Menyang kontèn

Airbus A380

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 14 Novèmber 2010 09.17 déning Luckas-bot (parembugan | pasumbang) (bot Menambah: sh:Airbas A380)
Airbus A380 perdana sing dienggo déning Singapore Airlines

Airbus A380 iku sawijining montor mabur utawa pesawat dèk dobel (basa Inggris double-deck) mawa papat mesin sing diprodhuksi déning perusahaan Éropah Airbus. A380 iku pesawat penumpang sing gedhé dhéwé sadonya. Pamaburan perdana A380 dianakaké ing Toulouse, Prancis ing tanggal 27 April 2005. Banjur pamaburan komersial perdanané ana ing tanggal 25 Oktober 2007 saka Singapura manuju Sidney déning maskapai Singapore Airlines sing dadi peluncur perdanané. Montor mabur iki diarani Airbus A3XX nalika dirancang nanging saiki uga kerep diarani Superjumbo.

Dèk dhuwur A380 iku modhot sadawaning fuselase pesawat. Bab iki dadi nggawé pesawat iki nduwé 50% bilik sing luwih amba tinimbang pesawat liyané sing gedhé kapindho, yaiku Boeing 747-400. A380 nyedyani kursi kanggo 525 penumpang ing konfigurasi standar telung kelas nganti 853 ing konfigurasi ékonomi penuh. A380 digawé ing vèrsi penumpang lan kargo. Vèrsi penumpang A380-800 iku pesawat penumpang sing gedhé dhéwé sadonya, luwih gedhé tinimbang saingané sing paling cedhak Boeing 747, nanging luwih cendhak tinimbang Airbus A340-600. Pesawat A340-600 iki pesawat Airbus sing paling gedhé kapindho. Airbus A380-800F, vèrsi kargo iku disedyakaké minangka salah sijining pesawat kargo sing gedhé dhéwé. Sing luwih gedhé manèh yaiku namung Antonov An-225. A380-800 nduwé radius pamaburan 15.200 kilometer (utawa 8.200 mil segara), cukup kanggo mabur saka New York City menyang Hong Kong contoné lan kacepetané ana Mach 0.85 (utawa 900 km/jam utawa 560 mil per jam ing cruise altitude).

Pranala jaba

Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA