Menyang kontèn

Réka anyar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Thomas Édison karo fonograf ing pungkasan taun 1870-an. Édison minangka salah sawijining pangréka anyar kang paling gumrayah ing sujarah, anyekel 1.093 patèn AS atas jenengé.

Réka anyar utawa inovasi yaiku palaksanan praktis saka gagasan kang angasilaké panepungan barang utawa jasa anyar utawa pamiapikan ing panawan barang utawa jasa.[1] ISO TC 279 ing baku ISO 56000:2020 andhéfinisèkaké réka anyar minangka "maujud anyar utawa kang angowah, kang amujudaké utawa anyebaraké manèh aji".[2] Liyané duwé dhéfinisi kang abéda. Unsur umum ing dhéfinisi kasebut yaiku peleng ing kanyaran, pamiapikan, lan panyebaran gagasan utawa tèknologi.

Réka anyar asring dumadi liwat pangembangan prodhuk, prosès, jasa, tèknologi, karya kagunan[3], utawa modhèl usaha kang luwih mandi kang dicawisaké déning para pangréka anyar marang pasar, pamrèntah, lan bebrayan.

Réka anyar gagandhèngan karo, nanging ora padha karo réka cipta.[4] Réka anyar iku luwih condhong anggubedaké palaksanan praktis saka sawijining réka cipta (yaiku kabisan anyar utawa kang dipiapikaké) kanggo adhampak kang migunani ing pasar utawa bebrayan,[5] lan ora kabèh réka anyar ambutuhaké réka cipta anyar.[6]

Réka anyar tèhnis asring diwujudaké liwat prosès réka yasa nalika masalah kang dipecahaké asipat tèhnis utawa èlmiah. Kosok baliné inovasi utawa réka anyar yaiku èksnovasi utawa pangandhegan réka anyar.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Schumpeter, Joseph A., 1883–1950 (1983). The theory of economic development: an inquiry into profits, capital, credit, interest, and the business cycle. Opie, Redvers,, Elliott, John E. New Brunswick, New Jersey. ISBN 0-87855-698-2. OCLC 8493721.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  2. "ISO 56000:2020(en)Innovation management — Fundamentals and vocabulary". ISO. 2020.
  3. Lijster, Thijs, èd. (2018). The Future of the New: Artistic Innovation in Times of Social Acceleration. Arts in society. Valiz. ISBN 978-94-92095-58-9. Dibukak ing 10 Sèptèmber 2020.
  4. Bhasin, Kim (2 April 2012). "This Is The Difference Between 'Invention' And 'Innovation'". Business Insider.
  5. "What's the Difference Between Invention and Innovation?", Forbes, 10 Sèptèmber 2015
  6. Schumpeter, Joseph Alois (1939). Business Cycles. Vol. 1. kc. 84. Innovation is possible without anything we should identify as invention, and invention does not necessarily induce innovation.

Wacan saterusé

[besut | besut sumber]

Cithakan:Réka cipta Cithakan:Pasinaon èlmu lan tèknologi Cithakan:Indhustri