Prastawa
Prastawa iku ing jaman saiki asring dianggo kanthi teges kaya déné tegesing tembung peristiwa ing basa Indonésia. Malah ing kéné bisa diarani yèn tembung prastawa kuwi saiki dianggo nggantèni tembung peristiwa. Upamané, ing tetembungan prastawa perang Iraq Ian Iran ing wektu kepungkur, prastawa 10 November 1945 ing Surabaya, prastawa udan awu dina Jumuwah Legi taun 1951, prastawa tibané montor mabur ing Deli Serdang kang nggawa kurban 234 wong, Ian sapituruté. Prastawa ing tetembungan iki mau bisa ditegesi “kedadean”, “kedadean kang dudu sabaéné”, “kedadean kang nyata (kelakon) temenan”, “bab”, utawa “prakara (apa-apa kang kelakon)”.
Panganggo
[besut | besut sumber]Ana panganggep yèn panganggoné tembung prastawa kanthi teges kaya ngono mau ora bener utawa ora pener. Panganggep utawa panemu iki ana dhasaré, ya iku bausastra utawa kamus. Ing sawetara bausastra utawa kamus Jawa, kaya ta kamus anggitane C.F. Winter, J.F.C. Gericke, T. Roorda, R.Ng. Pradjapoestaka (Ki Padmasoesastra), S. Prawiroatmodjo, Ian W.J.S. Poerwadarminta, tembung prastawa kang mengku teges kaya kang wus kasebut mau ora ana. Tembung prastawa ing sajroné kamus mau ditegesi “awas”, “waspada”, “waskitha”, “wicaksana”, “padhang trawangan”, lan “sebab mula”. Upamané, ing Baoesastra Djawa anggitane W.J.S. Poerwadarminta, tembung prastawa ditegesi “waspada”,”waskitha”: diprastawakake lan diwaspadakake.
Satemené, tembung prastawa kuwi dudu tembung anyar. Tembung mau ing basa Jawa Kuna wis ana. Tembung prastawa asalé saka basa Sangsekerta, saka wod stu oleh wuwuhan pra-. Miturut paramasastra Sangsekerta, wod stu kuwi bisa dadi stuté, stuta, stutva, stuyaté, Ian sapituruté. Tembung astuti, astawa kang banjur bisa dadi pangastuti Ian pangastawa kang ateges “pamuji”, “pangaIem”, lan “pangabekti” iku yèn ditlusur asalé saka wod stu. Semono uga, tembung pangèstu kang ateges “berkah” utawa “pamuji”, lan “pandonga” asalé ya saka wod stu. Wod stu sing olèh wuwuhan pra- mau sabanjuré bisa dadi tembung prastawa (mriksanana, upamané A Sanskrit Reader anggitané C.R. Lanman). Déné, tembung prastawa iku mengku teges werna-werna, kaya ta:
- Kidung pamuji (kidung kanggo memuji) lan kidung pujian.
- Sabab, jaIaran, lan Iantaran.
- Lajering rembug lan Iajering prakara.
- Wektu kang trep (pas).
- Purwaka lan kawitan.
- Kadadéan.
Ing kéné, cetha yèn tembung prastawa kang tegesé padha karo tembung peristiwa, ya iku “kedadéan” Ian sapituruté kaya kang kasebut mau pancèn ana. Mung waé, teges utawa makna “kedadéan” tumrap tembung prastawa kuwi tau dilalèkaké. Malah tembung prastawa kang tegesé “waspada” utawa “waskitha” uga wis mèh dilalèkaké. Nyatané, ing jaman saiki ora tau keprungu tetembungan, upamané sing prastawa, dalané ramé banget; kula lan panjenengan sadaya kedah prastawa, ampun ngantos “anut grubyug ora ngerti rembug”, Ian sapituruté.
Owah gingsiring
[besut | besut sumber]Mulur mungkred utawa owah gingsiring tegesé tembung kaya kang dumadi ing tembung prastawa iku wis lumrah ing basa apa waé. Dadi, panganggoné tembung prastawa kanthi teges kaya tegesing tembung peristiwa ing basa Indonésia kuwi ora luput, ora klèru, Ian ora gawé ruginé basa Jawa. Kajaba panganggoné tembung kaya mangkono mau kanthi gegaran kang gumathok (tembung) prastawa kanthi teges “kedadean” kuwi pancen ana wiwit ing basa Jawa Kuna), bab iki malah bisa ndadèkaké basa Jawa saya luwih cancingan lan ora kaku. Upamané, supaya ora njuwarèhi, tembung prastawa Ian tembung kedadéan banjur bisa dianggo bebarengan kanthi pilah. Contoné:
Ing prastawa mau ana kedadéan kang ora tinemu ing nalar.
Upama emoh nganggo tembung prastawa, ukara iki rak banjur dadi:
Ing kedadéan mau ana kedadéan kang ora tinemu ing nalar (njuwarèhi).
Utawa:
Ing kedadéan mau ana kahanan kang ora tinemu ing nalar (wis beda surasané).[1]
Uga delengen
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. kc. 7–9. ISBN 978-979-1854-05-4.