Wayang Laku Utama

Unduh sebagai pptx, pdf, atau txt
Unduh sebagai pptx, pdf, atau txt
Anda di halaman 1dari 22

Dening

Nanang Sumarji, S. Pd.


Asal tembung saka “Ma” lan “Hyang”
Maknane :
“Ma” yaiku madhep utawa tumuju
“Hyang” yaiku Gusti Pangeran utawa Gusti Maha
Tunggal, Sang Hyang Widhi, Sang Hyang Wasesa.

Dadi, Wayang tegese madhep/ tumuju mring


Gusti.

Ana uga kang maknani Wayang yaiku


wewangunan/ wewayangan/ bayangan.
1. Kanggo srana pangeling-eling manungsa
tumrap uripe kareben padha eling mring
Gusti Pengeran.
2. Kanggo gegambaraning urip manungsa
supaya nemokaken lan ngerti jati dhirine
urip.
3. Sawijininig khasanah kabudayan Jawa kang
adi luhung kanggo tuntunan uripe manungsa
supaya tumindak kang bener ora nalisir saka
kodrate.
4. Kanggo srana piwulangan, ajaran, utawa
dakwah agama lan pemrentahan.
Seni pertunjukan boneka ing Indonesia
(kulit/ kayu) ana wiwit abad ke X, kaya
kang katulis ing Prasasti Dyah Balitung.
Ananging tembung “wayang” nembe
digunakake dadi sesebutan/ penyebutan
ing saben pertunjukan kang arupa boneka
sing dadi mediane wiwit katulis ing
Prasasti Wimalasrama rikala tahun 907.
Dene pertunjukan Wayang Kulit
(wayang purwa) diakoni dening Dunia
(UNESCO) minangka kabudayan kang
nengsemaken/ nyenengaken, endah lan
berharga, lan asli duweke Indonesia wiwit
tanggal 7 November 2003.
Ing tembe mburi saben tanggal 7
November katetepaken dadi Hari
Wayang Dunia.
a. Adhedhasar genre wayang ing Nuswantara, kagolong dadi:
- Wayang purwa/ kulit - Wayang dupara
- Wayang madya - Wayang wong
- Wayang gedhog - Wayang wahana
- Wayang beber - Wayang suluh
- Wayang golek - Wayang perjuangan
- Wayang krucil - Wayang jemblung
- Wayang klitik - Wayang wahyu
- Wayang Budha - Wayang sadat
- Wayang ukur - Wayang sandosa
- Wayang layar lebar - Wayang suket
- Wayang kampung - Wayang makrifat
- Wayang kuluk
b. Adhedhasar Ukuran Wayang, kabagi dadi:
- Wayang Sabet (mempunyai ukuran normal)
- Wayang Jujudan (ukurannya diperpanjang
dari ukuran normal wayang biasa)
- Wayang Kidang Kencana (ukuran agak
diperkecil untuk pertunjukan)
- Wayang Kaper (ukuran kecil untuk hiasan
atau dokumentasi)
- Wayang Tasripin (ukurannya diperbesar
untuk koleksi orang berada/ kolektor Seni)
c. Adhedhasar Sumber Cerita, kabagi dadi:
- Wayang Ramayana (asal ceritera saka sumber
Serat Ramayana)
- Wayang Mahabharata (asal ceritera saka
sumber Serat Mahabharata)
- Wayang Panji (asal ceritera saka sumber Siklus
Panji)
- Wayang Menak (asal ceritera saka sumber Serat
Menak)
- Wayang Damarwulan (asal ceritera saka sumber
Serat Damarwulan)
d. Adhedhasar Lokus (Panggonan/ Lokasi), kbagi dadi:
- Wayang Surakartan
- Wayang Mataraman/ Yogyakartan
- Wayang Jawa Timuran
- Wayang Maduran
- Wayang Bali
- Wayang Sasak
- Wayang Kedu
- Wayang Banyumasan
- Wayang Betawi
- Wayang Banjar
- Wayang Cirebonan
- Wayang Pesisiran
e. Adhedhasar Bahan Pembuatan, kabagi dadi:
- Wayang Kulit (bahan saka kulit kebo utawa sapi)
yaku : wayang purwa, wayang madya, wayang gedhog,
wayang krucil, wayang dupara, wayang kancil, wayang
suluh, wayang sadat, wayang ukur, wayang perjuangan,
dll.
- Wayang Kayu (bahan saka kayu)
yaiku: wayang golek Jawa, wayang golek Sunda, wayang
Klitik.
- Wayang Watu (bahan saka Watu)
jinis wayang iki biasane sing kaukir utawa katulis
langsung ana candi-candi ing Indonesia.
- Wayang Kertas (bahan saka kertas/ karton)
- Wayang Suket (bahan saka suket/ rumput)
f. Adhedhasar alur Cerita, kabagi dadi:
 Wayang Purwa (nyritakaken Wayang Kadhewatan
nganti Prabu Parikesit)
- Alure kabagi dadi 4, yaiku:
a. Kadhewatan (nyritakake Dewa-Dewi, wiwit saka
Sang Hyang Manikmaya, Sang Hyang Ismaya, Sang
Hyang Tejamaya, lan kabeh Dewa sarta Dewi)
b. Arjuna Sasrabhahu (nyritakake perange Prabu
Arjuna Sasrabhahu karo Dasamuka, kalebu uga lakon
Sumantri lan Sukrasana)
c. Ramayana (nyritakake Prabu Rama mungsuh
Rahwana amarga nyulik Dewi Shinta)
d. Mahabharata (nyritakake perang saudara antarane
keluarga trah Bharata (Kurawa dan Pandawa)
Wayang Madya (nyritakake Prabu Yudayana nganti Prabu Jaya
Lengkara, biasane dilakonaken ing sajrone Keraton)
Wayang Antara (nyritakaken Sri Gatayu/ Jatayu nganti Panji
Kudalaleyan)
Wayang Wasana (nyritakaken lakon Damarwulan nganti
Minakjinggo)
Wayang Dupara (nyritakaken lakon Babad Jawa)
Wayang Golek (nyritakaken lakon Amir Ambyah dan Umarmaya,
sumber cerita saka Babad Menak/ Layang Menak Timur Tengah)
Wayang Beber (gegambaran wayang sing digelar ing sawijining
lembaran kain (geber) sing bisa digulung, ceritane bisa macem-
macem)
Wayang Kidang Kencana (nyritakaken bangsa kewan)
Wayang Wahyu (nyritakaken lakon kang ana gegayutan/ kaitane
karo agama Kristiani, pencetusnya jejuluk Brother Themotheos)
Wayang Suluh (nyritakaken kaanan nagara wayah saiki, sarta biasa
digelar kanggo penyuluhan program-program pemrentahan)
Sedalu Natas
Flashback
Jejer
Kedhaton
Paseban Jaba
Budhalan
Jejer Sabrang
Perang gagal
Gara-gara
Perang Kembang
Perang Brubuh
Tancep Kayon
Miturut Soediro Satoto (1989:43) ing bukune “Pengkajian Drama 1”,
lakon wayang nduweni unsur dramatik, yaiku:
1. Tema dan amanat
2. Penokohan (karakter, watek/ perwatakan)
3. Alur (plot)
4. Setting / Latar (ruang, waktu, swasana)
5. Tikaian (dredah/ konf lik)
6. Cakapan (dialog-monolog)
Nenimbangaken catur, sabet, dan karawitan kang uga dadi unsur
pembentuk pertunjukan, mula unsur lakon wayang kabagi dadi :
1. Alur lakon (jalan cerita)
2. Penokohan (karakter – watek/ perwatakan)
3. Setting/ Latar (Ruang, waktu, lan swasana)
4. Tikaian/ Konf lik/ Dredah (wiwitan perkara nganti
rampungane perkara)
5. Tema dan Amanat.
1. Perangkat Gamelan
Media utawa piranti kanggo ngumandhangake
komposisi gendhing, lagu, tembang, sulukan, lan
sawijininig pendukung swasana pakeliran.
2. Panggung
Seperangkat fasilitas, yaiku :
- Gawang / Blandaran (frame/ bingkai kanggo
mbenthengaken/ membentangkan kelir)
- Kelir/ Screen (kain putih tipis ning kuat, saengga
yen digunake kanggo nggelar wayang wewayangane
bakal katon. Ing bageyan dhuwur diplipit kain
hitam/biru/merah kang sinebut Plangitan
(langit/angkasa) lang ing bageyan ngisor sinebut
Palemahan (lemah/Bumi).
Sligi (biasane kagawe saka kayu/pring kandel wujude
bunder dawa, seukuran kelir malah luwih amarga dinggo
ning dhuwur ing blandaran lan ngisor ing debog.
Fungsine kanggo mbentheng kelir ning kiwa lan tengen,
saengga kelir dadi luwih kenceng).
Debog (debog pisang sing digunake kanggo nancepaken
wayang, saliyane iku uga kanggo nancepaken pacak kelir
dan sligi. Dibagi dadi debog dhuwur {kanggo kedudukan
wayang sing dhuwur, kaya raja, pendeta, dewa} lan debog
ngisor {kanggo kedudukan sangisore raja, kaya patih,
pangeran, tumenggung, panakawan, emban})
Blencong (lampu kanggo madhangi kelir panggung
wayang, digunakake kanggo wewangunan jagad wayang/
dunya papan kedadeyan pakeliran).
Kothak (papan nyimpen wayang sing arep lan sawise
digelarke, sarta dadi sumber bunyi bareng cempala
{sing ngasilke swara dhodhogan} utawa keprak {sing
ngasilke swara keprakan}).
Tapakdara (dadi saka/ penyangga debog)
Placak (bahan saka pring/ logam/ wesi/ kuningan) sing
dadi kunci/ penghubung longan kelir (plathet)
bageyan ngisor karo debog.
Pluntur (seutas tali (lawe/ benang katun) sing digawe
kaya tambang (± jari kelingking/ jenthik) dadi tali
antarane longan kelir (plathet) bageyan dhuwur karo
blandaran (gawangan) kanggo nahan kelir bageyan
dhuwur supaya tetep kenceng.
Wayang (sa-set wayang sajrone kothak kang
isine: Wayang simpingan, wayang
dhudhahan, wayang ricikan).
Wayang simpingan : wayang sing ditata dicacak ing
debog sebelah kiwa-tengen dhalang kanthi urut
manut wujud lan ukuran.
Wayang dhudhahan : wayang sing disiyapake njero
kothak utawa sadhuwure tutup kothak kang wis
siyap digelaraken dhalang (dewa, rasaksa, Kurawa,
Pandhita, Prajurit Kera/ Wanara, panakawan,
dhagelan.)
Wayang Ricikan : wayang sing wujude dudu
manungsa (hewan, kereta, barisan (ramppogan),
senjata (gamanan), lsp.)
Ubarampe kang digunakake ing pagelaran wayang nduweni
perlambang dhewe-dhewe., kayata :
- Wayang mralambangake manungsa
- Kelir mralambangake langit
- Debog mralambangake bumi
- Blencong mralambangake srengenge,mbulan, lintang
- Gamelan mralambangake kebutuhane manungsa
(sandhang,pangan, papan)
- Kothak mralambangake sangkan paran
- Gunungan mralambangake urip
- Cempala mralambangake jantung
- Kepyak mralambangake lakuning getih
1. Catur
Catur kaperang dadi Janturan, Pocapan, Gineman lan
Antawacana. Kagunane nggawe lakon, nggambarake
karakter paraga (pocapan-swasana batin), nggambarake
dredah/ konflik/ masalah paraga (konflik-penyelesaian).
Janturan-Pocapan menehi gegambaran bab setting
panggonan, swasana, sarta deskripsi kedadeyan (uwis,
lagi ana, lan utawa arep kedaden)
Ginem-Dialog-Percakapan nggambaraken karakter paraga
sajrone crita wiwit anane masalah - dredah/ konflik –
nganti ing rerampungane/ penyelesaian.
Antawacana sawijining teknik penyuaraan kanggo
mbedakaken swara tokoh ing maneka karakter kanthi
maneka swasana batin sarta dadi teknik kanggo
nywarakaken janturan/ pocapan.
2. Sabet
Sekabehe polatan/ gerak wayang ing panggung (kayata: cepengan,
tancepan, bedholan, entas-entasan, lan solah) berperan
memvusialisasikan kehadiran (penampilan) tokoh dengan berbagai
karakter dan situasi batiniah dalam serentetan peristiwa dari awal
sampai akhir.
3. Karawitan
Istilah karawitan pedalanan terdiri atas: gendhing, tembang,
sulukan, kombangan, dan dhodhogan/ keprakan. Penyajian
karawitan pedalangan dimulai dari patalon sapai tancep kayon.
Peran karawitan pedalangan adalah:
-Membentuk suasana yang belum terbentuk oleh catur/ sabet.
Gendhing ayak-ayak, (sebelum memulai pakeliran), gendhing
Jejeran (sebelum bedhol kayon menjelang jejer) Pathet Kedu
(sehabis budhalan), Pathet Sanga Wantah (saat setelah perang
gagal).
- mendukung/ memantapkan suasana yang dibangun oleh catur/
sabet.
Tanggap ing sasmita (Empati)
Saben titah kang urip ing Jagad iki kudu duwe sikep Empati marang
pepadhane (manungsa, tanduran, sato kewan, lan alam)
Jujur
Paraga Yusdhistira kang kondhang duwe getih putih amarga saking duwe
sipat jujur lang linuwih saka titah liyane.
Mad-sinamadan (Saling menghargai)
Nalika Sang Guru Durna maju ing palagan Bharatayuda, ora ana Pandawa
kang wani ngadhepi amarga ngurmati yen piyambake iku Gurune Pandawa
dhewe.
Tanggung jawab
Nalika Sang Bima/ Werkudara kautus ngupadi Kayu Gung Susuhing Angin
kang tundhone/ mapane ora cetha papan dununge. Nanging amarga rasa
tanggung jawabe, apa kang dumadi bakal dilakoni.
Keadilan
salah siji saka sifate Geni ing ngelmu Hastha Brata (8sipat manungsa).
Manungsa tansah bisa nimbang emban cindhe emban siladan.
Ngabdi mring Nagara (Loyal pada Negara)
Critane Raden Kumbakarna kang gugur mbela negarane lan ora merga
mbelani kulawargane.

Anda mungkin juga menyukai