Menyang kontèn

Kupengan urip

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lingkungan hidup

Lingkungan hidup ya iku kesatuan panggonan karo sakabehing perkara, daya lan makhluk kang urip, ya iku manungsa lan apa kang dilakokake kanggo mempengaruhi kelangsungan panguripan lan kasajahteraan manungsa sarta makhluk kang urip liyane.[1] Undang-undang iku nduwèni tujuwan ya iku kanggo ningkatake kualitas urip, ncegah rusaking alas, lan aweh hukuman kanggo sapa wae kang gawé rusaking lingkungan.[2] Lingkungan kaperang dadi telu komponen kang ambangun, ya iku biotik (manungsa, kewan, lan tanduran), abiotik (banyu, lemah, lan angin), lan sosial (sosial, ékonomi, budaya, lan keséhatan masyarakat).[3]

Komponen lingkungan hidup iku ana dua jinis, ya iku komponen biotik lan komponen abiotik. komponen biotik ya iku makhluk hidup sing meliputi kewan, tumbuhan lan manusia. Komponen abiotik ya iku benda ora urip (banyu, tanah, watu, udara lan cahyo matahari. Kabeh komponen sing ana ning lingkungan hidup mujudake satu kesatuan sing ora iso misahke lan mbentuk sistem kehidupan sing disebut ekosistem. Antarane komunitas lan lingkungan mesti dadi interaksi. Interaksi iki ndadekake kesatuan ekologi sing disebut ekosistem. Ekosistem mujudake suatu kesatuan fungsional antarane komponen biotik lan komponen abiotik.

Cathetan Sikil

  1. (ing basa Indonésia)Undang-Undang No. 23 taun 1977
  2. Masalah transklusi: {{En}} mung bisa kaanggo ing mandhala aran Barkas. Anggonen {{lang-en}} utawa {{en icon}} baé.www.UNEP.org Environment (kaundhuh tanggal 14 Juli 2011)
  3. (ing basa Indonésia)Situs Resmi Kementrian Lingkungan Hidup RI Lingkungan Hidup (kaundhuh tanggal 14 Juli 2011)