Teks Pidato Bahasa Jawa Untuk Ujian Praktik Kelas 6
Teks Pidato Bahasa Jawa Untuk Ujian Praktik Kelas 6
Teks Pidato Bahasa Jawa Untuk Ujian Praktik Kelas 6
Monggo kito sedoyo ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun
maringaken sedoyo nikmat lan kesehatan dateng kito sedoyo, dumugi sakmeniko kito
sedoyo saged dateng wonten ing adicara perpisahan kelas VI SD Negeri Pabuaran.
Sholawat soho salam mugio kahatur dumateng Nabi Agung Muhammad SAW, mugio kito
sedoyo pinaringan syafaat saking Nabi Muhammad mbenjang ing dinten kiyamat. Aamiin
ya robbal alamiin.
Mboten wonten ingkang saged kito paringaken kangge mbales imbalan Bapak lan Ibu
guru, Namung do’a ingkang tulus mugi-mugi Gusti Allah tansah maringaken kesehatan,
keberkahan dan kabagyan kangge Bapak lan Ibu guru sedoyo.
Salajengipun, kula nyuwun doa restu bapak lan ibu guru, lan para tamu ingkang rawuh
ing acara perpisahan meniko, mugi-mugi saged lanjutaken sekolah SMP supadoso mujud
aken cita-cita ingkang luhur.
Minangka pungkasaning atur, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani
penggalih sedoyo poro rawuh, kulo nyuwun agunging pangapunten. Matur Nuwun.