PEKIK
(mendel kemawon)
31 Rembulan Wungu

66.AMANGKURAT
(nylekit) Ampun meneng mawon Man! Nek pancen pandakwa kula mboten nyata,
….diwangsuli mawon!

67.PANGERAN PEKIK
(nyembah) Kula akeni Sinuwun.

 Gamelan kaprungu gawe swasana mantheng.

68.AMANGKURAT
(manteb) Naaa! Mbok ngoten!…. Sing satriya mawon Man!

69.PANGERAN PEKIK
(nyembah – manteb) Punten ndalem sewu. Kula mila mboten sarujuk dhateng
jumeneng Ndalem! Anggen ndalem yasa kraton ing Plered mboten namung
ngrisak lestarining wana! Nanging ugi damel cintrakaning kawula! Jalaran kawula
Metaram Sampeyan Ndalemyan peksa nyambut damel mbangun kedhaton!

70.AMANGKURAT
Kula Ratu sing kagungan panguwasa gedhe, Man!

71.PNG PEKIK
Kula ngertos Sinuwun! Nanging kula ugi semerep bilih anggen ndalem damel
bendungan Segarayasa, mboten kangge ngileni sabinsipun kawula, nanging
namung kangge adus para selir dalem ingkang cacahipun mboten sekedhik!

72.AMANGKURAT
Kula niki Ratu! Ajeng duwe selir pinten mawon niku urusan kula!

73.PNG PEKIK
(manteb) Nanging menapa sampun leres, wewenanging Ratu mekaten kedah
damel sangsaraning kawula?! Kurban awit saking pambanguning kedhaton lan
bendungan sampun mboten saged ipun etang! Mboten ngemungna wujud beya
lan arta, nanging ugi gesangipun para kawula Metaram! Ingkang langkung
kesangeten malih, Sampeyan ndalem mentala paring pidana dhateng nayaka
ingkang wani nduwa kersa dalem ingkang mboten leres!

74.AMANGKURAT
(duka – keras) Cukup!! Sampeyan mboten kena melu-melu perkara niki!

75.PNG PEKIK
(saya manteb) Emut Sinuwun!! Ratu menika pindha srengenge lan rembulan
ingkang suka panggesangan lan raos tentrem! Nanging ingkang kula sumerepi,
srengenge lan rembulan sampun kinemulan cahya wungu, cahyaning sedhih
ingkang kebak panandhang! Menawi Sampeyan Ndalem mboten mboten mulat,
cahwa wungu menika badhe saya surem saktemah dados cemeng, kados dene
cemenging penggalih dalem ingkang sampun kerem ing kongas lan
kumalungkunging panguwaos!
32 Rembulan Wungu

76.AMANGKURAT
(nyaut – duka) Cukup!! …. Empun cukup!! Kula mboten butuh piwulang
sampeyan! Nganggo pawadan napa mawon, nggen sampeyan ndhaupke Hoyi
kalih Tejaningrat niku tetep luput! Luput kalih Ratu Metaram!…..(lirih – manteb)
Mulane Paman. Atas asmaning panguwasa ing Metaram, Paman Pekik lan Bibi
Ratu nampa ukum gantung onten Ngalun-alun!

77.AMANGKURAT
(duka) Paman Pekik! Kena napa sampeyan meneng mawon?! Kuping sampeyan
mboten krungu nek sampeyan ajeng kula ukum gantung?! Enggih?! … (marang
Ratu Wandan) Bibi Ratu?! Bibi badhe kula ukum pejah! Ning kenging menapa
Bibi mendel kemawon?! Kenging menapa mboten nyuwun pengentheng-entheng
lan nyuwun welas dhateng kula?! Penjenengan menika badhe seda! Seda dipun
gantung wonten ing Ngalun-alun, sareng kaliyan Paman Pekik!

78.RATU WANDAN
(tatag) Sinuwun. Wiwit badhe sowan kala, manah lan pikiran kula sampun kula
tata!!Kula mboten badhe ngraes, nyuwun sih pangapunten ndalem! Semanten ugi
Kangmas Pengeran Pekik! Jalaran kula ngertos, Sampeyan Ndalem sampun
ketlikung dening kumalungkunging panguwaos! Penggalih dalem sampun ketruwu
dhateng gebyaring kadonyan, saktemah sepi dhateng sih katresnan, lan tebih
saking raos kamanungsan!

79.AMANGKURAT
Wiranala, Wirakerti!… Paman Pekik lan Bibi Wandan, digawa neng ngalun-alun!

80.WIRANALA & WIRAKERTI


(nyembah) Sendika!

 Pekik lan Wandan digawa lunga. Kaprungu swara surak-surak rame.


 Gendhing seseg. Layar audiovisual mitontonake kraton kobong.
 Sindureja sowan sajak kesusu.

81.SINDUREJA
(saka kadohan) Sinuwun, ketiwasan Sinuwun!

82. AMANGKURAT
(nesu) Ana apa sira nyela-nyela sowan Sindureja?!

83.SINDUREJA
(nyembah – manteb) Nyaosi priksa! Negari Metaram kedhatengan kraman saking
alas Demung ingkang dipun pandhegani Kraeng Galengsong saha nem-neman
asking Sampang ingkang sesilih Trunajaya! Malah sakmangke, negari dalem
kelampahan dipun obong mengsah Sinuwun!

84.AMANGKURAT
(kaget) Metaram diobong mungsuh?!
33 Rembulan Wungu

85.SINDUREJA
(nyembah) Kasinggihan Sinuwun!

86.AMANGKURAT
Apa prajurit-ingsun ora ana sing bisa nanggulangi?

87. SINDUREJA
(MANTEP) Prajurit dalem sami kocar-kacir ngadhepi mengsah! Malah ingkang
damel kaget kula, putra dalem Kanjeng Pangeran Adipati Anom mbiyantu
trajangipun para kraman sakcara dhedhemitan Sinuwun!

88.AMANGKURAT
(kaget) Aturira iku tenan apa/!

89.SINDUREJA
(mantep) Sakestu Sinuwun!

99.AMANGKURAT
(bingung - judheg) Oh, piye iki Sindureja?! Piye?! Ingsun ora ngira yen Pengeran
Dipati Anom tegel marang ingsun! Mentala nyawang rusake negara Metaram!
Metaram bakal ambruk merga pokale Trunajaya, Kraeng Galengsong lan
putraningsun dhewe! (ngondhok-ondhok) Yen ngono, paman Pekik lan bibi
Wandan ora luput?! Ingsun sing kleru!.... Ingsun sing luput Sindureja! Luput
marang negara kawula Metaram, uga dosa gedhe ana ngersane Gusti Kang Akarya
Bawana!.... (ambruk ing ngarep dhampar)

 Lampu surem. Gendhing panutup.


T . A . M . A . T

Kasongan 24 Januari 2005


Bondan Nusantara

Anda mungkin juga menyukai