Menyang kontèn

Park Bom: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
ngowahi
ngowahi
Larik 1: Larik 1:
{{inuseuntil|28 Pebruari 2013}}
{{inuseuntil|28 Pebruari 2013}}
[[Gambar:Park Bom - 2NE1 2011.jpg|thumb|right|200px|Park Bom nalika konser ing [[Hanoi]], [[Vietnam]]. (2011)]]
[[Gambar:Park Bom - 2NE1 2011.jpg|thumb|right|200px|Park Bom nalika konser ing [[Hanoi]], [[Vietnam]]. (2011)]]

{{Nama Korea
|color=khaki
|title=[[Nama Korea]]
|hangul = 박봄
|hanja = 朴봄
|rr=Bak Bom
|mr=Pak Pom
|tablewidth=245
}}
'''Park Bom''' ({{lang-ko|박봄}}, {{lang-ja|パク・ボム}}) ({{lahirmati||24|3|1984}}), yaiku [[penyanyi]] [[K-pop]].<ref name="early life">{{cite web |url=http://spn.edaily.co.kr/entertain/newsRead.asp?sub_cd=EA21&newsid=01226726589691544&DirCode=0010201 |title=박봄, "가수 꿈 위해 유학도 포기했어요~" |trans_title=Park Bom, "For my singing dream, I stopped my overseas studying~" |language=Korea |author=Park, Mi-ae |date=May 22, 2009 |accessdate=November 6, 2010 |work=eDaily SPN |publisher=eDaily}}</ref> Lair ing [[Seoul]], [[Koréa Kidul]], nanging banjur pindhah [[Amerika Serikat]] sinambi sinau [[basa Inggris]]. Saiki dhèwèké minangka anggota lan vokalis grup [[2NE1]] saka label [[YG Entertainment]].<ref name="Label">{{cite web |url=https://www.ygfamily.com/ygf/2ne1.html |title=2NE1 |language=Korea |work=YG Entertainment |publisher=YG Entertainment |accessdate=October 30, 2010}}</ref>
'''Park Bom''' ({{lang-ko|박봄}}, {{lang-ja|パク・ボム}}) ({{lahirmati||24|3|1984}}), yaiku [[penyanyi]] [[K-pop]].<ref name="early life">{{cite web |url=http://spn.edaily.co.kr/entertain/newsRead.asp?sub_cd=EA21&newsid=01226726589691544&DirCode=0010201 |title=박봄, "가수 꿈 위해 유학도 포기했어요~" |trans_title=Park Bom, "For my singing dream, I stopped my overseas studying~" |language=Korea |author=Park, Mi-ae |date=May 22, 2009 |accessdate=November 6, 2010 |work=eDaily SPN |publisher=eDaily}}</ref> Lair ing [[Seoul]], [[Koréa Kidul]], nanging banjur pindhah [[Amerika Serikat]] sinambi sinau [[basa Inggris]]. Saiki dhèwèké minangka anggota lan vokalis grup [[2NE1]] saka label [[YG Entertainment]].<ref name="Label">{{cite web |url=https://www.ygfamily.com/ygf/2ne1.html |title=2NE1 |language=Korea |work=YG Entertainment |publisher=YG Entertainment |accessdate=October 30, 2010}}</ref>



Révisi kala 4 Oktober 2012 19.42

Park Bom nalika konser ing Hanoi, Vietnam. (2011)

Park Bom (Koréa: 박봄, Jepang: パク・ボム) (lair 24 Maret 1984; umur 40 taun), yaiku penyanyi K-pop.[1] Lair ing Seoul, Koréa Kidul, nanging banjur pindhah Amerika Serikat sinambi sinau basa Inggris. Saiki dhèwèké minangka anggota lan vokalis grup 2NE1 saka label YG Entertainment.[2]

Wiwit taun 2006, Park rekaman bareng kanca kang sa-label kayata Big Bang, Lexy, lan Masta Wu. Nalika taun 2008, dhèwèké dadi bintang vidéo musik Kim Ji Eun, "Tell Me Once More". Taun 2008, dhèwèké wiwit debut karo 2NE1 minangka vokalis utama.

Park duwé rong singel solo kang wus dirilis yaiku "You and I" lan "Don't Cry". "You and I" bisa olèh nomer siji ing Gaon Chart, tangga lagu nasional musik Koréa. Lagu iki uga bisa menang "Best Digital Single" ing Mnet Asian Music Awards nalika taun 2010.

Riwayat lan karir

Riwayat awal

Park Bom lair ing Seoul, Koréa Kidul minangka anak kaping pindho. Nalika kelas 6, dhèwèké menyang Amerika Serikat kanggo nerusaké sekolah. Lulus saka SMA Gould Academy ing Bethel banjur ndaptar jurusan psikologi Lesley University.[3] Dhèwèké seneng musik amarga Mariah Carey. Amarga ngrungokaké lagu Mariah Carey pas wayahé madhang bisa marai lali olèhé madhang. Pepinginane duwé karir ing bab musik ora direstoni marang wong tuwané. Nanging merga disengkuyung marang buliké, Park dipindah ana ing Berklee College of Music kanggo nggayuh karir musik sing disenengi.[1]

2005-2008: Awal karir

Park Bom mèlu audisi supaya dadi penyanyi ing YG Entertainment, nanging bola-bali ditolak. Sawisé telung taun, akhiré ditampa lan dadi peserta pelatihan.[1] Park dadi bintang ana ing rong singel saka telung singel paling awal nggoné Big Bang ing lagu "We Belong Together"[4] lan "Forever With You".[5] Bom uga kolaborasi karo Lexy lan Red Roc ing "Baby Boy" lan "Along My Way". Nalika 2008, dadi bintang vidéo musik Kim Ji Eun, "Tell Me Once More".

2008-saiki: Debut karo 2NE1

YG Entertainment ngumumaké menawa grup anyar kang kabentuk saka patang anggota lan debut ing sasi Mèi 2009.[6] Perusahaan iki ngandharaké menawa grup iki wus dilatih patang taun lan album debut bakal diisi lagu-lagu kang digawé pamimpin 1TYM, Teddy Park lan G-Dragon saka Big Bang.[6][7][8] Jeneng grup iki mulané "21", nanging merga wus ana penyanyi kang jenengé padha, kelompok iki ganti jeneng dadi "2NE1", ing kana "NE" yaiku singkatan saka "New Evolution". Bom ing 2NE1 minangka vokal utama nyandingi CL, Minzy lan Sandara Park.[9]

Grup iki kerja sama karo kanca sa-label, Big Bang ing lagu "Lollipop". Lagu iki bisa suksès, nanging isih ana pitakonan menawa grup iki bisa madeg dhéwé apa ora.

2NE1 wiwit debut ing The Trend Music SBS 17 Mei 2009 lan nampilake singel digital, "Fire" kang diproduksi déning Teddy Park. Sawise rilis album mini 2NE1, kelompok iki wiwit promosi lagu "I Don't Care". Album mini iki ana ing nomer 3 ing "Best-selling Album of 2009" Hanteo bisa ngedol luwih saka 100.000 èksemplar.

Sawisé réhat, kelompok iki rilis singel kejutan "Follow Me"[10] kang manggon ing nomer siji Gaon Chart.[11] Singel iki diarani kejutan kanggo para penggemar saka Thailand.

Sasi Oktober 2010, 2NE1 wiwit gawe album penuh, To Anyone[12] yang dirilis pada tanggal 9 September 2010. Promosi diwiwiti kanthi nampilaké telung judul lagu saka album kuwi, "Clap Your Hands", "Go Away" lan "Can't Nobody". Sawise promosi, lagu liyane "It Hurts (Slow)"[13][14] dirilis ing 31 Oktober kanggo Halloween. Album iki bisa suksès banget lan 2NE1 bisa menang 11 penghargaan ing warna-warna acara musik saka promosi.[15] Album iki bisa payu luwih saka 150.000 èksemplar.

Kagiatan solo

Sasi Agustus, sawisé rampung promosi "I Don't Care", 2NE1 njupuk cuti sawetara kanthi saben anggota gawé rilis singel solo. Singel Bom kanthi judul "You and I" bisa dadi performa terbaik saka telung singel solo kuwi lan ana ing nomer siji Gaon Chart sasi November. Singel iki menang Best Digital Single ing Mnet Asian Music Awards taun 2010.

Pungkasaning taun 2010, Bom tampil ing singel GD & TOP, "Oh Yeah" kanggo album kolaborasi pertama. Bom uga ana ing lagu lan video musik vèrsi Jepang. "Oh Yeah" dadi puncak ing nomer loro ing Gaon Chart nalika dirilis.

Taun 2011, Bom arep gawe singel digital anyar kang rilis sadurungé promosi 2NE1 album mini sing anyar. Lagu iki judulé "Don't Cry" lan dirilis tanggal 21 April 2011. "Don't Cry" kasil dadi pucuking warna-warna tangga lagu digital Korea Kidul.[16]

Kanggo Infinite Challenge Seohae Ahn Highway Song Festival 2011, G-Dragon Big Bang kolaborasi karo Park Myung Soo kanggo gawé duo kang diarani GG. Bom tampil ing lagu kuwi kang judulé "Having an Affair". Lagu iki banjur dadi pucuking tangga lagu musik Korea.

Gaya lan pengaruh musik

Park Bom yaiku penyanyi pop lan R&B.[17][18] Bom ngandharaké menawa penyanyi Amerika Serikat Mariah Carey minangka salah sijining pengaruh kang paling gedhé kanggo dhèwèké terjun ing donya musik. Semana uga, Beyonce kuwi salah siji wong kang dadi panutané, amarga dhèwèké péngin "duwé vokal sing kuat lan [...] pertunjukan sing kuat kaya dhèwèké". Bom nyathet hip-hop lan R&B minangka genre musik kang dadi senengané.[1] Donga.com ngandharaké menawa swara serak Bom, manteb ing nada dhuwur, lan gaya eksotis Bom gampang dibedakaké.

Diskografi

Singel

Taun Judul Posisi puncak Album
KOR
[19]
2006 "Anystar" (Ft. G-Dragon & Gummy) non-album
2009 "You and I" 1 To Anyone
2011 "Don't Cry" 1 2NE1 2nd Mini Album
"—" nduduhake perilisan sing ora mlebu tangga lagu utawa ora dirilis ing wewengkon iku..

Penampilan bebarengan

Taun Judul Posisi puncak Album
KOR
[19]
2006 "We Belong Together" (Big Bang Ft. Bom) First Single
"Anystar" (Lee Hyori Ft. Bom & Lee Junki) non-album release
"Forever with You" (Big Bang Ft. Bom) Third Single
"Along my Way" (Red Roc Ft. Bom)
2007 "Baby Boy" (Lexy Ft. Bom) RUSH
2010 "Oh Yeah" 2 GD & TOP
2011 "I Cheated" (G-Dragon & Park Myungsoo Ft. Bom) 1 Infinite Challenge West Coast Highway Music Festival
"—" nduduhake perilisan sing ora mlebu tangga lagu utawa ora dirilis ing wewengkon iku.

Filmografi

Film

  • 2009: Girlfriends (Koréa: 걸프렌즈) (kameo)

Televisi

  • 2009: 2NE1 TV (Mnet)
  • 2009: Style (Koréa: 스타일, SBS) (kameo)
  • 2010: 2NE1 TV Season 2 (Mnet)
  • 2011: 2NE1 TV Season 3 (Mnet)

Penghargaan

Taun Nominasi Penghargaan
2009 You and I Cyworld Song of the Month — November
2010 Mnet Asian Music Awards "Best Digital Single"

Referensi

  1. a b c d Park, Mi-ae (May 22, 2009). "박봄, "가수 꿈 위해 유학도 포기했어요~"". eDaily SPN (ing basa Korea). eDaily. Dibukak ing November 6, 2010. {{cite web}}: Unknown parameter |trans_title= ignored (|trans-title= suggested) (pitulung)
  2. "2NE1". YG Entertainment (ing basa Korea). YG Entertainment. Dibukak ing October 30, 2010.
  3. "Nate People Search: Bom". Nate People (ing basa Korea). SK Communications. Dibukak ing November 6, 2010.
  4. "Big Bang – First Single". YG Entertainment (ing basa Korea). YG Entertainment. Dibukak ing November 6, 2010.
  5. "Big Bang – Third Single". YG Entertainment (ing basa Korea). YG Entertainment. Dibukak ing November 6, 2010.
  6. a b (ing basa Koréa) Park, Kyeong-eun. ‘여자빅뱅’ 5월 초 데뷔, 新 여자아이돌 대 격돌 ("Female Big Bang" Debut in May, Female Idol Groups Crash (Together)). Good Day Sports. 25 Maret 2009. Diakses pada 6 Mei 2009.
  7. (ing basa Koréa) Hong, Jae-hyeon. 여자 아이들그룹 ‘3차 대전’ ‘애프터스쿨’·YG 3인조… ‘불꽃경쟁’ (Female Idol Groups, Three of Them in War: "After School" - "YG's Trio"...Flower War). DongA.com. 6 Januari 2009. Diakses pada 6 Mei 2009.
  8. (ing basa Koréa) Kim, Hyeong-woo. 여자빅뱅 5인조 결정 ‘산다라박 합류’ (Female Big Bang Now 5-Member Group, "Sandara Park Included"). Newsen. 21 Januari 2009. Diakses pada 6 Mei 2009.
  9. (ing basa Koréa) Lee, Hyae-rin. YG "원조 21에게 미안, '여자빅뱅' 이름 2NE1로 교체" (YG "We apologize to original '21' and Have Changed the Name to 2NE1!! Please forgive us!"). Asia Economy. 30 Maret 2009. Diakses pada 6 Mei 2009.
  10. Park Se-yeon (February 9, 2010). "2NE1 오늘(9일) 게릴라 신곡 깜짝공개 '날 따라 해봐요'". Joongang News (ing basa Korea). Jcube Interactive Inc. Dibukak ing November 6, 2010. {{cite web}}: Unknown parameter |trans_title= ignored (|trans-title= suggested) (pitulung)
  11. "Gaon Chart Search: 2NE1". Gaon Chart (ing basa Korea). Korea Music Content Industry Association. Dibukak ing October 30, 2010.
  12. "2NE1 9월9일 '트리플타이틀'로 출격" (ing basa Korea). Newsen. August 17, 2010. Dibukak ing August 20, 2010.
  13. (ing basa Koréa) Park, Mi Yae (October 23, 2010). "양현석 "2NE1 후속곡..할로윈 공개" 호기심". SPN (ing basa Korea). eDaily. Dibukak ing October 23, 2010. {{cite web}}: Unknown parameter |trans_title= ignored (|trans-title= suggested) (pitulung)
  14. "2NE1 후속곡 아파". YG Life (ing basa Korea). YG Entertainment. October 30, 2010. Dibukak ing October 29, 2010. {{cite web}}: Unknown parameter |trans_title= ignored (|trans-title= suggested) (pitulung) [pranala mati]
  15. Gil, Hye-seong (October 17, 2010). "2NE1, '인기가요' 초유 4주연속 1위". Star News (ing basa Korea). MoneyToday. Dibukak ing November 13, 2010. {{cite web}}: Unknown parameter |trans_title= ignored (|trans-title= suggested) (pitulung)
  16. Kim, Sunny (April 20, 2011). "Park Bom's "Don't Cry" Achieves An All-Kill!". MTVK. Viacom Inc. Dibukak ing April 21, 2011.
  17. "박봄". Naver Music (ing basa Korea). NHN Corp. Dibukak ing November 6, 2010. {{cite web}}: Unknown parameter |trans_title= ignored (|trans-title= suggested) (pitulung)
  18. Jo, Seong-hun (April 22, 2011). "박봄 '돈 크라이' 공개, 뮤비 속 눈물연기 화제". Gaon Chart. Korea Music Content Industry Association. Dibukak ing April 23, 2011. {{cite web}}: Unknown parameter |trans_title= ignored (|trans-title= suggested) (pitulung)
  19. a b "Gaon Chart Search: Park Bom". Gaon Chart (ing basa Korea). Korea Music Content Industry Association. Dibukak ing November 6, 2010.

Pranala njaba

Cithakan:Persondata