Menyang kontèn

Bakso

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bakso
Bakso kang disuguhaké nganggo bihun lan pangsit goreng
Ajanganmangan utama
Panggonan asalCina
Hawa ajanganpanas
Woworan pokokdaging dicampur glepung
Buku masakan: Bakso  Médhia: Bakso
Barkas:Indonésian travelling meatball vendor on bike.jpg
Pedagang Bakso keliling.
Bakso Malang.

Bakso utawa baxo[1] iku panganan Indonésia. Bakso iku rupané awujud daging sing dicampur glepung kanji sithik lan diwangun bundher-bundher.[2]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Bakso iku asalé saka basa Cina kang kasusun saka rong tembung, yaiku bak lan so.[2] Bak tegesé daging babi, déné so tegesé mi lan sop.[2] Ing Indonésia dhéwé daging babi diganti nganggo daging sapi, nanging tetep diarani bak.[2] Carita ngenani bakso ana wiwit abad 17, nalika pungkasané Dinasti Ming.[3] Ing sawijining désa ing Fuzhou ana priya jenengé Meng Bo kang banget ngabekti mring ibuné.[3] Nalika ibuné tuwa, dhèwèké nggawé daging giling kang digodhog kanggo ibuné amarga ibuné seneng dhahar daging.[3] Bakso iki rasané jebul énak lan tangga teparoné padha ngerti banjur njaluk tulung supaya diajari nggawé.[3] Wiwit saka iku bakso kawentar tekan ngendi-endi.[3].

Bakso lumrahé digawé saka daging lan uga ana kang diisi daging kang wis dialusaké.[4] Nanging saliyané iku ana uga bakso kang diisi lombok rawit.[4] Bakso iki diarani bakso mercon.[4] Diarani bakso mercon amarga rasané kang pedes amarga lombok rawit.[4] Ana uga bakso coklat, yaiku bakso kang diisi coklat.[4] Saliyané iku ana uga bakso buah, bakso buah yaiku bakso kang diisi buah, kaya ta nanas, stroberi, tomat.[4] Kéju uga bisa dadi isi bakso, lumrahé diarani bakso kéju.[4] Supaya rasané bisa nyampur, buah kang wis dikethok kothak cilik-cilik bisa disisipaké ing bakso kang satengah mateng.[4] Bakso banjur digodhog manèh nganti mateng.[4]

Bakso kotak yaiku bakso kang dhapuré kotak utawa pasagi empat.[5] Bakso kotak bahané kaya bakso bunder biyasa, nanging dhapuré digawé kotak.[5] Bakso kothak idéné éntuk saka program komputer kang diarani Auto-Cad.[5] Yèn bakso bunder digawé bunder-bunder nganggo tangan, bakso coklat diwangun nganggo cithakan dhéwé.[5] Bakso kothak duwé ukuran kurang luwih 5x2x2 cm.[5]

Bakso ing nagara-nagara liya

[besut | besut sumber]

Bakso utawa misuwur nganggo jeneng meatball nduwé jeneng lan cara anggoné nyuguhaké kang séjé ing saben-saben nagara.[2]

  1. Indonésia. Bakso padatan disuguhaké ing wadhah mangkok kaya sup, nganggo mi, tahu, endhog, siomay.[2]
  2. Ing Afganistan, bakso dianggo minangka panganan tradhisional karo sop gawéan omah.[2]
  3. Albania. Bakso iku digoréng (Qofte të fërguara).[2]
  4. Bèlgi. Bakso diarani ballekes utawa bouletten ing Flanders lan Brussels, lan boulettes utawa boulets ing Wallonia.[2] Padatan disuguhaké karo saos tomat utawa saos sambel, lan kenthang goréng, krokèt kenthang (kenthang croquettes) utawa kenthang kukus (steamed potatoes).
  5. Portugal lan Brazil. Bakso diarani almôndegas lan padatan digoreng lan disuguhaké bebarengan karo spaghetti.[2]
  6. Cina. Bakso kang paling kerep digawé iku saka daging babi lan padatan digodhog (kadhang ditambahi kecap).[2]
  7. Dhénemarken. Bakso misuwur kanthi jeneng frikadeller lan padatan digorèng, digawé saka daging sapi, babi, bawang, endhog, uyah, lan mrica diwangun kaya bal.[2]
  8. Jerman. Bakso diarani Frikadellen utawa Fleischpflanzerl utawa Fleischküchle.[2] Kang paling misuwur yaiku bakso Jerman Königsberger Klopse kang isiné anchovy utawa gerèh lan dipangan nganggo saos caper.[2]
  9. Ostenrik. Bakso gorèng diarani Fleischlaibchen utawa Fleischlaberl.[2]

Bahan nggawé bakso

[besut | besut sumber]

Bakso bisa digawé saka bahan-bahan kaya ta daging sapi, iwak (iwak kang dagingé putih kaya ta tengiri, kakap, kerapu, tuna, utawa iwak gabus), urang, unus (nus), lan iwak pitik.[6] Jenengé bakso lumrahé padha kaya daging kang dadi bahané.[6] Umpamané bakso kang digawé saka iwak, diarani bakso iwak, bakso kang digawé saka sapi diarani bakso sapi, bakso kang diiséni buah, diarani bakso buah, lan liya-liyané.[6]

Kaséhatan

[besut | besut sumber]

Yèn nggawé bakso ana uga kang dicampur karo boraks utawa bleng.[7] Gunané kanggo nggawé bakso luwih kenyal kaya daging lan luwih awét.[7] Iki ndadèkaké bakso tau dianggep panganan kang kurang aman karo BPOM.[7] BPOM ngélingaké yèn ngonsumsi jajanan kang ngandhut boraks kang akèh nganti 5 nganti 10 taun bisa ngundhakaké resiko lelara kanker hati.[8] Mulané bakso kang didol ing pasar tradhisional lan pasar swalayan diwajibké bébas boraks.[8]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Cara panulisan sing kerep ditemoni ing tlatah Semarang
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r Bakso Archived 2011-05-16 at the Wayback Machine. (diaksès tanggal 13 Maret 2011)
  3. a b c d e Sejarah Bakso Archived 2011-02-28 at the Wayback Machine. (dipunundhuh 13 Maret 2011)
  4. a b c d e f g h i http://berita.liputan6.com/(dipunundhuh tanggal 9 Mèi 2011)
  5. a b c d e http://www.republika.co.id/(dipunundhuh tanggal 9 Mèi 2011)
  6. a b c http://bos.fkip.uns.ac.id/[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 9 Mèi 2011)
  7. a b c Boraks Ada dalam Makanan Kita, Suara Merdeka http://www.suaramerdeka.com/(dipunundhuh tanggal 9 Mèi 2011)
  8. a b [cite web|url=http://www.suaramerdeka.com/English/index.php?page=infodtl&InfoID=8&dtl=1%7Ctitle=Watch Out For The Food We Consume|last=Staff writer|year=2006|publisher=Directorate of Consumer Protection, Jakarta, Indonésia|accessdate=2009-02-10 http://www.suaramerdeka.com/](dipunundhuh tanggal 9 Mèi)