Kunci Jawaban Tutur Basa Jawa 5

Unduh sebagai pdf atau txt
Unduh sebagai pdf atau txt
Anda di halaman 1dari 13

Kunci Jawaban “Tutur Basa Jawa 5” (Kurmer)

Kelas 5 SD/MI
Wulangan 1 Dolanan Tradhisional
A. Ayo Nyemak
Wangsulane pitakonan bab isine geguritan:
1. Olehe dolanan dina Minggu esuk.
2. Jenenge dolanan lepetan.
3. Bocah sing kiwa dhewe cekelan wit.
4. Olehe nlesep ing ngisor tangane sing cekelan wit.
5. Nalika kabeh bocah tangane ditekuk ing ngarep dhadha. Sabanjure bocah-bocah sing
ana ing kiwa dhewe ethok-ethok andum sega lan lawuh.
B. Ayo Maca
A. Wangsulane pitakonan wacan narasi
1. SD Negeri Margomulyo.
2. Regane karcis Rp20.000,0
3. Olehe rekreasi nganti jam setengah papat.
4. Bocah-bocah padha nggumun weruh tanduran coklat sing ditandur lan padha uwoh.
5. Padha selfi ing ngisore wit coklat lan blanja sawernane panganan lan inuman sing
bahan dhasare saka coklat.
B. Wangsulane pitakonan wacan dheskripsi
1. Dununge ing ratan Banteng Blorok 18, Desa Plosorejo, Kecamatan Kademangan
Kabupaten Blitar.
2. Saka punjere kutha Blitar adohe kurang luwih 15 kilo meter.
3. Ing sangarepe lan sakiwa tengene Kampung Coklat ana papan parkir sing jembar.
4. Sing bisa dideleng papan sing jembar kebak maneka warna hiburan lan wahana
dolanan kanggo bocah-bocah.
5. Maneka panganan lan ngombe utamane ngombe saka bahan coklat.
C. Ayo Micara
A. Wangsulane pitakonan
1. Sing diarani wacan narasi yaiku teks sing isine nyritakake sawijine rerangken
kedadeyan kanthi runtut adhedhasar urutan wektu, ana paragane, lan ana latar utawa
setinge.
2. Titikane wacan narasi yaiku:
a. Isine ngenani kedadeyan utawa peristiwa (bisa uga kedadeyan ngenani
pengalamane penulis).
b. Olehe nyritakake kedadeyan kanthi runtut lan jelas kaya-kaya para pamaca
nglakoni apa sing dicritakake.
c. Anane para paraga (tokoh jroning crita).
d. Nyritakake kedadeyan ing sawijine panggonan (ana papan panggonanae kang
diarani seting utawa latar).
3. Sing diarani wacan dheskripsi yaiku sawijine teks sing bakune gagasan (gagasan
pokoke) diandharake kanthi cara nggambarake objek, panggononan lan kedadean
kanthi njlimet/rinci, nganti sing maca ngrasakake kaya-kaya nyawang utawa ngalami
dhewe objek sing digambarake dening panulis.
4. Titikane wacan dheskripsi yaiku:
a. Nggambarake sawijine objek.
b. Olehe nggambarake objek kanthi rinci utawa njlimet.
c. Para pamaca kaya-kaya ngrasakake/ngalami dhewe ngenani objek sing ditulis.
B. Wangsulane pitakonan wacan narasi
1. Sing dicritakne bab rekreasi menyang Tlaga Sarangan.
2. Sing nganakake rekreasi aku lan keluwargaku.
3. Ing Tlaga Sarangan.
4. Budhale pas jam enem esuk.

Kunci Jawaban “Tutur Basa Jawa” Kelas 5 SD/MI ------------------------------------------------------------------------------------------- 1


5. Ing satengahing perjalanan aku seneng banget sinambi ndeleng kutha-kutha sing
takliwati.
6. Pas jam sepuluh aku sarombongan wis tekan ing panggonan sing taktuju.
7. Ing panggonan rekreasi aku karo keluwargaku mlaku-mlaku ndeleng kaendahane
Tlaga Sarangan.
8. Olehe mulih wis sore.
9. Tekan omah wis jam wolu bengi.
C. Wangsulane pitakonan wacan dheskripsi
1. Sing dicritakake bab kaendahane Tlaga Sarangan.
2. Kahanane Tlaga Sarangan, sesawangane endah lan nengsemake.
3. Jalaran hawane seger, banyune tlaga sing bening, lan wit-witan kang katon ijo royo-
royo nambahi endahe sesawangan lan reseping swasana.
4. Ing sakiwa tengene dalan sesawangane katon endah.
5. Saben dina akeh para wisatawan sing padha plesir menyang tlaga Sarangan.
D. Ayo Nulis
Jawaban diserahkan guru

Pandadaran Akhir Wulangan 1


1.B 2.C 3.D 4.D 5.A 6.A 7.B 8.B+C 9.C+D 10.A+D
11. Orientasi → Perangan crita sing ngenalake para paraga (tokoh), wektu kedadeyan,
lan papan panggenane.
Komplikasi → Perangan crita wiwit crita inti nganti tumekane pucuking kedadeyan
utawa masalah.
Resolusi → Perangan crita sing mujudake kepriye anggone ngudhari reribet jroning
kedadeyan
12. dolanan tradhisonal
13. narasi
14. Jamuran, dhakon, lepetan, betengan, lsp.
15. Narasi isine crita kedadeyan kanthi urut.
Dheskripsi isine nyritakake kahanan sing ana ing sawijine panggonan.
Eksposisi isine ngenani laporan.

Wulangan 2 Lelakone Urip


A. Ayo Nyemak
Wangsulane pitakonan
1. Sing diandharake bab pengetan Hardiknas.
2. Kedadeyane tanggal 5 Mei 2023.
3. Ing Gedhung Grahadi Surabaya.
4. Sing terlibat para guru lan para ASN, sekda provinsi Jawa Timur, Forkopimda Jatim, lan
para pemenang lomba saka siswa apadene guru.
5. Pesrtane upacara yaiku para guru lan para ASN, sekda provinsi Jawa Timur, Forkopimda
Jatim, lan para pemenang lomba saka siswa apadene guru.
6. Sing nampa yaiku para siswa lan guru sing menang lomba ing tataran nasional apadene
internasional.
7. Sarampunge uparacara gubernur, sekdaprov, lan Forkopimda ngrawuhi pameran sing
digelar ing plataran Grahadi Surabaya.
8. Ing plataran Grahadi Surabaya.
10. Barang-barang sing dipamerake mujudake asil karyane para siswa lan guru saka saben-
saben sekolahan sing melu pameran.
B. Ayo Maca
B. Wangsulane pitakonan:
1. Sing dirembug bab cangkrukan budaya ing candhi Gedog.
2. Sing terlibat Kepala BPK Endah Budi Heriyani lan Pemkot Blitar.
3. Ing kompleks candhi Gedog Blitar.
4. Kedadeyane Senin, 13 Maret 2023.

Kunci Jawaban “Tutur Basa Jawa” Kelas 5 SD/MI ------------------------------------------------------------------------------------------- 2


5. Jalaran kepengin antuk informasi kang luwih akeh kang cetha ngenani ekskavasi
candhi Gedog sing ana ing tlatah Blitar.
6. BPK saiki ora mligi ngurusi kebudayaan wujud barang wae, nanging uga kebudayaan
nonbenda upamane macapatan, geguritan, crita rakyat, lan sapanunggalane.
7. BPK bakal paring pambiyantu marang Pemkot Blitar jumbuh karo aturan sing ana
yaiku proses penetapan minangka cagar budaya, zonasi, pemugaran, pengembangan,
lan pemanfaatan
8. Statuse candhi Gedog Blitar saiki isih ODCB (obyek diduga cagar budaya).
9. Candhi Gedog Blitar nganti saiki wis diekskavasi utawa didhudhuk kang kaping
papat.
10. BPK njaneni bakal nerusake ekskavasi sawise riyaya Idul Fitri.
B. Idhentifikasi adhedhasar 5W+1H:
1. What (apa): cangkrukan budaya ing candhi Gedog.
2. When (kapan): Senin, 13 Maret 2023.
3. Where (ing ngendi): ing kompleks candhi Gedog Blitar.
4. Who (sapa): Kepala BPK Endah Budi Heriyani lan Pemkot Blitar.
5. Why (geneya): jalaran nganti saiki statuse candhi Gedog Blitar saiki isih ODCB
(obyek diduga cagar budaya).
6. How (kepriye): Sawise riyaya Idul Fitri bakal diterusake maneh.
C. Ayo Micara
A. Wangsulane pitakonan:
1. Sing dirembug banjir lan udan kang dikantheni angin gedhe.
2. Sing aweh andharan yaiku jurnalis.
3. Kedadeyane ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa
Wetan.
4. Kedadeyane dina Rebo tanggal 13 April 2016.
5. Amarga bosok lan wis ora kena dipangan.
6. Kahanane banjir kasebut nuwuhake kapitunan tumrap masyarakat.
B. Praktek crita (jawaban terserah guru)
D. Ayo Nulis
Nulis pawarta (jawaban terserah guru).

SOAL HOTS
1. Isine bab pawai budaya ing MI Al-Huda Karangsari.
2. Ing MI Al Huda Karangsari, Kecamatan Rejotangan.
3. Dina Setu Legi tanggal 11 November.
4. Para siswa lan warga MI Al-Huda Karangsari.
5. Minangka gegambaran wujud kamardikan lan inovasi kanggo terus iber lan duwe prestasi.
6. Bocah-bocah antusias lan semangat melu pawai budaya.

Pandadaran Akhir Wulangan 2


1.C 2.A 3.C 4.A 5.C 6.C 7.B 8.A+B 9.A+C 10.A+B+C
11. What → Apa sing diwartakake?
Where → ing ngendi papan kedadeyane?
When → Kapan wektu kedadeyane?
Who → Sapa sing terlibat jroning pawarta?
Why → Geneya perkara iku bisa dumadi?
How → Kepriye kedadeyane?
12. pawarta
13. lisan
14. tulisan
15. Ciri-cirine pawarta:
a. Mujudake informasi kang awujud kedadeyan (peristiwa).
b. Asipat BAL (bener-bener dumadi, aktual, lan lengkap)
c. Dadi pusat kawigaten.

Kunci Jawaban “Tutur Basa Jawa” Kelas 5 SD/MI ------------------------------------------------------------------------------------------- 3


Wulangan 3 Rukun Agawe Santosa
A. Ayo Nyemak
B. Milah-milah tembung
Tembung Saroja Tembung Camboran Tembung Entar
guyub rukun cilik gedhe cagak lek
gilir gumanti anom tuwa ngganjel weteng
lila legawa randha royal nggugah semangate
sengkud gumregut semar mendem nggegem tangan
B. Ayo Maca
Wangsulane pitakonan saka wacan “Jaka Tarub”:
1. Sing diarani karukunan yaiku swasana panguripan kang aman, ayem tentrem, lan
padha gelem bantu-binantu ing antarane sapepadhane.
2. Bisa njalari urip ayem tentrem, guyub rukun kang njalari panguripan dadi aman lan
nyaman.
3. Jalaran mesthi mbutuhake bantuwane wong liya.
4. Senajan ta wong sing sugih bandha donya, wong sing paling kuwat santosa, wong sing
dhuwur pangkate, sarta wong sing paling kuwasa isih tetep mbutuhake bantuwane
wong liya.
5. Karukunan ing antarane sapepadha bisa njalari kasantosan utawa kekuwatan, nanging
yen seneng cecongkrahan utawa seneng tukar padu bisa nuwuhake karusakan.
6. Urip rukun kudu tansah dicakake ing ngendi-endi papan panggonan.
C. Ayo Micara
A. Bedane tembung saroja, tembung camboran lan tembung entar yaiku:
 Sing diarani tembung saroja yaiku tembung loro sing tegese (artine) padha utawa
meh padha dianggo bebarengan.
 Sing diarani tembung camboran tegese tembung loro utawa luwih sing maune
tegese beda sawise dirangkep (digabung) dadi siji banjur duwe teges anyar.
 Sing diarani tembung entar yaiku tembung sing tegese ora salugune utawa dudu
tegese salumrahe.
1. Tuladhane tembung saroja: sayuk rukun, gilir gumanti, colong jupuk, lsp.
Tuladhane tembung camboran: dwiwarna, dubang, nagasari, meja tulis, lsp.
Tuladhane tembung entar: bau tengene, enthengan tangan, kegugah atine, lsp.
2. Jawaban terserah guru (iki mung conto)
a. Mumpung isih mudha taruna kudu sing sregep sinau.
b. Para warga padha nganakake gugur gunung ngresiki lingkungan.
c. Budhe Lastri gawe jajan nagasari.
d. Aku arep tuku tape ketan ing warung pojok.
e. Bocah sing enthengan tangan kuwi disenengi kancane.
f. Olehe tandang gawe nganti direwangi adus kringet.
B. Milih lan nerangake tegese tembung saroja
1. iguh pratikel = panemu (pendhapat)
2. jejel riyel = dheseg-dgesegan
3. bagas waras = tansah seger kuwarasan
4. tata krama = sopan santun
5. gandhes luwes = pantes banget
C. Milih lan nerangake tegese tembung camboran
1. juru kunci = tukang ngrumat papan kramat
2. kala menjing = jendholan ing gulu tumrap wong lanang
3. randha royal = tape goreng
4. semar mendem = arane panganan saka ketan
5. bala pecah = barang-barang sing gampang pecah
D. Milih lan nerangake tegese tembung entar
1. kakehan tangan = kakehan sing tandang gawe
2. ngangsu kawruh = golek ngelmu
3. lunyu ilate = rembuge mencla-mencle

Kunci Jawaban “Tutur Basa Jawa” Kelas 5 SD/MI ------------------------------------------------------------------------------------------- 4


4. mateng rembuge = rembuge wis dimupakati
5. adus kringet = nyambut gawe rekasa
D. Ayo Nulis
A. Gawe ukara nggunakake tembung saroja (jawaban terserah guru, iki mung conto)
1. Yen durung sehat temen aja digawe angkat junjung dhisik.
2. Aku ngene iki wis lila legawa karo masalahku wingi.
3. Wong kampungku padha sayuk rukun oleh tumandang gawe.
4. Wong lanang sing ngarep dhewe kae katon gagah prakosa.
5. Aku mambengi jam wolu wis tekan sekolahan kahanane katon sepi mamring.
B. Gawe ukara nggunakake tembung camboran (jawaban terserah guru, iki mung conto)
1. Aku tukokna jajan randha royal ing warung ngarep kono!
2. Lawangku butulan mburi saiki wis dipasang lawang kupu tarung.
3. Aku mau kok lali ora nggawa sapu tangan.
4. Ing desaku pancen terkenak akeh pengrajin jaran kepang.
5. Bocah-bocah saiki isih mbunteli madu mangsa ing ngarep.
C. Gawe ukara nggunakake tembung entar (jawaban terserah guru, iki mung conto)
1. Kancamu kuwi pancen rai gedheg, blas ora duwe isin.
2. Bocah sing terkenal lunyu ilate kae ora dipercaya kancane.
3. Adhikmu kuwi pancen weteng kadut, diwenehi panganan apa wae ora nampik.
4. Tanggamu kuwi pancen dawa tangane, mosok sandhal wae kok ya dicolong.
5. Dadi bocah kuwi mbok aja gedhe andhase, luwih becik sing andhap asor.
D. Isine titik-titik nggunakake tembung saroja
1. ayem 6. tuhu
2. gawe 7. donga
3. lega 8. tata
4. duga 9. colong
5. tepa 10. salam
E. Isine titik-titik nggunakake tembung camboran
1. randha royal 6. kembar mayang
2. kupu tarung 7. anak bojo
3. sapu tangan 8. raja kaya
4. jiro 9. enom tuwa
5. bangjo 10. Pancasila
F. Isine titik-titik nggunakake tembung entar
1. adus kringet
2. jembar segarane
3. cagak lek
4. lunyu ilate
5. kulak warta
6. kandel kupinge
7. weteng kadut
8. mbanda tangan
9. landhep dhengkul
10. abang-abang lambe

SOAL HOTS
Tembung entar sing ana ing sajrone wacan: padhang atine, pedhot atine, ngabangake kuping,
gedhe omonge. semplah atine

Pandadaran Akhir Wulangan 3


1.D 2.D 3.B 4.D 5.B 6.C 7.D 8.A 9.A+C+D 10.B+C 11. B+C+D
12. Tembung saroja → sekti mandraguna; wadya bala
Tembung camboran → nggantung kepuh; sandhang pangan
Tembung entar → ngangsu kawruh; tatu atine
13. basa rinengga
14. basa lumrah

Kunci Jawaban “Tutur Basa Jawa” Kelas 5 SD/MI ------------------------------------------------------------------------------------------- 5


15. Bedane tembung saroja, tembung camboran lan tembung entar yaiku:
a. Sing diarani tembung saroja yaiku tembung loro sing tegese (artine) padha utawa meh
padha dianggo bebarengan.
b. Sing diarani tembung camboran tegese tembung loro utawa luwih sing maune tegese
beda sawise dirangkep (digabung) dadi siji banjur duwe teges anyar.
c. Sing diarani tembung entar yaiku tembung sing tegese ora salugune utawa dudu tegese
salumrahe.

Wulangan 4 Rumangsa Handarbeni


A. Ayo Nyemak
Nganalisis tembang
1. a. 4 2. a. 4
b. 12u, 6a, 8i, 12a b. 12i, 6a, 8i, 8a
B. Ayo Maca
Nerangake isisne tembang
1. Isine tembang Pucung: Negara Indonesia iku negara sing subur lan makmur, adil sentosa,
gemah ripah loh jinawi, lan ayem tentrem. Masyarakate urip kebak keslametan.
2. Isine tembang Mijil: Ayo kita mbangun negara kanthi gotong royong. Rakyate kudu
guyub rukun, pemerintahane kudu manunggal (bersatu), dene pemimpine kudu adil.
3. Isine tembang Kinanthi: Proklamasi iku dumadi ing sasi Agustus. Bangsa Indonesia wis
mardika tegese bebas saka penjajah. Jroning nggayuh kamardekan para pejuwang akeh
sing mati dadi tumbale negara.
C. Ayo Micara
A. Praktek nembang (jawaban terserah guru)
Isine tembang Pucung:
1. Sekolahan iku panggonan kanggo golek ngelmu kang becik, nyinau budi pekerti lan
tata krama minangka sangune urip ing bebrayan.
2. Gunane wong sing sregep sinau, nulis, lan seneng maca uripe bakal diajeni wong liya.
Lan mbesuke bakal urip sing kepenak.
3. Bocah sing males utawa ora gelem sinau, senengane mung dolanan nganti lali awan lali
bengi mbesuke uripa bakal rekasa utawa bisa-bisa dadi cilaka.
D. Ayo Nulis
Nganalisis tembang macapat
1. Maskumambang
a. 4
b. 12i-6a-8i-8a
2. Pocung
a. 4
b. 12u-6a-8i-12a
3. Megatruh
a. 5
b. 8u, 8i, 8u, 8i, 8o
4. Gambuh
a. 5
b. 7u- 10u- 12i- 8u- 8o
5. Mijil
a. 6
b. 10i-6o-10e-10i-6i-6u
6. Kinanthi
a. 6
b. 8u-8i-8a-8i-8a-8i
7. Asmaradana
a. 7
b. 8i-8a-8o-8a-7a-8u-8a

Kunci Jawaban “Tutur Basa Jawa” Kelas 5 SD/MI ------------------------------------------------------------------------------------------- 6


8. Durma
a. 7
b. 12a-7i-6a-7a-8i-5a-7i
9. Pangkur
a. 7
b. 8a-11i-8u-7a-12u-8a-8i
10. Sinom
a. 9
b. 8a-8i-8a-8i-7i-8u-7a-8i-12a
11. Dhandhanggula
a. 10
b. 10i-10a-8e-7u-9i-7a-6u-a8i-12i-7a
Wangsulane pitakonan
1. Jinise tembang macapat yaiku: Pucung, Gambuh, Megatruh, Maskumambang,
kinanthi, Mijil, Durma, Dhandhanggula, Pangkur, Asmaradana, lan Sinom.
2. Cacahe gatra saben tembang macapat yaiku: Pucung (4 gatra), Gambuh (5 gatra),
Megatruh (5 gatra), Maskumambang (4 gatra), Kinanthi (6 gatra), Mijil (6 gatra),
Durma (7 gatra), Dhandhanggula (10 gatra), Pangkur (7 gatra), Asmaradana (7 gatra),
lan Sinom (9 gatra).
3. Dhandhanggula.
4. Maskumambang lan Pucung.
5. Maskumambang padha karo Pucung (4 gatra). Gambuh padha karo Megatruh (5 gatra).
Nijil padha karo Kinanthi (6 gatra). Asmaradana padha karo Durma lan Pangkur (7
gatra).

SOAL HOTS
1. Pucung
2. Ilmu iku bisa mumpangati kudu diamalake utawa dilakoni wiwitane saka anane kekuwatan.
Kita kabeh kudu ngempet ubaling hawa napsu.

Pandadaran Akhir Wulangan 4


1.B 2.D 3.A 4.B 5.C 6.B 7.B 8.A+C+D 9.A+B+D 10.B+C
11. Guru gatra → Cacahe gatra (larik) saben sapada (sabait).
Guru wilangan → Cacahe wanda (suku kata) saben-saben gatra.
guru lagu → Tibane swara ing saben pungkasane gatra.
12. a. guru gatra; b. guru gatra; c. guru lagu
13. Tembang macapat utawa puisi tradhisional Jawa kang awujud tembang iku kaiket anane
paugeran-paugeran. Dene paugeran jroning tembang macapat ana telu, yaiku: guru gatra,
guru wilangan, lan guru lagu.
14. Sing kalebu tembang macapat yaiku: Pucung, Gambuh, Megatruh, Maskumambang,
kinanthi, Mijil, Durma, Dhandhanggula, Pangkur, Asmaradana, lan Sinom.
15. a. 8i-8a-8o-8a-7a-8u-8a b. Asmaradana

Wulangan 5 Ekosistem
A. Ayo Nyemak
Wangsulane pitakonan
1. Sing diarani teks dheskripsi yaiku teks sing nggambarake samubarang utawa sawijine
bab kanthi kahanan sing sabenere utawa sanyatane kang ndadekake para pamaca kaya-
kaya weruh, ngrasakake, lan ngalami dhewe, bab sing diandharake.
2. Tujuwane menehi katrangan supaya para pamaca kaya-kaya weruh, ngrasakake, lan
ngalami dhewe, bab sing diandharake.
3. Titikane utawa ciri-cirine teks dheskripsi yaiku:
a. Nggambarake samubarang kanthi cetha utawa jelas.
b. Olehe nggambarake lan mbutuhake karyane pancandriya (panca indra).

Kunci Jawaban “Tutur Basa Jawa” Kelas 5 SD/MI ------------------------------------------------------------------------------------------- 7


c. Ndadekake para pamaca kaya-kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami
dhewe kedadeane.
d. Olehe njelasake ciri-cirine objek kanthi jlentreh lan rinci.
4. Desaku mujudake desa wisata budaya.
5. Kegiyatan tetanen isih nggunakake piranti tradhisional.
B. Ayo Maca
Wangsulane pitakonan
1. Jalaran sapi iku regane larang mulane yen didol bathine akeh.
2. Ngingu sapi ora mbutuhake tenaga kang abot.
3. Ekosistem kang dumadi yaiku manungsa (sing ngopeni sapi), kewan (sapi), lan
tetuwuhan (suket kanggo pakan).
4. Ngingu sapi iku ora mung dipurih daginge wae, nanging uga akeh wong ngingu sapi
perah sing dipurih susune.
5. Dipurih daginge.
6. Dipurih susune.
7. Sapi ongole, sapi brahman, sapi angus, sapi metal, sapi shorthon, sapi hereford, lan sapi
liimousine.
8. Jinis sapi sing dipurih susune yaiku Friesian Holstein lan pranakane.
9. Sapi sing dipurih tenagane yaiku Bali lan sapi Medura.
10. Sapi Medura mujudake peranakan saka sapi bali karo sapi import ongole lan sapi lokal
Jawa.
C. Ayo Micara
Praktek crita (jawaban terserah guru)
D. Ayo Nulis
Praktek nulis (jawaban terserah guru)

SOAL HOTS
1. Sing diandharake yaiku andharan utawa dheskripsi ngenani museum angkot sing ana ing
kota Batu, Jawa Timur.
2. Jinise wacan kalebu jinise wacan dheskripsi jalaran ngandharake utawa nlentrehake
samurang kanthi rinci.

Pandadaran Akhir Wulangan 5


1.B 2.A 3.B 4.D 5.C 6.B 7.C 8.A+D 9.B+C+D 10.B+D
11. dheskripsi → Njlentrehake samubarang kanthi rinci.
narasi → Nerangake kedadeyan manut urutan wektune.
eksposisi → Nerangake kedadeyan kanthi runtut lan jelas.
persuasi → Isine ajak-ajak para pamaca supaya manut lan gelem melu ajakane
argumentasi → Menehi wawasan marang para pamaca kang dikantheni bukti-bukti
kang jelas saengga para pamaca melu mbenerake lan yakin marang apa
kang diandharake.
12. narasi
13. Narti durung bisa adhaptai karo hawa adhem
14. Ciri-cirine teks dheskripsi yaiku:
a. Nggambarake samubarang kanthi cetha utawa jelas.
b. Olehe nggambarake lan mbutuhake karyane pancandriya (panca indra).
c. Ndadekake para pamaca kaya-kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami
dhewe kedadeane.
d. Olehe njelasake ciri-cirine objek kanthi jlentreh lan rinci.
15. Bedane teks dheskripsi, narasi, eksposisi, persuasi, lam argumentasi:
a. Teks dheskripsi iku sing sing nggambarake kahanan kanthi sanyatane.
b. Teks narasi teks sing nggambarake kahanan kanthi urutan wektu lan ana paragane.
c. Teks eksposisi mujudake teks kang isine ngenani palapuran sawijine bab sing mentas
dideleng.
d. Teks argumentasi mujudake teks sing isine ngenani andharan utawa pendhapate penulis
ngenani bab sing diandharake.

Kunci Jawaban “Tutur Basa Jawa” Kelas 5 SD/MI ------------------------------------------------------------------------------------------- 8


Wulangan 6 Perangane Awak
A. Ayo Nyemak
A. Wangsulane pitakonan
1. Sing diarani panyandra yaiku unen-unen saemper pepindhan sing digunakake
kanggo ngalembana perangane awak, solah bawa, lan kahanan awak kang adhapuk
pepindhan.
2. Tuladhane panyandra: alise nanggal sepisan, rambute ngandhan-andhan, idepe
tumengeng ing tawang, lsp.
3. Sing diarani panyendhu yaiku unen-unen kang gumathok ora ngemu rasa pepindhan
sing digunakake kanggo nyemoni utawa nyacat wong.
4. Tuladhane panyendhu: mripate mendolo, bathukenonong, wetenge buncit, lsp.
5. Sing diarani pepindhan yaiku unen-unen kang tegese ora sabenere sing digunakake
kanggo ngumpamakake utawa mindhakake apa bae kang tegese emper-emperan.
6. Tuladhane pepindhan: antenge kaya manten ditemokne, klular-klulur kaya tuma
suwal, kesite kaya kadhal, lsp.
7. Ngalembana iku tegese ngalem utawa ngandhakake bab-bab sing apik marang wong
liya supaya sing dialem rumangsa seneng.
8. Sing diarani nyemoni iku nyindhir marang wong liya kanthi ngandhakake sarana
alus supaya sing disemoni ora lara ati.
B. 1. pepindhan 6. panyendhu
2. panyandra 7. panyandra
3. panyandra 8. pepindhan
4. panyendhu 9. panyendhu
5. pepindhan 10. panyandra
C. Isine titik-titik
1. nggandhewa pinenthang 6. sumunar
2. ndamar kanginan 7. nduren sajuring
3. nyela cendhani 8. manggis karengat
4. pait madu 9. mokang gangsir
5. ngudhup mlathi 10. mager timun
D. Njangkepi pepindhan
1. mbanyu mili 6. kaya sata manggih krama
2. mlarak sempal 7. kaya Dewi Ratih
3. kaya Cina craki 8. kaya macan luwe
4. saur manuk 9. pindha alas kawlegar
5. nglaler mencok 10. kaya jangkrik mambu kili
B. Ayo Maca
A. Njangkepi parikan
1.D 2.B 3.C 4.E 5.A 6.J 7.F 8.I 9.G 10.H
B. Njangkepi parikan rong ukara
1.C 2.E 3.A 4.B 5.D 6.H 7.J 8.F 9.I 10.G
C. Ayo Micara
A. Nglompokake manut jinise
1. Candrane mangsa
2. Candrane wong nesu
3. Candrane manungsa
4. Candrane wong nginum
5. Candrane solah bawa
B. Negesi candrane mangsa
1. Tegese, inten sing udhar saka taline (candrane mangsa kasiji).
Candrane: gegodhongan padha gogrog, kayu-kayu garing
2. Tegese, anak manut marang bapake (candrane mangsa katelu)
Candrane: wit-witan mrambat ing lanjaran, bung wiwit thukul
3. Tegese, upas sing katut iline angin (candrane mangsa kapitu)
Candrane: akeh lelara, akeh udan lan banjir

Kunci Jawaban “Tutur Basa Jawa” Kelas 5 SD/MI ------------------------------------------------------------------------------------------- 9


4. Tegese, rasa kamulyan sing nuduhake kasucen (candrane mangsa kanem)
Candrane: who-wohan padha mateng, usum udan
5. Tegese, lemah sing mlethek utawa lemah nela (candrane mangsa kaloro)
Candrane: lemah akeh sing garing/nela, wit randhu/pelem wiwit kembang.
D. Ayo Nulis
A. Gawe ukara nggunakake tembung panyandra (jawaban kapasrahe guru, iki mung conto)
1. Pak Handoko iku pawakane gedhe dhuwur pundhake nraju emas.
2. Sawangen ta bocah cilik kuwi ketok ayu drijine mucuk eri.
3. Aku seneng karo adhikmu lanang sing pakulitane ngulit langsep.
4. Pawongan sing lakune alon-alon kae lembehane mblarak sempal.
5. Kancamu sing mrene mau aku seneng nyawang athi-athine ngudhup turi.
B. Gawe ukara nggunakake tembung panyendhu (jawaban kapasrahe guru, iki mung conto)
1. Mbah Salamun merga wis tuwa saiki pipine kempot.
2. Aku yen wong wong sing raine burik kuwi kok wedi.
3. Adhike Wisnu sing lanang drijine kithing wiwit lair.
4. Kancamu sing lambene ndomble iku mau jenenga sapa?
5. Sawangen ta bocah sing dedege cebol kae kok reka-reka menek.
C. Gawe ukara nggunakake tembung pepeindhan (jawaban kapasrahe guru, iki mung conto)
1. Nalika ana lindhu wong-wong polahe kaya gabah diinteri.
2. Handoko karo Handini kuwi saiki pasedulurane kaya banyu karo lengan.
3. Lading olehku tuku ing pasar mau landhepe kaya pitung penyukuran.
4. Delengen bocah sing lungguh ngarep dhewe kae kok plonga-plongo kaya kebo.
5. Aku pas nginep ing Bromo nalika bengi kadhemen merga hawane adheme kaya es.
D. Gawe ukara parikan (jawaban kapasrahe guru)

Pandadaran Akhir Wulangan 6


1.A 2.C 3.C 4.D 5.B 6.C 7.A+C 8.C+D 9.A+B+D
10. drijine → mucuk eri
idepe → tumengeng tawang
tangane → ngandhewa pinenthang
rambute → ngandhan-andan
11. polahe → kaya gabah diinteri
rikate → kaya angin
bedane → kaya bumi karo langit
kakune → kaya kena kanggo pikulan
12. parikan
13. panyendhu
14. Ciri-ciri utawa titikane parikan yaiku:
a. Dumadi saka rong ukara utawa patang ukara.
b. Saben ukara ana sing dumadi saka sagatra, ana sing dumadi saka rong gatra.
c. Parikan sing dumadi saka 2 ukara: ukara ka-1 minangka pambuka, dene ukara ka-2
minangka isi.
d. Parikan sing dumadi saka 4 ukara: ukara ka-1 lan ka-2 minangka pambuka, dene ukara
ka-3 lan ka-4 minangka isi
e. Nggunakake purwakanthi guru swara.
f. Swara ing pungkasane gatra pocapane kudu padha.
15. Jawaban kapasrahake guru

Wulangan 7 Kabudayan Jawa


A. Ayo Nyemak
A. Wangsulane pitakonan
1. Prabu Pandhudewanata.
2. Negara Ngamarta.
3. Diarani ludira seta.
4. Jamus Kalimasada.

Kunci Jawaban “Tutur Basa Jawa” Kelas 5 SD/MI ------------------------------------------------------------------------------------------- 10


5. Jujur ora tau goroh.
B. Gawe ukara nggunakake tembung panyendhu (jawaban kapasrahe guru, iki mung conto)
B. Ayo Maca
A. Wangsulane pitakonanj saka wacan
1. Ing alas Himawanpada.
2. Kidang sajodho lanang wadon dening Pandhu dijemparing lan sanalika kidang wadon
mati.
3. Sumpahe, “He Pandhu, eling-elingen, tekane patimu mbesuk uga padha karo bojoku.
4. Kidang lanang iku sejatine panjelmane Resi Kindama.
5. Kanggo nebus dosa sing mentas dialami yaiku Pandhu mertapa. Ing alas Saptarengga.
6. Ing alas Saptarengga.
7. Sang Destarastra dipasrahi nerusake paprentahan ing Hastinapura.
8. Hyang Darma, Bathara Bayu, lan Hyang Indra.
9. Wrahatnala, Bimasena, lan Arjuna.
10. Dewa Aswin sing kembar loro rupane padha, Dewi Kunthi diparingi putra loro
kembar banjur dijenengake Pinten lan Tangsen.
B. Nganalisisi tembung sing oleh ater-ater
1. Temane yaiku nebus dosa.
2. Nggunakake alur maju.
3. Paragane Pandhu, Dewi Kunthi, Dewi Madrim, Resi Kindama sekaliyan garwa lan
para dewa (Hyang Darma, Bathara Bayu, Bathara Indra, lan Hyang Aswin)
Pandhu watakle sabar lan tanggung jawab; Dewi Kunthi lan Dewi Madrim watake
stya tuhu marang garwane; para dewa watake tresna lan welas asih.
4. Settinge panggonane ing alas Himawanpada lan alas Saptarengga.
5. Setting wektune awan.
6. Swasane crita nrenyuhake banget.
7. Piwulang kabecikane: dadi manungsa kudu sabar, sapa sing gelem nyenyuwun
marang Gusti bakal diparingi.
C. Ayo Micara
Praktek (jawaban terserah guru)
D. Ayo Nulis
A. Wangsulane pitakonan
1. Prabu Destarastra ninggalake kraton Ngastina didherekake Dewi Gendhari.
2. Para kadang Kurawa duwe sipat ambeg sesongaran, sapa sira sapa ingsun dupeh
nduwe kalungguhan lan bandha donya akeh.
3. Kabeh wis padha mati, tumpes jroning perang Baratayuda.
4. Putrane Destarastra karo Dewi Gendhari.
5. Duryudana, Dursasana, Kartamarmo, Ctraksa, Citraksi, lsp.
6. Prabu Destarastra arep mertapa ing tengah alas saperlu kepengin nebus kabeh dosa
sing wis tau dilakoni.
7. Putrane Prabu Pandhu karo Dewi Kunthi lan Dewi Madrim.
8. Puntadewa, Werkudara, Arjuna, Nakula, lan Sadewa.
9. Kabeh Pandhawa nduweni sipat kang becik.
10. Destarastra ora cepet masrahake negara Ngastina marang Pandhawa.
B. Gawe ringkesan crita wayang (jawaban diserahkan guru.

Pandadaran Akhir Wulangan 7


1.B 2.A 3.D 4.A 5.B 6.A 7.C 8.A 9.A+B+D 10.A+C
11. tema → sing dadi pokoke crita
alur → laku-lakune crita wayang
paraga → tokoh wayang sing dicritakake
setting → papan panggonan, wektu, lan swasana
amanat → pitutur jroning crita wayang
12. Dewi Srikandhi madeg senopati.
13. Prabu Kresna, Dewi Srikandhi, Resi Bisma, lan Arjuna.
14. Jalaran Prabu Kresna iku sesepuhe Pandhawa

Kunci Jawaban “Tutur Basa Jawa” Kelas 5 SD/MI ------------------------------------------------------------------------------------------- 11


15. Jejere satriya kudu mituhu marang dhawuhe wong tuwa, sapa wae yen diparingi
kapercayan kudu dilakoni kanthi becik.

Wulangan 8 Srawung ing Lingkungan


A. Ayo Nyemak
A. Wangsulane pitakonan
1. Aku dhek wingi numpak sepur karo adhik.
a. Pasangan /wa/ ing mburine /ka/
b. Pasangan /pa/ ing mburine /ma/
c. Pasangan /sa/ ing mburine /ka/
2. Saben dina aku melu bapak menyang kandhang pitik.
a. Pasangan /da/ ing mburine /na/
b. Pasangan /ma/ ing mburine /ka/
c. Pasangan /dha/ ing mburine /na/
3. Yen kepengin pinter kudu sregep sinau.
a. Pasangan /ka/ ing mburine /na/
b. Pasangan /pa/ ing mburine /na/
c. Pasangan /ta/ ing mburine /na/
d. Pasangan /sa/ ing mburine /pa/
4. Adhik ngajak aku menyang pasar tuku jenang jagung.
a. Pasangan /nga/ ing mburine /ka/
b. Pasangan /ha/ ing mburine /ka/
5. Mangan sega pecel lawuh iwak wader lan peyek.
a. Pasangan /sa/ ing mburine /na/
b. Pasangan /la/ ing mburine /la/
c. Pasangan /wa/ ing mburine /ka/
d. Pasangan /pa/ ing mburine /na/
B. Wangsulane pitakonan
1. Pasangan aksara Jawa iku cacahe ana 20 padha karo aksarane.
2. Gunane kanggo mateni aksara sing ana ing ngarepe.
3. Sing panulise jejer yaiku aksara /ha/, /sa/, lan /pa/.
4. Kabeh aksara saliyane pasangan /ha/, /sa/, lan /pa/.
5. Pasangan sing padha karo aksara asline: /ra/, /ga/, /nga/, /ya/.
B. Ayo Maca
A. Wacan tulisan aksara Jawa
Njaga Lestarine Lingkungan
Senajan sekolahku mapan ing padesan nanging aku krasan banget ana ing
sekolahan jalaran sekolahane katon endah, asri, edhum, lan nengsemake. Platarane
jembar, ing sakiwa tenge kebak wit-witan kang ngrembuyung. Tamane uga katon
tumata kebak tetanduran lan kekembangan kang njalari endah ing sesawangan. Hawane
ing sekolahanku krasa seger lan edhum jalaran ing sakiwa tengene sekolah kebak wit-
witan lan tetanduran kang tumata rapi.
Sakabehing warga ing sekolahanku tansah nggatekake kalestarene lingkungan
lan nja karesikane lingkungan. Kabeh padha sengkud gumregut anggone padha njaga
karesikan lan kalestarene lingkungan. Kita kudu sadhar menawa lingkungan iku
penting banget tumrap panguripan mulane kudu dijaga kalestarene. Yen lingkungan
sakiwa tengene dhewe iki rusak bisa njalari panguripan iki ora nyaman. Nanging yen
lingkungan ing sakiwa tengene dhewe iki becik lan lestari bisa njalari urip kita dadi
kepenak lan nyaman.
B. Wangsulane pitakonan
1. Iraha-irahane utawa judhule Njaga Lestarine Lingkungan.
2. Jalaran sekolahane katon endah, asri, edhum, lan nengsemake.
3. Merga ing sakiwa tengene sekolah kebak wit-witan lan tetanduran.
4. Sakabehing warga ing sekolahan.
5. bisa njalari panguripan iki ora nyaman.

Kunci Jawaban “Tutur Basa Jawa” Kelas 5 SD/MI ------------------------------------------------------------------------------------------- 12


C. Ayo Nulis
Nulis aksara Jawa
1. ꦩꦔꦤꦶꦮꦏ꧀ 4. ꦢꦭꦤꦠ

2. ꦮꦶꦠꦤ
 ꦱ꧀ 5. ꦺꦮꦠꦤꦭꦶ

3. ꦲꦤꦏꦕ 6. ꦲꦤꦏꦫ

D. Ayo Micara
A. Latine teks aksara Jawa
Murid iku kagolong generasi penerus bangsa, kang bakal pinaringan waris awujud bumi
pertiwi, supaya nerusake mbangun nusa bangsa. Tanah wutah getih kang asile kudu
luwih becik tinimbang saiki. Dene kuwajibane para murid yaiku gelema dadi murid kang
becik.
B. Nanggepi isine teks (jawaban terserah guru).

SOAL HOTS
1. Watake Budi sregep, grapyak, lan pinter srawung karo sapa wae.
2. Teks kasebut yen diowahi nganggo aksara Jawa kaya mangkene:
꧋ꦧꦸꦢꦱ
ꦶ ꦲꦶꦏꦏ
ꦶ ꦼꦭꦱꦩ
ꦶ ꧉ꦺꦧꦴꦕꦃꦺꦲ ꦒꦥꦾꦏꦫꦱ
ꦁ ꦥ

ꦮꦺꦲ꧉ꦩꦼꦤꦮꦲꦤꦏꦼꦒꦶꦪꦠꦤꦺꦢꦱꦺꦤ꧈ꦺꦣꦺꦮ

ꦺꦏꦩꦱ
ꦼ ꦶꦺꦩꦭꦸꦲꦤꦶꦭꦼꦤꦢꦾꦤꦶꦱꦶꦃꦺꦧꦴꦕꦃ꧉ꦧꦸꦢꦶꦠ

ꦤꦃ ꦱꦮꦸꦁꦏꦺꦫꦴꦩꦱꦾꦫꦏꦠꦭꦏꦸꦁꦔꦺꦤ꧉

Pandadaran Akhir Wulangan 7


1.B 2.A 3.A 4.B 5.A 6.B 7.C 8.A/D 9.A+C 10.A+C

11. ꦮꦶꦱꦮꦤ꧀ → wis awan

ꦫꦸꦗꦏꦤꦱ꧀ → rujak nanas

ꦩꦕꦺꦏꦕꦶꦱ꧀ → macak necis

ꦲꦤꦺꦏꦭꦤꦁ → anake lanang

12. Pasangan /ra/, /ga/, /nga/, lan /ya/


13. Pasangan /ha/, lan /sa/
14. a. Becik ketitik ala ketara.
b. Pasangan /ka/, lan /ha/
15. ꧋ꦲꦣꦶꦏꦼꦺꦥꦔꦶꦤ ꦩꦏꦼꦥꦸꦂ꧉

Kunci Jawaban “Tutur Basa Jawa” Kelas 5 SD/MI ------------------------------------------------------------------------------------------- 13

Anda mungkin juga menyukai