Soal Ujian Praktik - Bahasa Jawa Ta 2022 2023

Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Unduh sebagai docx, pdf, atau txt
Anda di halaman 1dari 6

PEMERINTAH KABUPATEN PEMALANG

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SD NEGERI 02 GLANDANG

UJIAN SEKOLAH PRAKTIK


TAHUN PELAJARAN 20222/ 2023

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Hari, Tanggal : Sabtu, 6 Mei 2023
Watu : 08.00- 10.00 WIB (120 menit)

I. PETUNJUK UMUM
1. Peserta harus hadir 15 menit sebelum ujian dimulai.
2. Peserta harus mengisi daftar hadir
3. Peserta ujian memakai Nomor dada Ujian Praktik
4. Peserta yang terlambat hadir hanya boleh mengikuti ujian atas Izin dari
Penyelenggara atau Panitia Ujian

II. PETUNJUK KHUSUS


1. Setiap Peserta melakukan praktik 1 materi wajib yaitu : Maca geguritan
2. Setiap peserta memilih diantara 3 materi pilihan yaitu :
Nulis cerita sing dirungokake, Pidato/ Sesorah, Tembang Macapat)
3. Materi Wajib :

Kompetensi Dasar Indikator


5.1 Mengapresiasi geguritan 5.1.1 Disajikan sebuah puisi/ geguritan dengan tema
tertentu, siswa dapat membacakan dengan lafal,
intonasi, dan ekspresi yang tepat.

4. Materi pilihan :

Kompetensi Dasar Indikator


1.1 Mendengarkan cerita wayang 1.1.1 Disajikan rekaman cerita wayang, siswa dapat
menceritakan kembali isi cerita dengan bahasa sendiri.
2.1 Berpidato/ memberi sambutan 2.1.1 Disajikan teks pidato untuk sebuah acara di sekolah,
untuk acara di sekolah siswa dapat membacakan dengan lafal, intonasi, dan ekspresi
yang tepat.

5.2 Mengapresiasi tembang 5.2.1 Disajikan tembang macapat, siswa dapat menyanyikan
macapat dengan lafal, intonasi, dan ekspresi yang tepat.

MATERI PRAKTIK WAJIB


(Maca geguritan)
Wacanen geguritan iki nganggo lafal, intonasi lan ekspresi kang bener !

IBU
Nalika isih ana sliramu
Rasane kabeh cumawis
Tanpa mikir
Dhek semana tanpa legewa
Yen manungsa umure tan bisa kinira

Ibu, mestine dina iki tanggap warsa


Nanging, ibu wis ana alam liya
Apa iya isih bisa tumenga
Marang putra wayahira
Ibu, kapangku tan kinira
Kepingin cecedhakan
S. Diarwanti

MATERI PRAKTIK PILIHAN 1


Rungokno lan Critakna meneh cerita ing ngisor nganggo basamu dhewe!

Sektine Pandhawa

Pandawa yaiku Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa. Wong lima yaiku anak saka
Pandu lan Kunti. Diarani Pandawa amarga duwe limang anggota. Minangka titisan para dewa,
para Pandhawa duwe kekuwatan sing luar biasa. Kabeh Pandhawa kasebut duwe kekuwatan sing
beda lan duwe keahliane dhewe-dhewe. Ing sisih liya, ana Kurawa, bocah-bocah saka
Destsarastra sing ora becik lan meri.

Sepisan nalika Destrarastra minangka raja lan bapak saka Kurawa nyoba supaya adil ing kabeh.
Kalebu karo anak Pandu sing sadulure. nanging Kurawa, sing diwakili Duryudana minangka
anak pertama saka Destrarastra, ora setuju karo kekarepane bapake. Klebu ing pesta Duryudana
yaiku Sengkuni. Wong licik sing dadi kepengin ngrusak kerajaan.

Drestrarastra isih nyoba nindakake keadilan. Anak-anake minangka Kurawa lan Pandu
minangka hak diwenehi pamulangan sing padha saka guru Drona. Nggawe papan kanggo sinau
lan praktek kabeh sing ana ing kana. Sedaya Kurawa lan Pandawa kasebut kudu dituruti arahan
lan pamulangan sing ditindakake dening guru Drona. Gurune Drona dhewe yaiku Brahmana
sing kuat. Kekuwatane lan ketrampilan kanggo nglawan ora ana sing ngalahke. Guru Drona
ngajak murid-muride nututi supaya latihan ing wana.

Sing katon ing sisih Kurawa satus wong, dheweke keluh cukup lan kesulitan latihan sing
diwulang saka guru Drona. Nalika ing Pandhawa, wong lima kasebut katon seneng. Ing sisih
Kurawa, mung Duryudana sing katon kuwat lan gagah. Nalika ing Pandhawa, wong lima
kasebut katon nuduhake kemampuan sing paling apik. Yudhistira nganggo pedhang katon kuwat
lan wicaksana. Yudhistira saengga bisa nuntun lelungan Pandawa ing alas kasebut kanthi
wicaksana lan kebajikan. Banjur Bima katon gedhe, kuwat lan kuwat nganggo palu gadha ing
tangane. Bima paling kuwat ing klompok Pandawa. banjur Arjuna. Katonane sing apik lan
kekuwatan sakti katon nalika nyekel busur kasebut. Arjuna wis nuduhake pratandha yen
dheweke bakal dadi pemanah sing paling apik. Pungkasane, Nakula lan Sadewa. Kanthi tombsk
lan senjata rupo cakram, dheweke loro nuduhake kepinteran lan titis sing luar biasa.
Guru Drona ndelok potensi gedhe ing kemah Pandawa. Kekuatan Kang kuwasa lan agung.
Nanging ana sethitik wedi ing guru Drona. Kurawa pancen kudu nate gething. tambah gething
lan bakal nemokake puncak ing sawijining dina. Sawijining dina sing ora bisa dingerteni
pungkasane. Perang saudara gedhe asring ditepungi minangka perang Batarayudha.

Sumber : https://www.jatengnews.id

MATERI PRAKTIK PILIHAN 2


Lakokna Sesorah/ pidato ing ngisor iki !

Assalamualaikum wr wb

Sugeng Siang, Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri 02 Glandang ingkang kinurmatan

Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani

Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah, Gusti
Ingkang Maha Asih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten
Aula SD Negeri 02 Glandang kanthi becik, wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal
punapa.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang
kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang
sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten
ingkang dangunipun 6 warsa.

Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata
basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan
siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten.

Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus,
kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saget
nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saget mujudaken gegayuhan ingkang luhur.

Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sandyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten
ing SD Negeri 02 Glandang, angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SD
Negeri 02 Glandang. Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I ngantos kelas V
saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi kaparingan berkah
kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Maha Wasis.

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani
penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun.

Wassalamualaikum wr wb

MATERI PRAKTIK PILIHAN 3


Milih tembang pucung ing ngisor iki lan Tembangke nganggo lafal, intonasi, lan ekspresi kang tumrap !

1. Tema Pendidikan

Ngelmu iku kalakone kanthi laku,


lekase lawan kas,
tegese kas nyantosani,
setya budya pangekese dur angkara.

-Artinya:
Ilmu itu dapat diperoleh lewat proses,
diawali dengan kemauan,
artinya kemauan yang sungguh-sungguh,
taat pada kesucian hati menjadi penakluk keangkuhan
(Sumber: Kemendikbud)

2. Tema Kemanusiaan

Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun,


semune ngaksama,
sasamane bangsa sisip,
sarwa sareh saking mardi martatama.

-Artinya:
Berbeda memang dengan yang telah sering menyepi,
tampak sifat pemaaf,
sesama manusia yang penuh salah,
selalu sabar dengan jalan mengutamakan rendah hati.
(Sumber: Kemendikbud)

3. Tema Kehidupan

Angkara gung neng angga anggung gumulung,


gegolonganira,
Triloka lekeri kongsi,
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

-Artinya:
Kejahatan besar di dalam tubuh kuat menggelora,
menyatu dengan diri,
menjangkau hingga tiga dunia,
apabila dibiarkan akan berkembang menjadi bencana.
(Sumber: Kemendikbud)

4. Tema Kehidupan

Taman limut durgameng tyas kang weh limput,


karem ing karamat,
karana karoban ing sih,
sihing sukma ngrebda saardi pengira.
-Artinya:
Dalam kabut kegelapan, angkara di hati yang selalu
menghalangi,
larut dalam kesucian,
karena tenggelam dalam kasih sayang,
kasih sayang di hati tumbuh berkembang sebesar
gunung
(Sumber: Kemendikbud)

Glandang, 5 Mei 2023


Mengetahui,
Kepala SDN 02 Glandang Guru Bahasa Jawa

Nur Asiah, S.Pd. Librayani, S.Pd.


NIP. 19720828 199703 2 003 NIP-

Anda mungkin juga menyukai