Wayang X
Wayang X
Pangertene Wayang
Wayang iku sawijining tontonan kang wis sumrambah ana
ing Nuswantara (Indonesia). Rikala taun 2004 wayang
ditetepake minangka warisan dunia dening UNESCO,
kanthi mangkono wayang bisa dipirsani dening manungsa
sajagad lan dipatenake minangka kesenian darbeke
Indonesia. Sajroning pagelaran wayang sedalu natas iku
ngandhut tontonan, tuntunan, lan tatanan kang
mujudake wewayangan uriping manungsa ing alam donya.
Ing jagading pewayangan tinemu sakehing kagunan kang
endah lan edi peni. Endah, amarga manawa kadulu
(dilihat) bisa agawe reseping ati. Edi peni, amarga bisa
kanggo sarana ngalusake budi pekerti.
B. Jinis-jinise Wayang
1) Wayang Purwa: nyritakake lakon-lakon wayang saka kitab Ramayana lan
Mahabharata.
2) Wayang Madya: nyritakake lakon wayang saka Parikesit nganti Jayabaya.
3) Wayang Gedhog: nyritakake lakon wayang saka crita Panji.
4) Wayang Klithik (Wayang krucil): nyritakake lakon jaman kraton Pajajaran nganti
Majapait, Prabu Brawijaya pungkasan, kang kondhang lakon Damarwulan-
Menakjingga.
5) Wayang Menak: nyritakake lakon crita saka tanah Arab, kayadene: Menak
Sarehas, Menak Dhemis, Menak Ambyah, lsp.
6) Wayang Suluh: nyritakake werna-werna lakon kanggo menehi sesuluh agama
(biasane kaum Nasrani).
7) Wayang Kancil: nyritakake crita kewan, yaiku dongeng kancil.
8) Wayang Golek: nyritakake lakon wayang kang ana ing kitab Mahabharata, adate
ana ing tataran Sundha Jawa Kulon.
9) Wayang Wong: nyritakake lakon wayang kang kajupuk saka kitab Ramayana lan
Mahabharata, kang diparagakake dening wong.
10) Wayang Beber: crita wayang kang kajupuk saka crita Panji kang awujud gambar-
gambar ing kain mori kang kabeber banjur dicritakake.
11) Wayang Potehi: wayang kang wujude golekan (boneka) kang dicritakake ngenani
Dewa-dewa mitologi bangsa Cina.
C. Lakone Wayang
Lakon wayang, yaiku crita kang bakal dipentasake
(diandharake) dening ki dhalang. Crita wayang
tuladhane kaya: