Weimes 1

Unduh sebagai pdf atau txt
Unduh sebagai pdf atau txt
Anda di halaman 1dari 13

UJIAN SEKOLAH BERSTANDAR NASIONAL

SEKOLAH MENENGAH ATAS SEMARANG PAKET A


TAHUN PELAJARAN 2017/2018

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


K-2013
Kelas : XII MIPA/IPS
Waktu : 120 Menit
Hari :
Tanggal :

PETUNJUK UMUM
1. Bacalah dengan teliti petunjuk dan pertanyaan setiap soal.
2. Tulislah terlebih dahulu nomor ujian pada lembar jawab yang tersedia.
3. Kerjakan pada lembar jawab yang tersedia dengan memberi tanda silang pada lembar jawaban.
4. Periksalah kembali seluruh pekerjaan Anda sebelum meninggalkan ruangan.

PETUNJUK KHUSUS
I. Pilihen wangsulan a, b, c, d utawa e minangka wangsulan sing paling bener, kanthi menehi
tandha ping ana ing lembar wangsulan!

1. Serat Wedhatama Pupuh Pangkur ing ngandhap ingkang suraosipun bilih anggenipun gulawenthah
putra kedah saged tinebihna saking nafsu angkara lan agama minangka tuntunan ingkang sae inggih
menika….

A B C
Mingkar mingkuring ukara, Jinejer neng Wedatama Nggugu karsaning priyangga,
Akarana karanan mardi siwi, Mrih tan kemba kembenganing Nora nganggo peparah lamun
Sinawung resmining kidung, pambudi, angling,
Sinuba sinukarta, Mangka nadyan tuwa pikun, Lumuh ing ngaran balilu,
Mrih kretarta pakartining Yen tan mikani rasa, Uger guru aleman,
ngelmu luhung Yekti sepi asepa lir sepah Nanging janma ingkang wus
Kang tumrap neng tanah Jawa, samun, waspadeng semu
Agama ageming aji. Samangsane pasamuan, Sinamun ing samudana,
Gonyak ganyuk nglilingsemi. Sesadon ingadu manis.

D E
Si pengung nora nglegawa, Mangkono ngelmu kang nyata,
Sangsayarda deniro cacariwis, Sanyatane mung weh reseping
Ngandhar-andhar angendhukur, ati,
Kandhane nora kaprah, Bungah ingaran cubluk,
saya elok alangka Sukeng tyas yen denina,
longkanganipun, Nora kaya si punggung
Si wasis waskitha ngalah, anggung gumrunggung
Ngalingi marang si pinging. Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip

2. “Kang Karjo metua! Ayo gotong royong nyang Dham Buntung. Dham Buntung ambrol, banyune
mbludag arahe mrene” mangkono kandhane bayan Mardi saka dalan ngarep omah.
“Apa, Dham Buntung ambrol”?
“Iya! Wis gek ndang mangkat dienteni kanca-kanca ana mbale!”
Enggal-enggal Karjo salin pangganggo nyaut pacul karo caping nggeblas budhal nyang mbale
dukuh. Pitakonane sing wadon karo anake ora dipaelu, mung weling supaya ana ngomah ngati-ati.
Tekan nggone katon banyu kimplah-kimplah mili saka jebolan dham ngener desane lan nrabas
kebonan tumuju pesawahan sing ana pinggir desa. Sinambi gotong royong nutupi jebolan ati lan
pikirane tumuju menyang sawahe sing arep panen lan biaya kanggo anake nerusake sekolahe.

Saking pethilan cerkak ing nginggil wontenipun raos tetulung antawisipun tiyang setunggal lan
sanesipun mratelaken bilih cariyos kasebut ngemot nilai ingkang sae inggih punika….

1
A. pendhidhikan D. etika
B. sosial E. estetika
C. moral
3. Sawentara punika, pamonten jejibahan (Plt) Kepala Dinas PSDA dan ESDM kitha Semarang Ayu
Entis ngakeni menawi rekomendasi saking Kejaksaan Negeri Semarang magepokan kolam retensi
Muktiharjo Kidul ngantos samenika dereng mandhap. Dadosipun proses pembangunan dereng
saged dipunlajengaken. Senajan mekaten, piyambakipun ngandharaken menawi pembangunan
kolam retensi benten amargi badhe enggal dipunlajengaken. ”Ing taun niki sampun dianggaraken
konjuk rencana pembangunan kolam retensi Tlogosari. Kita sedaya badhe nindakaken kanthi
bertahap,” Criyosipun rikala dikonfirmasi lumantar ponsel.
(Kapethik saking Pawarta Basa Jawa)
Wosipun pethilan pawarta ing ngingil inggih menika….
A. Pembangunan kolam retensi Tlogosari boten badhe dipunlajengaken malih amargi kirangipun
anggaran.
B. Pembangunan kolam retensi Tlogosari enggal dipunlajengaken sanajan rekomendasi dereng
mandhap.
C. Pembangunan kolam retensi Tlogosari dipunlajengaken lan asilipun sampun saged
dipunginakaken masyarakat.
D. Masyarakat Tlogosari mboten sarujuk pembangunan kolam retensi Tlogosari pramila mboten
kalajengaken.
E. Masyarakat Tlogosari ngawontenaken swabiaya magepokan kaliyan pembangunan kolam
retensi Tlogosari.
4. Wacan ing ngandhap kangge mangsuli angka 4-5!
Yen omah joglo dipisah miturut bageane, omah tradhisional Jawa Tengah kasusun saka pirang-
pirang bagean salah sijine yaiku bagean joglo umume digunakake kanggo nampa tamu. Dene, ana
bagean kang luwih njero, bisa kanggo nampa tamu kang luwih raket, ananging fungsi utamane
yaiku kanggo pagelaran wayang. Ana uga bagean papan kanggo kulawarga. Kamar kulawarga uga
diperang dadi pirang-pirang kamar yaiku sisih tengen lan kiwa.
Bagean joglo ingkang dipunginakaken nampi tamu inggih punika….
A. pendhapa D. senthong tengen
B. prigitan E. senthong kiwa
C. omah ndalem
5. Paragrap ing nginggil ngandharaken endahipun Joglo ingkang kaperang wonten pinten-pinten
bagean ing salebetipun. Pramila menika joglo menika ngemot nilai inggih punika….
A. pendhidhikan D. etika
B. sosial E. estetika
C. moral
6. Gatekaken panyeraran ukara mawi aksara Jawa menika.
1.

2.

3.

4.

Ukara mawi aksara Jawa ing nginggil ingkang migunakaken sandhangan mandaswara inggih
punika….
A. 1 lan 2 C. 2 lan 3
B. 1 lan 3 D. 2 lan 4
E. 3 lan 4

7. Gatekaken teks Serat Wedhatama Pupuh Sinom menika.


Nuladha laku utama,
Tumrape wong tanah jawi,

2
Wong agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senapati,
Kepati amarsudi,
Sudaning hawa lan nepsu,
Pinesu tapa brata,
Tanapi ing siyang ratri,
Amemangun karyenak tyasing sasama.
Saking teks Serat Wedhatama Pupuh Sinom ing nginggil minangka tuladhanipun tiyang Jawi inggih
menika Panembehan Senapati ingkang saged ngirangi hawa nepsu kanthi cara….
A. seneng tetulung mring sesami D. prihatin lan tresna asih mring sesami
B. tansah tumintak tebih ing culika E. prihatin lan tapa brata
C. remen paweweh mring liyan
8. Waosen pethilan teks crita wayang ing ngandhap!
Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi
kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu
cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus.
Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana.
Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang
kaderekaken repat punakawan.
“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten
wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…”
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon.
“Putuku ngger, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu
Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…”

Watakipun Raden Permadi jumbuh kaliyan pethilan teks ing nginggil inggih punika….
A. mbela nagara D. tresna marang eyange
B. goroh marang eyange E. tresna marang ibune
C. goroh marang ibune
9. Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing
sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem.
Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para
tamu.
Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing
sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian.
Tembung hamengku gati ing nginggil mengku kajeng inggih menika….
A. ingkang badhe lukar busana
B. ingkang badhe palakrami
C. ingkang kagungan kersa
D. ingkang para rawuh
E. ingkang para pini sepuh
10. Kangge mangsuli angka 10-11!
Jadah uga minangka jajan sing kudu ana ing acara tedhak siten kang adi luhung. Kaya kang
wis dimangerteni, tedhak siten minagka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur pitung
sasi supaya tansah rahayu slamet.
Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna pitu kang sarwa
edi peni yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu, babagan kasebut ngemu teges
minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing
donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran kauripan
menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati.
Jadah pitu ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa prekara
sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing
entheng, ateges uga sanajan abot prekarane mesthi bisa karampungake.

Jadah minangka jajan ingkang kedah wonten ing acara tedhak siten ngemu suraos ingkang becik
kangge gesang bebrayan pramila saking andharan teks ing nginggil ingkang ngemot nilai….
A. sosial B. religius

3
C. moral E. estetika
D. etika
11. Saking pethilan teks ing nginggil ingkang kalebet tembung saroja inggih menika….
A. tedhak siten, adi luhung, rahayu slamet D. adiluhung, rahayu slamet, edi peni
B. tedhak siten, adi luhung, edi peni E. rahayu slamet, edi peni, putra-putri
C. tedhak siten, adi luhung, putra-putri
12.

Ukara mawi aksara Jawi ing nginggil Latinipun inggih punika….


A. Dinten punika surya 15 Februari 2018 libur.
B. Dinten punika surya 16 Februari 2018 libur.
C. Dinten punika surya 17 Februari 2018 libur.
D. Dinten punika surya 18 Februari 2018 libur.
E. Dinten punika surya 19 Februari 2018 libur.
13. Gatekaken tembang ing ngandhap menika!

I II
Ngelmu iku kalakone kanthi laku, Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Gegolonganira, Lekase lawan kas
Triloka lekere kongsi, Tegese kas nyantosani
Yen den umbar ambabar dadi rubeda Setya budya pangekese dur angkara

III IV
Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun, Taman limut, durgameng tyas kang weh limput,
Semune ngaksama, Kereming karamat,
Sasamane bangsa sisip, Karana karohaning sih,
Sarwa sareh saking mardi marto tama. Sihing sukma ngreda sahardi gengira

V
Yeku patut, tinulad-tulad tinurut,
Sapituduhira,
Aja kaya jaman mangkin,
Keh pramudha mundhi dhiri lapel makna

Saking teks tembang Pocung ing nginggil ingkang mengku teges bilih ilmu menika kawujud
menawi dipunlampahi, ewandene budi setya ingkang nyirnakaken nafsu angkara, inggih menika….
A. I B. II C. III D.IV E. V
14. Gatekaken petilan novel menika!
Sopir terus murugi otonipun piyambak kaliyan nggered rambutipun Kasna, awit Kasna mlongo
dening lurahipun boten purun nampi arta. Mangka sayektosipun sampun kumecer sumerep
tanganipun wau isi arta. Mila semu gela sanget, dening mlesed pangajeng-ajengipun tampi
panduman. Satemah namung ngingetaken kaliyan mlongi. Nanging dereng kasumerepan dening
ingkan badhe suka ganjaran kesesa dipunsered sopiripun. (kapethik saka novel Ngulandara)
Pitutur saking pethilan novel ing nginggil inggih punika …
A. Dadi wong aja pamrih nanging senenga dol tinuku omong.
B. Dadi wong kudu mrengut yen ora entuk pitulungan.
C. Dadi wong kudu seneng yen kebak bandha donya.
D. Dadi wong kudu aja seneng jupuk barang liyan.
E. Dadi wong kudu seneng tetulung tanpa pamrih.
15. Para rawuh kakung putri ingkang minulya. Kita minangka abdi Negara lan abdi masyarakat, ugi
saged sinebat pamong praja. Amargi kita minangka ingkang dados abdi, kawula, malah saged dipun
wastani batur. Lha abdi, kawula, menapa malih dados batur menika kedah paring ladosan
dhumateng bendharanipun. Mila minangka abdi masyarakat sageda paring pelayanan utawi leladi

4
kanthi saestu dhumateng masyarakat ingkang sejatosipun bendara kita. Boten malah
sawangsulanipun, kita ingkang nyuwun leladi saking masyarakat.
Wosipun pethilan teks sesorah ing nginggil inggih punika….
A. abdi negara ora kena pilih kasih
B. abdi negara dudu bature masyarakat
C. abdi negara kudu menehi pelayanan sing paling apik marang masyarakat
D. masyarakat iku bature abdi negara
E. masyarakat kudu ngajeni abdi negara
16. Upacara iki wujude panganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri
ngresiki ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka pralambang
penganten kakung kang bakal dadi pangarsane kluwarga lan ngabdine penganten putri minangka
garwa.
Upacara sajroning mantu ing dhuwur kang dikarepake yaiku….
A. balangan suruh D. kacar-kucur
B. sinduran E. wiji dadi
C. bobot timang
17. Gatekaken gambar ing ngandhap!

I II III IV V
Sinduran minangka pralambang pinanganten sakloron sampun tinampa dados kulawarga.
Gambar acara sinduran inggih menika….
A. I B. II C. III D.IV E.V
18.

Ukara mawi aksara Jawi ing nginggil Latinipun inggih punika….


A. Wong dzalim kesed dzikir sarta ora zakat. D. Wong zalim kesed fikir sarta ora zakat.
B. Wong zalim kesed dzikir sarta ora zakat. E. Wong dhalim kesed dzikir sarta ora jakat.
C. Wong dzalim kesed fikir sarta ora zakat.
19. Gatekaken tembang ing ngandhap menika!
lire sarengat iku,
kena uga ingaranan laku,
dihin ajeg kapindhone ataberi,
pakolehe putraningsun,
…….............................
Supados jangkep, ceceg-ceceg ing nginggil kaisi gatra…..
A. Angruwat ruwet ing batos D. Nyenyeger badan mrih kamot
B. Angruwata ruweting batos E. Nyenyeger kalbu amrih kaemot
C. Nyeger badan amrih kamot
20. Petikan teks crita rakyat menika kangge mangsuli pitakonan angka 20!
Tengger
Kyai Seger lan Nyai Anteng wis ora kasepen maneh, kepara banget seneng
atine awit kaparingan anak cacah selawe. Sing pembayun dijenengi Kusuma.
Bocahe gagah prakosa tur bagus. Ora nggumunake yen ta pambayune iki
minangka gegantilaning ati. Semono uga tumrap adhi-adhine Kusuma, ora
kurang-kurang anggone nresnani. Ora emban cindhe emban siladan. Kabeh padha
pangrengkuhe.

Pitutur luhur ingkang saged kapendhet saking criyos ing nginggil inggih punika...
A. ora kena emban cindhe emban siladan marang anak
B. tansah ngucap syukur marang kanugrahaning Gusti

5
C. tansah sabar ngadhepi pacobaning urip
D. abot enthenge sanggan disangga bebarengan
E. kudu manut marang pangandikaning wong tuwa
21. Gatekaken gambar ing ngandhap punika!

Saking iklan ing nginggil ngajak ingkang sami maos supados…..


A. enggal bayar pajek D. pajek bisa dibayar gampang
B. teka ing kantor pajek E. gage ngurus ing kantor pajek
C. pajek bisa dibayar cepet
22. Wacan ing ing ngandhap kangge mangsuli angka 22!
Pagelaran ringgit purwo utawi wayang kulit mujudaken pagelaran lakon crito kanthi iringan
tetabuhan gamelan. Pagelaran wayang kulit dados panglipur ingkang jangkep, dipunwastani
jangkep amargi kathah unsur salebetipun, kadosta seni sandiwara, seni sastra, seni swara, lan ugi
seni karawitan. Sedaya unsur kalawau mboten saged madeg piyambak, sedaya unsur menika kala
wau manunggal kanthi endah sarta laras. Dados wayang menika nggadhahi doyo tumrap psikologi.
Adhedhasar wacan ing nginggil, panyeratan tembung ingkang kirang trep miturut ejaanipun inggih
punika......
A. purwo, mujudaken, crito D. mujudaken, crito, madeg
B. purwo, crito, madeg E. mujudaken, madeg, doyo
C. purwo, crito, doyo
23. Wacan ing ing ngandhap kangge mangsuli angka 23!

Guru : “Ngger Panangsang, Bapa isih kagungan rekadaya. Yen


angger isih kepingin ngalahake Hadiwijawa mula
lakonana. Sepisan cegah dhahar lan sare suwene 40 dina,
kaping pindho paring boga wong kang ora duwe, kaping
telu ora pareng caket wanita, kaping papat ora pareng
duka. Kepriye, saguh apa ora?”
Arya Panangsang : “Kedah sabar dangunipun 40 dinten? Nggih
sagah…sagah…”

Nitik saking paraganipun, pethilan wacan ing nginggil inggih punika...


A. Kethoprak D. Ringgit Kancil
B. Ringgit Wacucal E. Ringgit Suluh
C. Ringgit Tiyang
24. Taun 1881 Sosroningrat diangkat dadi Bupati Jepara.
Ukara ing nginggil menawi dipunserat migunakaken aksara Jawa inggih punika.....
A.

B.

C.

D.

6
E.

25. Tembang menika dumadi saking enem gatra, ewandene watakipun nyawiji, remen lan raket. Watak
kasebat trep kangge paring pitutur ngandharake katresnan.
Titikan sanesipun saged dipuntingali ing pada menika.
aywa sembrana ing kalbu,
wawasen wuwus sireki,
ing kono yekti karasa,
dudu ucape pribadi,
marma den sembadeng sedya,
wewesen praptaning uwis
Nitik saking andharan ing nginggil kalebet tembang macapat.....dene guru wilangan saha guru
lagunipun inggih menika.....
A. Pocung, 12u-6a- 8i- 12a
B. Gambuh, 7u-10u-12i-8o
C. Kinanthi, 8u-8i-8a-8i-8a-8i
D. Sinom,8a-8i-8a-8i-7i-8u-7a-8i-12a
E. Dhandhanggula, 10i-10a-8e-7u-9i,7a-6u-8a-12e,7a
26. Mangka kanthining tumuwuh,
Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi wiryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.
Tembung lukitaning saking kalih tembung inggih punika lukita lan ing mengku teges….
A. paningal D. cahya
B. pitedah E. ikhlas
C. pamireng
27. Pada ingkang ngemot bilih tiyang gesang menika kedah tansah eling lan waspada inggih menika….

A B C
Aywa sembrana ing kalbu, Marma den taberi kulup, Meloke yen arsa muluk,
Wawasen wuwus sireki, Angulah lantiping ati, Muluk ujare lir wali,
Ing kono yekti karasa, Rina wengi den anedya Wola-wali nora nyata,
Dudu ucape pribadi, Pandak-panduking ing Anggepe pandhita luwih,
Marma den sembadeng pambudi, Kaluwihane tan ana,
sedya, Bengkaskahardaning driya, Kabeh tandha-tandha sepi
Wewesen praptaning uwis. Supaya dadya utami.

D E
Mangka kanthining Kawruh mung ana wuwus,
tumuwuh, Wuwuse gumaib gaib,
Salami mung awas eling, Kasliring thikthik tan kena,
Eling lukitaning alam, Mancereng alise gathik,
Dadi wiryaning dumadi, Apa pandhita antiga,
Supadi nir ing sangsaya, Kang mangkono iku kaki.
Yeku pangreksaning urip.

28. Gatekaken geguritan ing ngandhap kangge mangsuli angka 28-30!


KERUKUNAN
(Sunardi KS)
Kaya unine siter
Senajan saka senar kang beda

7
Nuwuhke endahe suwara
Yen kabeh yaga kudu nyuwara
Tanpa genti-genten menehi kalodhangan liyan
Ora bakal nuwuhake lagu
Kang kepenak dirungu
Kaya kartika ing angkasa
Nduweni papan kang merdika
Kaya rembulan lan bagaswara
Ngayahi jejibahan kang ora mesthi padha
Kaya driji-driji tangan
Yen salah sawijine sulaya
Ora bakal duwe kekuwatan
Kerukunan iku kaya hawa
Mlebu-metu bolongane grana
Senajan ora ngawistara
Nggawa irama
Saking geguritan ing nginggil, tembung nuwuhake, kartika, lan bagaskara tegesipun inggih
menika….
A. nukulake, rembulan, lan srengenge D. ngrantam, lintang, lan srengenge
B. nukulake, lintang, lan sumunar E. ngrantam, rembulan, lan srengenge
C. nukulake, lintang, srengenge
29. Undheranipun prakawis geguritan ing nginggil inggih menika ....
A. Karukunan D. Pendidikan
B. Bebrayan E. Pasulayan
C. Katentreman
30. Geguritan ing nginggil gunggungipun wanda saben sagatra mboten sami ateges mardika, pramila
menika geguritan ing nginggil kalebet gagrag…
A. panganggit D. enggal
B. pangripta E. kuna
C. penyengkuyung
31. Sabuk minangka peranganipun busana adat Jawa kakung ingkang dipunangge nutupi setagen.
Setagen ingkang sampun nyingseti sinjang supados sampun ngantos mlorot lajeng katutup kaliyan
sabuk menika. Patrapipun ngagem kanthi kaubedaken badan kawiwitan saking nginggil ubedipun
mengiwa. Ubedipun kawiwitan saking nginggil lajeng mengandhap supados mangkenipun saged
dipunangge nyengkelitaken dhuwung ing sisih wingking.
Saking pethilan ing nginggil wosipun inggih punika….
A. Sabuk minangka peranganipun busana adat Jawa kakung ingkang dipunangge nutupi setagen
lan nyengkelitaken dhuwung.
B. Sabuk minangka peranganipun busana adat Jawa kakung kangge nyingseti sinjang supados
sampun ngantos mlorot.
C. Sabuk minangka peranganipun busana adat Jawa kakungingkang dipunangge saking nginggil
lajeng mengandhap.
D. Sabuk minangka peranganipun busana adat Jawa kakung kaubedaken badan kawiwitan saking
nginggil.
E. Sabuk minangka peranganipun busana adat Jawa kakung kaubedaken mengiwa.

32. Gambar busana adat Jawa kakung ing sisih kiwa inggih
menika ....
A. epek D. dhestar
B. timang E. nyamping
C. stagen
33. Pawongan ayu siji kae pancen seje, menawa crita bisa kedawa-dawa kabeh dirasani ora ana sing
bener anane wong liya mung kleru, nanging menawa diwenehi gaweyan siji wae ora rampung-
rampung malah kepara semaya wae.
Pethilan teks ing nginggil jumbuh kaliyan paribasan….
A. arebut balung tanpa sunsum C. becik ketitik ala ketara
B. yitna yuwana lena kena D. ayu sumringah bungah

8
E. kenes ora ethes
34. Gambar ing sisih kiwa minangka piranti gamelan ingkang
dipunwatani kenong dene caranipun ngungelaken kanthi….
A. dipuntabuh D. dipunsebul
B. dipunthuthuk E. dipunpetik
C. dipungesek

35. Gong minangka salah setunggaling piranti gamelan Jawa ingkang dipuntabuh, dipundamel saking
wesi lan ukurunipun ageng piyambak. Piranti menika padatan manggenipun ing wingking
piyambak, dipungantung ing palang ingkang padatan dipundamel saking kajeng ukuranipun ugi
ageng. Wonten kalih jinis gong inggih menika gong ageng lan gong suwuk.
Saking teks ing nginggil ingkang ngandharaken babagan gong kalebet jinis paragrap….
A. narasi D. deskripsi
B. persuasi E. argumentasi
C. eksposisi
36. Piranti gamelan ingkang suwantenipun saking gesekan senar kaliyan senar, minangka racikan
gamelan ungelipun saking dipun gesek ingkang sejatosipun piranti musik saking Timur Tengah
inggih menika….
A. siter D. gender
B. rebab E. suling
C. slenthem
37. Piranti gamelan Jawa ..... ngungelipun kanthi cara dipuntabuh lan dipunwastani gender panembung
ingkang gadhahi wilangan ..... sami kaliyan wilah saron sarta nggadhahi ..... paling endhek menawi
katandhingaken kelompok saron.
Tembung-tembung ingkang trep kangge jangkepi ceceg-ceceg ing nginggil inggih punika.....
A. slenthem, gungungipun, swanten D. gender, agengipun, swanten
B. slenthem, agengipun, swanten E. gender, agengipun, werni
C. gender, gungungipun, swanten
38. Ali Usman nalika isih umur limang taun senenge menawa weruh srengeng.
Ukara kasebat menawi kaserat mawi aksara Jawi inggih menika
A.

B.

C.

D.

E.

39.

Ukara mawi aksara Jawi ing nginggil Latinipun inggih menika.....


A. Udakara sasi Oktober iki Ira arep entuk bebungah.
B. Udakara sasi Oktober iki Ara arep entuk bebungah.
C. Udakara sasi Oktober iki Era arep entuk bebungah.
D. Udakara sasi November iki Ira arep entuk bebungah.
E. Udakara sasi November iki Ara arep entuk bebungah.
40. ..... .....

Supados dados ukara ingkang sae ceceg-ceceg kasebut dipunjangkepi tembung ingkang trep inggih
punika.....

9
A. lan

B. lan

C. lan

D. lan

E. lan

41. Gatekaken Pupuh Dhandhanggula Serat Tripama menika.


Kumbakarna kinen mangsah jurit,
Mring kang rak sira tan lenggana,
Nglungguhi kasatriyane,
Ing tekad datan purun,
Amung cipta labih nagari,
Lan nolih yayahrena,
Myang luluhuripun,
Wus mukti aneng Ngalengka,
Mangke arsa rinusak ing bala kali,
Punagi mati ngrana.
Saking teks tembang ing nginggil kasaenan ingkang saged dipuntuladani saking Kumbakarna
inggih punika….
A. Nggadhahi watak kasatriya kangge nglawan para rewanda.
B. Nggadhahi watak kasatriya kangge mbela nagari.
C. Ngupadi dadosaken nagari Ngalengka saged ngasoraken nagari sanes.
D. Mukti kangge dhiri pribadi supados pikantuk kalenggahan.
E. Kagungan tekad kangge ngrisak nagari sanes.
42. Gatekaken Pupuh Dhandhanggula Serat Tripama menika.
Minungsuhken kadange pribadi,
Aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
Dene sira pikantuk,
Marga dennya arsa males-sih,
Ira sang Duryudana,
Marmanta kalangkung,
Dennya ngetog kasudiran,
Aprang rame Karna mati jinemparing,
Sumbaga wirotama
Prayatan ing ngandhap menika ingkang jumbuh kaliyan teks tembang ing nginggil inggih punika….
A. Basukarna tandhing nglawan pandhawa amargi serik manahipun mboten dipunakeni minangka
putranipun Kunthi.
B. Basukarna perang tandhing nglawan pandhawa minangka wujud setya janji males
kabecikanipun Duryudana.
C. Basukarna purun tandhing nglawan pandhawa amargi Duryudana setya janji badhe ndadosaken
piyambakipun dados Raja Alengka.
D. Basukarna perang tandhing kangge nuduhaken kasagedanipun ngginakaken jemparing supados
mboten dipunlirwakaken.
E. Basukarna pejah minangka satriya utama amargi sampun tumindak kabecikan kanthi bela
ibunipun.
43. Gatekaken Pupuh Dhandhanggula Serat Tripama menika.
Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa samya anulada,
Kadya nguni caritane,

10
Andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
Aran Patih Suwanda,
Lalabuhanipun,
Kang ginelung tri prakara,
Guna kaya purunne kang denantepi,
Nuhoni trah utama.
Saking teks tembang ing nginggil, tigang perkawis ingkang saged dipuntuladhani saking Patih
Suwanda inggih punika….
A. guna, kaya, lan purun D. tuhu, utama, lan tetep
B. guna, kaya, lan tetep E. tuhu, utama, lan purun
C. guna, kaya, lan tuhu
44. 1. Janur gunung temen, kadingaren sore-sore dolan mrene.
2. Bocah wadon mbok aja mangan ngarep lawing kaya ngono kuwi mengko mundhak adoh
jodhone.
3. Dikandani wong tuwa senengane ngeyel, aja sok manga nana ing paturon mengko mundhak
gudhigen.
4. Tandurane para petani padha ijo royo-royo nengsemake katon gemah ripah loh jinawi.
Saking ukura-ukara ing nginggil ingkang ngemot gugon tuhon inggih punika….
A. 1 lan 2 D. 2 lan 3
B. 1 lan 3 E. 2 lan 4
C. 1 lan 4
45. Wong jawa duweni kapercayan nuhoni barang kang duweni daya ngluwihi kodrat nanging kabeh
mau sajane ngemot piweling, kayata gugon tuhon yen madhang aja sok nyisa mundhak mati pitike.
Tegese utawa karepe gugon tuhon kasebut menawa pancen nyisa dipakake pitik ndadekake pitike
lemu. Ananging karepe wong tuwa ora kaya mangkono, menawa madhang nganti nyisa sing arep
ngentekake ya sapa, dadi yen njupuk sega sacukupe wae aja akeh-akeh dene kurang bisa imbuh
tinimbang nyisa.
Wosipun wacan ing nginggil inggih menika….
A. Gugon tuhon yen madhang aja sok nyisa mundhak mati pitike kena dipercaya kena ora.
B. Gugon tuhon yen madhang aja sok nyisa mundhak mati pitike yen mandhange isih nyisa
dipakakake pitik.
C. Yen madhang aja sok nyisa mundhak mati pitike tegese ndadekake pitike lemu.
D. Yen madhang aja sok nyisa mundhak mati pitike karepe wong tuwa yen jupuk sega sacukupe
supaya ora nyisa.
E. Yen madhang aja sok nyisa mundhak mati pitike karepe tinimbang nyisa aluwung dipakakake
pitik.
46. Aja sok dolanan beras mundhak tangane kriting tegese yen dinalar dolanan beras karo tangane
kriting ora ana gegayutane, nanging beras minangka bahan makanan pokok kang wigati, menawa
dienggo dolanan ora becik, durung maneh menawa tangane reged bisa dadekake beras ora bisa
diolah. Tur maneh beras iku dipangan menawa digawe dolanan uga murang tata.
Nilai-nilai ingkang kaemot saking gugon tuhon Aja sok dolanan beras mundhak tangane kriting
inggih menika…
A. moral D. etika
B. sosial E. estetis
C. religius
47. Salah sijine warisan leluhur kang diucapake nalika nemoni kahanan utawa kedadeyan kang ora
becik disawang iku diarani wewaler kayata aja mangan sangga ajang. Ngandel kena ora ya kena
bakune anane dielingake merga ora becik.
Wewaler aja mangan sangga ajang ing nginggil ngemu kajeng…
A. Yen mangan disangga kuwi rasane beda dadi luwih penak
B. Yen mangan disangga kuwi dadi gampang yen arep njupuk lawuh
C. Menawa mangan disangga gampang wutah, mula luwih becik ajange disangga yen wutah bias
jupuk maneh
D. Menawa mangan disangga ora gampang wutah, mula luwih becik ajange disangga bae supaya
cepet anggone jupuk
E. Menawa mangan disangga gampang wutah, mula luwih becik ajange didelehake dhuwur meja

11
48. Amir nalika dugi Semarang tabuh 5 sore mau krasa pating greges mula ngombe vitamin.
Panulisan mawa aksara Jawa kang bener yaiku….
A.

B.

C.

D.

E.

49.

Latinipun inggih punika….


A. Kartini lair ing Jepara 21 April 1869 putri saking Ario Sosroningrat ingkang krama ing sasi
November dene simbahipun punika Kyai Madirono.
B. Kartini lair ing Jepara 21 April 1879 putri saking Ario Sosroningrat ingkang krama ing sasi
November dene simbahipun punika Kyai Madirono.
C. Kartini lair ing Jepara 21 April 1879 putri saking Irio Sosroningrat ingkang krama ing sasi
November dene simbahipun punika Kyai Madirono.
D. Kartini lair ing Jepara 21 April 1859 putri saking Irio Sosroningrat ingkang krama ing sasi
November dene simbahipun punika Kyai Madirono.
E. Kartini lair ing Jepara 21 April 1869 putri saking Ario Sosroningrat ingkang krama ing sasi
Desember dene simbahipun punika Kyai Madirono.

50. …. ....

....

12
….

Ceceg-ceceg ing nginggil supados trep dipunjangkepi tembung-tembung inggih punika….

A. - - -

B. - – -

C. - - -

D. - - -

E. - - -

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

51. Kadamela setunggal paragrap deskripsi babagan tumpeng!


52. Kadamela panutup sesorah kanthi tema “Hari Bahasa Ibu Internasional”!
53. Gatekaken geguritan ing ngandhap!
….
Jagade nate kandha
Jagade nelangsa
Jagade nangis ra kuwawa
Kabeh diregeti
Kabeh dijupuki
Kabeh digundhuli
Lemah jugrug
Bena ora sela
Pitutur luhur saking geguritan ing nginggil inggih punika….

54. Gatekaken gambar piranti gamelan menika.


Kadamela setunggal paragraph eksposisi magepokan kaliyan gambar sisih
kiwa!

55. Presiden Sukarno lair ing Surabaya 6 Juni 1970 salah setunggal garwanipun menika Fatmawati.
Sukarno minangka proklamator nate gegayutan Supersemar ingkang kontroversial.

Ukara mawi Latin ing nginggil kaowahana migunakaken aksara Jawi!

~ Sugeng Makarya ~

13

Anda mungkin juga menyukai