Pida To Ooooo

Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Anda di halaman 1dari 8

Home / PIDATO Bahasa Jawa: PERPISAHAN SISWA KELAS IX

PIDATO Bahasa Jawa: PERPISAHAN


SISWA KELAS IX
0
[Pick the date]
PERPISAHAN SISWA KELAS IX
Nuwun , panjenenganipun Bapak Kepala ingkang dhahat kinurmatan. Para tamu undhangan,
Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula urmati. Sederek kula siswa kelas IX lan kancakanca ingkang kula tresnani.
Kanthi rahmating Gusti ingkang Maha Agung, ing wekdal menika kita sedaya taksih
pinaringan karaharjan saha kawilujengan, saengga kita sedaya saget makempal wonten ing
aula SMP N 4 Surakarta kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Minangka wakil saking siswa kelas VII lan VIII, ingkang sepisan kula ndherek bingah dene
sedherek kula kelas IX sedaya sampun kasil anggenipun ngangsu kawruh lan ngrampungake
kewajibanipun wonten ing pawiyatan menika.
Kaping kalihipun, kula ugi ngaturaken gunging panuwun awit sedherek kula kelas IX sampun
paring pambiyantu, bimbingan saha pitedah, wewarah babagan ngelmu, katrampilan,
kawasisan menopo kemawon dhumateng kula sakanca kanthi ikhlasing manah. Kula bonten
saged ngaturaken piwales saking Gusti Allah ingkang trep kaliyan kesaenan panjenengan
wau.
Boten kesupen, kula sakanca ugi tansah ndedonga, mugi-mugi sedherek kula kelas IX
salajengipun saget katampi ing pawiyatan ingkang sae lan dipunremeni, dadosa manungsa
ingkang migunani tumrap bangsa, agami lan negari.
Minangka panutuping atur , kula sakanca nyuwun pangapunten, menawi sadangunipun
srawung kaliyan sedherek kula kelas IX kathah atur saha tindak-tanduk ingkang kirang
mranani penggalih panjenengan sedaya. Kula minangka wakil kelas VII,VIII nyuwun
agenging pangapunten. Nuwun.

Home

Daftar Isi

Pidato Keagamaan

Pidato Pendidikan

Pidato Umum

Artikel Jawa

Cerkak Jawa

Ragam

Home Pendidikan pidato bahasa jawa pidato bahasa jawa kagem perpisahan kelas 9
smp sma kelas 6 sd pidato perpisahan bahasa jawa Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Kelas
9 SMP

Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Kelas 9


SMP
Diposkan oleh Admin
Advertisement

Pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 SMP. Kagem sedaya para kadang lan kanca, wonten
ing ngandap menika katuraken satunggaling contoh pidato bahasa jawa perpisahan ingkang
saget kita ginakaken kagem pangertosan ugi kagem acara perpisahan sekolah. Babagkan
kelas ugi sekolahan saged dipun gantos sami kaliyan kabetahan kadhosto perpisahan Sekolah
Dasar (SD) kelas 6, utawi perpisahan SMA kelas XII. Mugi contoh pidato wonten ngandap
menika sageto ambiyantu kita sedaya anggenipun pasinaon babakan bahasa jawa.
Pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 SMP bagian pembuka
Assalamualaikum wr. Wb.
Alhamdulillahi robbilalamin, washho-laatu wassa laamu ala asysyrofil ambiyaa-i wal
mursaliina waala aalihi wa askhaabihi ajmain.
Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna muhammadan
abduhu wa rosuuluhu laa nabiya badah. Ama badu.
Salam kasugengan sarta karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sedaya
aamii.
Panjenenganipun bapak kepala sekolah SMP Negeri 1 Sleman ingkang satuhu kula bekteni
lan kurmati.
Bapak ibu guru sarta karyawan pawiyatan SMP Negeri 1 Sleman ingkang pantes sinuba ing
pakurmatan.
Miwah kanca-kanca kelas 9 (songo) lan adhik-adhik kelas 7 uga kelas 8 ingkang kula
tresnani.

Langkung rumiyen sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukaken puji
saha syukur wonten ngarsanipun Gusi Allah SWT ingkang sampun keparing angrentahaken
pinten-pinten kabagyan, kanikmatan mliginipun iman ingkang jejeg sarta kalodhangan,
satemah kula sedaya saget kempal manunggal ing plataran pawiyatan menika ingkang tansah
dados gegatilaning ati.
Selajenganipun kula minangka wod-lumaraping atur para kanca pawiyatan kelas 9 SMP
Negeri 1 Sleman riki keparing matur wonten ngarsanipun Bapak-Ibu guru karyawan saha
para adhik kelas 7 lan 8.
Pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 SMP bagian isi
Sepisan ngaturaken sedaya kalepatan salebeting sesrawungan ing pawiyatan SMP Negeri 1
Sleman menika, sae ingkang kasedya menapa dene ingkang mboten kasedya, ingkang
sampun kalaer utawi ingkang tasih kabatos, mugi panjenengan sedaya keparing
anglunturaken sih samodra pangaksami, kosok wangsulipun mbok menawi panjengan ugi
kagungan kalepatan datheng kula sakanca siswa kelas 9, ugi mboten kawratan caos
pangapunten.
Advertisement

Wondene atur ingkang nomer kalih, saestu kula dalah sedaya kanca siswa kelas 9 ngaturaken
agenging panuwun dhumateng Bapak/Ibu guru sarta karyawan ingkang sampun kepareng
paring pawucal, tuladha-tuladha, ugi bimbingan kang sedayanipun saged andayani dhateng
mekaring kadewasan kula sedaya. Awit saking sedaya kesaenan panjenengan sedaya, kula
namung tansah sumendhe dhumateng ngarsaning Pangeran Ingkah Maha Wikal, mugi sedaya
amal kesaenan panjenengan kewau pikantuk lelintu nugraha ingkang saageng-angengipun.
Aamiin, Aamiin, Alloh huma Aamin.
Pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 SMP bagian penutup
Mekaten ingkang saged kula aturaken, wonten lepat saha kasaring atur nyuwun lunturing
samodra pangaksami.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Mekaten satunggaling contoh pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 SMP ingkang saged
kita sedaya ubah sami kaliyan kabetahan kadhosto kagem perpisahan kelas 6 Sekolah Dasar
(SD) utawi kagem perpisahan SMA kelas 12. Contoh munika kalebu satunggaling pidato
bahasa jawa, sesorah bahasa jawa, utawi pranata acara. Salam rahayu dumateng kita sedaya.
Artikel menika kalebet: sesorah, contoh pidato bahasa jawa, teks pidato bahasa jawa, naskah
pidato bahasa jawa, pidato bahasa jawa singkat, sesorah bahasa jawa, contoh sesorah bahasa
jawa perpisahan, sesorah basa jawa perpisahan, contoh sesorah bahasa jawa, contoh sesorah
basa jawa kanti tema pendidikan, sesorah pendidikan perpisahan , sesorah bahasa jawa
perpisahan, pidato bahasa jawa, kumpulan pidato bahasa jawa, pidato perpisahan bahasa
jawa, pidato bahasa jawa tentang pendidikan, pidato bahasa jawa perpisahan, pidato bahasa
jawa perpisahan kelas 9, pidato bahasa jawa tentang perpisahan, pidato bahasa jawa
perpisahan sekolah, contoh pidato bahasa jawa tentang pendidikan, kerangka pidato bahasa
jawa, pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 smp

Contoh Pidato Perpisahan dalam Bahasa Jawa (ujian praktek)


23.00

fajar aji pamungkas

No comments

Contoh Pidato Perpisahan dalam Bahasa Jawa

Hay sobat bloger, saya mau ngasih contoh pidato perpisahan


dalam bahasa jawa nih, semoga bermanfaat ...hehe

Assalamualaikum Wr. Wb.


Ingkang kawula urmati Bapak Kepala SMP 1
Banyumas, ingkang kinurmatan dewan guru, komite
sekolah, ingkang berbahagia wali murid lan tamu

undangan saha rencang-rencang kelas 7,8,9 ingkang


kawula tresnani.
Mangga langkung rumiyin kita sesarengan
ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Allah SWT
ingkang sampun maringi kesehatan lan keselamatan
dhumateng kita sedaya, sahengga kita saged makempal
pinanggih ing acara perpisahan kelas 9 tahun ajaran
2010/2011, dinten senin, 5 maret 2012 ingkang enjang
menika.
Nuwun sewu, kula kadhawuhan mewakili kelas 9
ingkang acara perpisahan niki. Mbok bilih kula
anggenipun pidato kathah tuna dungkanipun kula
nyuwun agunging samodra pangaksami, awit kula
menika taksih adhapur latihan.
Para rawuh ingkang kawula urmati, kula badhe
ngaturaken maturnuwun dhumaten Kepala Sekolah
ingkang sampun maringi sarana lan prasarana ingkang
cekap sehingga kita saged belajar kanti lancar. Mboten
kesupen kula ngaturaken matur nuwun kangge
bapak,ibu guru lan warga sekolah ingkang tumut
membimbing, mengajar, lan memotivasi sehingga kita
saged ngrampungaken belajar lan angsal ilmu-ilmu
ingkang bermanfaat. Kangge bapak ibu, matur nuwun
kangge
pengorbananipun
ingkang
sampun
nyekolahaken kita ngantos lulus teng SMP niki lan
kawula sedaya nyuwun doa restunipun kangge
nglanjutaken teng sekolah
ingkang lewih inggil.
Ingkang
kaping
kalih,
kula
sedaya
ngaturaken
pangapunten kangge bapak,ibu guru ingkang sering
dados kecewa, nelangsa lan nesu amargi kekhilafan kita
sedaya. Kangge adik-adik kula kelas 7 lan 8, tetap
semangat kangge belajar lan meraih cita-citanipun.
Namun cekap semanten ingkang saged kula
aturaken, mbok menawi kathah atur tetembung ingkang

mboten
mranani
pangapunten.

penggalihipun.

Kula

nyuwun

Ya itu pidatonya, maaf kalau ada kesalahan :)

PIDATO BAHASA JAWA PERPISAHAN


Asslamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten,
bapak ibu guru ingkag dahat kinurmatan, rencang saha
adik kelas ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung.
Ingkang sampun anglu beraken rahmat sarta hidayah.
Dene kula panjenengan sami saged makenpal wonten
ing sekolahan kangge ngawontenanken perpisahan.
Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan mboten
kantun kula minangka wakilipun putra putri siswa kelas
sanga atur agunging panuwun ingkang tanpa upami
awit keiklasan saha sih katresnan Bapak/Ibu Guru
nggulawenthah dhumateng para siswa waengga saget
ngampungake kewajiban ingkang sampun kalampahan
sadangipun tigang tahun, khanti pikantuk surat tandha
tamat blajar.
Sedangipun tigang taun kula ngangsa kawruh
wonten ing pawiyatan wonten ing panggulemah
thanipun, ngantos wonten pengeketing batin seingga
karengku kados putraputri piyambak.
Bapak ibu tuwin adik adik ingkang satuhu kula
kurmati saha kula trisnani. Sakedhap malih kula

sarencang rencang nilaraken pawiyatan punika. Awrat


anggen kula matur kados pundi raosipun nilar
Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan
kedah mekaken, pramila kepeksan kula kaliyan rencang
rencang nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik adik kelas
pitu tuwin kelas wolu sanadjan ta sampun perpisahan
ingkang ateges tindih ing natra. Mewantu wantu kula
tansah nyenyuwun supados taksih celak ing pengasih.
Pawiyatan ingkang sampun metahu tahun sampun
tansah cecaketan kaliyan kula, kula sarencang rumaos
cuwa penggalih, badhe nilaraken pawiyatan menika,
amargi kahanan saka karsaning gusti, wonten
pepaggihan tamtu badhe wonten perpisahan, punika
kados sampun sampan kodrat mboten kenging dipun
owahi maleh.

Kula sarancang kelas sanga ingkang badhe nilaraken


pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedanga
adik adik sageda kasil anggen ipun ngangsu kawruh
wonten ing pawiyatan punika, kula minangka wakilipun
rencang kelas sanga tansah nyuwun, mugi mugi adik
adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu
dhumateng Bapak/Ibu Guru.
Mboten kantun ugi kulo dalah rencang kelas sanga
tansah memuji dhumateng gusti ingkang Maha Agung,
supados Bapak/Ibu Guru saa adik adik pikantuk
nikmateng pangeran wilujeng mboten wonten alangan
satunggal punapa.
Kulo kinten mboten prayogi menawi atur pamitan
pamitan punika kulo pepanjang. Kulo naming tansah

nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu


Guru saha adik adik. Sageda wilujeng sasampunipun
medal saking pawiyatan punik lan sageda pikantuk
pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu
ingkang langkung inggil. Ingkang mboten nglajengaken
sageda pangestu pedamelan ingkang samurwat kaliyan
pangetosan ingkang sampun tinampi.
Mbok menawi wonting kirang tata karma anggen
kulo matur saha sisip sembiring atur, kulo minongko
wakil kelas sanga tansah nyuwun agunging panuwun
igkang tanpa upami.
Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Wassalamualaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai