Menyang kontèn

Airbus A380

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa


Airbus A380

A300 · A310 · A320 · A330 · A340 · A350 · A380 · A400M

Airbus A380 Singapore Airlines (Oktober 2009)
 Tipe Montor mabur komersial
 Produsen Airbus
 Pisanan mabur 27 April 2005
 Dikenalaké 25 Oktober 2007 déning Singapore Airlines
 Status Isih diprodhuksi
 Pemakai Singapore Airlines
Emirates
Qantas
Air France
 Diproduksi 2004 – saiki
 Cacah digawé 59 unit as of Fèbruari 2011[1]
 Rega satuan US$ 375.3 yuta dolar
Airbus A380 perdana sing dianggo déning Qantas

Airbus A380 iku sawijining montor mabur utawa pesawat dhèk dobel (basa Inggris double-deck) mawa papat mesin sing diprodhuksi déning perusahaan Éropah Airbus. A380 iku pesawat penumpang sing gedhé dhéwé sadonya. Pamaburan perdhana A380 dianakaké ing Toulouse, Prancis ing tanggal 27 April 2005. Banjur pamaburan komersial perdanané ana ing tanggal 25 Oktober 2007 saka Singapura tumuju Sydney déning maskapai Singapore Airlines sing dadi peluncur perdhanané. Montor mabur iki diarani Airbus A3XX nalika dirancang, nanging saiki uga kerep diarani Superjumbo.

Dhèk dhuwur A380 iku modhot sadawaning fuselase pesawat. Bab iki dadi nggawé pesawat iki nduwé 50% bilik sing luwih amba tinimbang pesawat liyané sing gedhé kapindho, yaiku Boeing 747-400. A380 nyedyani kursi kanggo 525 penumpang ing konfigurasi standhar telung kelas nganti 853 ing konfigurasi ékonomi kebak. A380 digawé ing vèrsi penumpang lan kargo. Vèrsi penumpang A380-800 iku pesawat penumpang sing gedhé dhéwé sadonya, luwih gedhé tinimbang saingané sing paling cedhak Boeing 747, nanging luwih cendhak tinimbang Airbus A340-600. Pesawat A340-600 iki pesawat Airbus sing paling gedhé kapindho. Airbus A380-800F, vèrsi kargo iku disedyakaké minangka salah sijining pesawat kargo sing gedhé dhéwé. Sing luwih gedhé manèh yaiku namung Antonov An-225. A380-800 nduwé radhius pamaburan 15.200 kilometer (utawa 8.200 mil segara), cukup kanggo mabur saka New York City menyang Hong Kong contoné lan kacepetané ana Mach 0.85 (utawa 900 km/jam utawa 560 mil per jam ing cruise altitude).

Rujukan

  1. "A380 production list". January 2011.

Pranala njaba

Artikel kagandhèng
Pesawat sarupa

MD12 - B747 - Ilyushin Il-96

Sèri desain sing padha

A300 - A310 - A318 - A319 - A320 - A321 - A330 - A340 - A350 - A380 -


Cithakan:Link FA Cithakan:Link FA